Kates, Jeruk, Tomat Ian Jambu Abang

Pranyata maneka woh-wohan kang gampang diprangguli ngandhut vitamin lan mineral kang migunani, mligine vitamin C. Mula saka iku prayoga saben dina nyawisake woh-wohan kanggo dhaharan kulawarga. Ora perlu woh-wohan impor kang larang regane, woh-wohan lokal kang regane bisa kagayuh, kandhutan gisine uga ora kalah.

Dhahar jeruk sedina kaping pindho, tetela bisa kanggo ngawekani influenza, nyuda kolesterol, nggempur watu ginjel, lan uga ngawekani lelara kanker usus. Kates lan jambu abang kondhang minangka rajaning vitamin C. Jambu abang uga akeh ngandhut serat pangan, satemah kanthi dhahar jambu abang bisa kanggo nglancarake nalika bebuwang. Kejaba vitamin C, kates lan tomat uga ngandhut karoten kang becik kanggo nutrisi lan kasarasaning mripat.

Description: Kates, Jeruk, Tomat Ian Jambu Abang, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Kates, Jeruk, Tomat Ian Jambu Abang
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link