Madu

Wong tuwa biyen asring piweling supaya tansah nyawisake madu ing dhapur, kanggo kabutuhan masak utawa kanggo jejamu. Menawa ditlusur, piweling mau pancen akeh benere, awit pancen madu iku akeh pigunane.

Nalika lagi rerateng utawa masak, tanpa sengaja tangan nyenggol waja kang panas utawa kena pletikan mawa satemah njalari dadi tatu amarga barang panas. Menawa ing dhapur tansah cumawis madu, tatu anyar mau bisa tumuli dioseri nganggo madu. Madu mbabar rasa anyep, nyuda rasa lara sarta cepet nyarasake tatu tanpa ninggal tilas koreng. Madu bisa kanggo gantine salep utawa antibiotic, jalaran arang mikrobia kang bisa urip lan ngrembaka sajroning madu, awit madu mujudake cairan kang pekat utawa kenthel. Bab iki njalari mikrobia utawa bakteri kang kecernplung sajroning madu bisa mati amarga dehidrasi utawa kekurangan banyu.

Madu uga bisa kanggo sulihing gula pasir. Kejaba glukosa, madu uga ngandhut maneka vitamin, mineral, asam amino lan zat gizi liyane. Mula becik ngganti gula pasir nganggo madu, jalaran kejaba kalorine, zat gizi kang kinandhut gula pasir uga ora pepak. Madu uga bisa kanggo tamba irung buntet. Carane, mundhut madu sesendhok dhahar, banjur dilarutake ing banyu panas sabaskom. Sumebe banyu panas mau banjur kanggo sauna. Carane nganglungake sirah ing sanduwure baskom mau, kanthi krukuban andhuk. Istingarah irung buntet banjur pulih dadi Along maneh.

Description: Madu, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Madu
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link