Babaring Kahanane Kuku Jempol lan Driji tangan

A. Aran lan watake Kuku Jempol
1. Benggala Akik. Iku arane jempol kang gedhe, kukune nonjol lan atos. Watake: wani, kendel, gedhe nafsu birahine, engga kerep rabi lan kerep pegatan. Uripe bisa becik, yen nyambut gawe marang wong liya. Nanging wong iku seneng bebas, nyambut gawe dhewe lan gemang kaiket.
2. Wadhungan. Arane jempol kang gedhe, kukune kandel lan pucuke amba. Mratandhani yen wong iku kasar panggaweyane, seneng ing panggonan sepi (desa, pegunungan). Lan ora cocog marang gaweyan alus.
3. Tiganan. Arane jempol kang rada bunder, kukune alus, warna putih rada abang. Mratandhani wong iku alus solah-tingkahe, pinter macak sarta awet enom.
4. Kawibawan. Arane jempol kang sedhengan, kuku pesagi warna abang. Mratandhani wong iku tliti ing gawe, akeh srawunge, sarta dhuwur drajate.
5. Gundhukmanik. Arane jempol kang kukune cilik lan nemplek ing daging. Mratandhani yen wong iku pinter nanging ora kuwat nampa drajat.
6. Kalakonang. Arane jempol kang kukune bunder, cilik, lan nonjol metu. Mratandhani yen wong iku keras watake, nanging sering bingung, yen duwe karep kesusu, lan ora dipikir mateng.
7. Pesagen. Arane jempol kang bujel lan kukune pesagi. Mratandhani yen wong iku uga bujel atine, tanpa kapinteran, lan ora nduweni drajat.
8. Ombaktirta. Arane jempol kang mliyak-mliyuk. Mratandhani yen wong iku watake brandhalan, kakehan akal, sembrana, yen nyambutgawe sakepenake dhewe.
9. Pamenang. Arane jempol kang kukune kandel lan mlengkung banget balunge. Mratandhani yen wong iku watake wani, nanging boros, wani rekasa, nangingseneng ngabotohan. Yen nuruti hawa-nepsune bisa cilaka.
10. Ariyan. Arane jempol kang rada bunder, kukune warna putih kemeleng. Mratandhani yen wong iku watake pinter ing pakaryan, sarta bisa njaga tingkah-lakurie.
11. Kencana. Arane jempol kang jejeg, kenceng lan dawa. Mratandhani yen wong iku keras, teguh, lan cukat ing samubarang gawe.
12. Sengkala Angin, Arane jempol kang kandel pucuke, lan kukune cilik mapan ing tengah-tengah. Mratandhani yen wong iku asring was-was, kaweden, bingungan. Ing salawase urip pangkate cendhek.

B. Babaring kahanane kuku driji tangan
1. Kuku driji kang dawane kebangeten lan warnane pucet. Mratandhani yen wong iku ngelmune muluk-muluk (teoritis) nanging kurang praktek, nganti kerep ngalamunake ilmune, sarta rada kesed, nanging yen nemu parigawe asring mangu-mangu.
2. Kuku driji kang sedhengan, warna putih rada abang. Mratandhani yen wong iku becik ing pakaryan, resikan, lan duweni rasa paseduluran kang gedhe.
3. Kuku driji kang cendhak, pesagi, tur tatar (rata). Mratandhani yen wong iku cilik wibawane, rada klemak-klemek, angel srawung, angel sugih, cendhek kawruhe.
4. Kuku driji kang langsing. Mratandhani yen wong iku alus watake, nanging sering was-was, gampang antuk kacilakan. Kurang kawibawan. ,
5. Kuku driji kang dawa, bunder, warna kuning. Mratandhani yen wong iku jujur, sabar, pinter, sarta dhuwur drajate, lan bisa urip mulya kayo anak bojone.
6. Kuku driji kang lancip mangisor, utawa kaya wiji timun. Mratandhani yen wong iku asring was-was, bodho, gampang kaget, gampangkena lelara, ora kuwat rekasa.
7. Kuku driji kang lancip pucuke nanginggedhe lan kandel. Mratandhani yen wong iku keras wateke, ora tetep papane, seneng rabi lan seneng lungs adoh.
8. Kuku driji pesagi, lan sisih ngisor rada tancip. Mratandhani yen wong iku ora duwe kawibawan, bodho, pangkate cilik.
9. Kuku driji gedhe lan akeh garise. Mratandhani yen wong iku susah lan tampa bebaya. Nanging garis mau ora salawase katon ing kuku. Mula manawa garis mau wis ilang, lan kukune katon resik, mratandhani yen bakal antuk berkah.
10. Kuku driji kang akeh serate. Mratandhani yen wong iku kerep nemu kesusahan, adoh saka sanak sedulur, bisa coati ing ngendi pagan.
11. Kuku driji kang memper kikir. Mratandhani yen wong iku bakal antuk alangan gedhe, utawa kacilakan.
12. Kuku driji kang akeh pleg utawa titik-titike ing sisih ngisor. Mratandhani yen wong iku lagi ana ing sajroning bebaya gedhe, kang bisa uga tekan ing tiwase.

Mangkono bab babaring kahanane kuku jempol lan driji tangan kaya kang kapethik saka "Kitan Primbon Bektijamal Adammakna" babon asli kagungan dalem Raden Hadipati Danureja VI iya Kangjeng Pangeran Harya (KPH) Tjakraningrat, kang rinumpaka Bening warise asma RW Soembogo. KPH Tjakraningrat iku kapetung bangsa luhur gedhe tarak-bratane lan banget migatekake marang kasusastran Jawa iya kawruh kapujanggan. Buku seratan liyane kayata: Kitab Adammakna, Serat Anglingdarma, Pakem Ringgit Gedhog, Babad Dhaka Kedhiri, Babad Kebumen, Babad Mataram, Bedhahing Pajajaran, Babon Jangka Jayabaya (31 jilid), Sruni, Spei, Jalasutra. lsp.

[ sumber: DL XXXIX-26 ]

Description: Babaring Kahanane Kuku Jempol lan Driji tangan, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Babaring Kahanane Kuku Jempol lan Driji tangan
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link