Sing Sepi Resepana, Suwunen Sawabe...

“Yen sepi resepana, senajan sepa sapanen, suwunen sawabe dimen antuk kasusantane Sang Taya".

Pitutur luhur asung wewarah supados kula jengandika saged ngreksa suwung utawi kasepen, sinaosa sepen boten wonten artinipun ananging menawi dipunlampahi kanthi teteg teguh puguh, sarta keyakinan ingkang kandel bakal paring kekiyatan ingkang ngedap-edapi. Punika makna ukara wau. Pramila umumipun tiyang Jawi duk ing uni asring tlusap-tlusup turut trantamaning ratri, cukla-cukli bremara sandi, ngisep sarining tawang. Tiyang Jawi pitados bilih wonten ing tidheming dalu punika wonten kekiyatan ingkang ngedap-edapi pramila lajeng dipunsebat dalu keprihatosan, lumantar lampah ziarah ing donya kanthi mawas dhiri.

Mawas dhiri dipun arahaken dhateng pangganthaning gesang ingkang dipunajeng-ajeng kadosdene para leluhur Jawi rumiyin ingkang ngaken Jawi kedah saged mapanaken dhiri pribadi minangka Sepuh. Tegesipun gesangipun tansah ngengidung pepujan jati, bisa sepi ing nepsu, nglenggahi sepi ing kewuh. Sumaruna sepi ing pamrih. Karana wus karenan lerem ing reh rahayu. Gesangipun hanamung kangge kekidungan bab-bab kerohanen injih punika bab-bab lampah leres lan laras, tebih saking nafsu amarah, lan boten nate wedi ing kewuh. Dipun tambah malih gada pepinginan ingkang tlonjongipun hanamung kangge hamengku-memangkat sesamining gesang. Karana sampun remen lan rila ngawula sesamining gesang, kagem karahayoning lampah gesang. Sedaya punika ancasipun namung kagem ngupados saenipun nasib sarta gesang generasi anem salajengipun. Turune janma arif, kalamun melek darbe melik, melok-melok harsa muluk. Dene turune awara tapa tansah ngupadi wasita adi tetep dadi tepa tuladha". Tegesipun, bilih turuning manungsa ingkang ngoyak kadonyan, ing pundi kemawon pikiranipun namung kebak ing pangan lan donya brana. Dene turunipun jalma arif, inggih tiyang ingkang wicaksana gesangipun tansah nengenakan tepa palupi ingkang sae, kadosta lampah kautamen lan tansah nengenakan dados tepa tuladhanipun masarakat ageng.

Dados sejatosipun bab-bab ing­kang magepokan kalihan lampah tirakat lan semedi panci radi aneh tumraping talinganipun tiyang-tiyang ingkang boten nggadhahi latar kabudayan Jawi. Hanamung boten ateges menawi tiyang Jawi nglampahi lampah tirakat, lampah keprihatosan punika sampun ngantos dipunsebat kirang gawean. Karana tradisi punika sapunika timbul malih laras kalihan suwasana masarakat ingkang langkung reflektif amargi tansah kinepung dening bebendu alam, sarta bebendu politik ingkang matumpa-tumpa. Kadospundi ngadhepi sedaya punika tanpa sikep mawas dhiri. Manungsa lajeng enget dhateng sesanggemaning gesang ingkang sejatos ingkang namung nanem wit jatos, pepindhanipun, tegesipun namung aweh bukti kesaenan dhateng sesamining gesang. Menawi wonten ingkang kersa nutupi babahan hawa sanga, samadi, muhung mahaseng asepi, umumipun lajeng kontak batos kalihan ingkang Kagungan Gesang, injih Gusti Allah piyambak.

Tiyang Jawi kanthi sikep reflektifipun lajeng ketingal wonten ing lampah keprihatosanipun ingkang ketingal wonten ing madyaning masarakat ingkang dados fenomena sosial. Nutupi babahan hawa sanga, manekung raring kersaning Hyang Widi, mirengaken wisik sarta mirengaken sabdaning alam, lan ombyaking brayat agung lantaran ngoreksi dhiri pribadi sinembuh mangasah mingising budi, sarta memasuh malaning bumi wonten ing pangupados ngreksa bumi kanthi lampah hamemayu hayuning bangsa lan bawana. Tegesipun mengasah budi lan manah, nebihaken tindak dursila angkara murka kagem nglestantunaken bangsa lan donya supados dados kajen lan tambah murwat gesangipun.

Ritual samadi, lan mawas dhiri duk ing uni manungsa Jawi sanget raket kalihan alam. Pramila anggen­ipun paring pepenget para leluhur umumipun lumantar pepindhan kados dene maesa,
nanem endhasing maesa. Sabah, kebo utawi maesa punika ngengetaken bilih kebo punika sato ingkang bodho, lan tansah caket kalihan rereged ingkang kemembeng toya. Kadidene
manungsa ingkang tansah gampil nglampahi salah, lan lali, ingkang pungkasanipun dhawah ing dosa. Ananging sinaosa makaten taksih pinaringan wekdal pamartobat. Tradhisi kirab brata punika sampun kados jamur duk ing uni menawi masarakat ageng ngadhepi bebaya lan bencana. Sedaya punika tlonjongipun namung nyuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi supados bebrayan agung punika tansah sinongsongan payung agung karahayon lan dipuntebihaken saking godha rencananing gesang.

Wonten ing tradhisi lampah ratri cukla-cukli tiyang Jawi dipunengetaken supados tansah kersa mawas dhiri. Mawas dhiri punika saged adamel manungsa dados mardika, mardika saking iketan donya brana, mardika saking sifat miskin lan sifat sugih ingkang kekalihipun sejatosipun akibatipun sami-sami awon. Wonten ing pangertosan punika namung dipun upadi kadipundi supados manungsa saged mapanaken osiking manah ingkang dados sumbering lampah lan tindak ingkang laras kalihan kersaning Allah. Ananging sinaosa makaten lampah tirakat punika boten saged nilaraken lampah ingkang lumrah injih punika adamel tiyang sanes, utaminipun kawula alit remen. Tegesipun manungsa tansah nengenaken aural bukti kesaenan ing alam ingkang kebak dening iming-iming ingkang tundhonipun namung adamel manungsa dhawah ing angkara murka. Dados sing sepi resepana, ngandhut pangertosan 'sepi ing pamrih rame ing gawe'.

Pramila saben wiwitan taun Jawi wulan Sura, badan wadhag utawi sarana perjuangan punika perlu dipun­titipriksa kagem nerasaken ziarahipun manungsa tumuju dhumateng Dhamparing Gusti Allahing Sawegung. Pramila kangge punika dipunbetahaken lampah 'mbudheg mbisu' naliti batin, naliti lan lantip sarta landhep rasa pangrasanipun dhumateng gejala alam lan gejolak masarakat kangge mirengaken wisiking baton, nurani manungsa ingkang paling lebet, supados nalika nindakaken pakaryan boten dhawah ing klentu sarta nerak wewalering gesang. Ing ngriki kakandhut pangertosan ngengingi pengendalian nafsu serakah, kangge sesebatan bilih manungsa punika sajatosipun boten sarwa saged.

Manungsa Jawi sanityasa dipun engetaken supados tansah bisa rumangsa lan sanes rumangsa bisa. Sabah ingkang saged samudayanipun punika hanamung setunggal inggih punika Punjering Gesanging Manungsa ingkang dipunsebat Gusti Allah. Tanga wontenipun ridla saking Gusti Ingkang Akarya Jagad, manungsa boten saged menapa-menapa. Menawi manungsa ngantos gumedhe, temtunipun boten saged ngadhepi kukum alam, bilih satunggaling dinten ing tembe temtu manungsa badhe sowan ing pangayunaning Pangeran, punika boten saged dipunsuwak. Ingkang tansah saged dipuntindaki dening manungsa boten sanes namung waspada lan tansah siyaga, pasrah dhiri, nata ati, nata langkah sarta nyebar ganda arum supados tansah angambar arum wangi ngebaki ing lingkungan gesangipun.

Wonten ing lelampahaning manungsa lampah gesang punika sampun gadhah paugeran ingkang dumeling saking raos laras gendhing ingkang ungelipun, neng, ning, nung, nang, gung. Sedaya punika anamung kangge lantaran supados manungsa nglampahi lelimbangan kanthi permati supados lampah ingkang badhe dipun tempuh sageda slamet teguh rahayu yuwana. Umumipun menawi satunggaling masarakat ageng ngawontenaken mawas dhiri secara mirunggan lajeng sami gelar wayangan. injih lumantar wewarah saking dhalang punika manungsa dipuntuntun madosi jawaban saking prastawa ingkang dipun adhepi salebeting gesang. Pepindhan ingkang timbul inggih punika 'babaring lelakon'.

Dhalang kados dene pepindhan sunaring pepadhang saking Gusti. Kanthi mapanaken sikep-sikep ingkang timbul saking ringgit punika manungsa lajeng saged ngiblat lan nuladha sikep-sikep ingkang sae supados mangkenipun saged manggihaken jalaran sagedipun dipunsebat manungsa ingkang 'sepuh,wutuh lan tangguh'. Tegesipun sepuh dados pepundhen dening putra sarta wayahipun, dados papan kangge nyuwun pirsa bab-bab ingkang magepokan kalihan gesang kanthi bobot, lan kamot ingkang pangganthaning manungsa namung setunggal inggih punika nyawiji dhateng Gusti Ingkang Pinuji. Dene wutuh nggadhahi teges, gesangipun wetah tanpa cacad dening sejarah gesang ingkang kirang trep. Dene Tangguh, sejatosipun ngemot teges. sadangunipun gesang saged mrantasi damel, saged ngronce sesekaring gesang, kadosdene bingah sisah dados reroncening gesang ingkang endah. Pramila wonten pepeling ingkang ungelipun: "Tumetesing kacuwan dadia rerentenging kanugrahan".

[Ki Juru Bangunjiwa]

Description: Sing Sepi Resepana, Suwunen Sawabe..., Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Sing Sepi Resepana, Suwunen Sawabe...
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link