Kahyangan para Dewa

ARANE PANGGONAN LAN BARANG-BARANG KANG ANA ING KAHYANGAN

A. Kahyangan para Dewa

1. Alang-alang Kumitir: Kahyangane Hyang Wenang.
2. Ondar-andir Bawana: Kahyangane Hyang Tunggal.
3. Jonggringsalaka: Kahyangane Bathara Guru.
4. Cakra Kembang: Kahyangane Bathara Kamajaya.
5. Argadumilah: Kahyangane Bathara Yamadipati.
6. Suwela Gringging: Kahyangane Bathara Sambo.
7. Panglawung: Kahyangane Bathara Bayu.
8. Argadahana iya Duksinageni: Kahyangane Bathara Brahma.
9. Untara Segara: Kahyangane Bathara Wisnu.
10. Eka Cakra: Kahyangane Bathara Surya.
11. Sidi Pangudal-udal: Kahyangane Bathara Narada.
12. Mayaretna: Kahyangane Bathara Asmara.
13. Tinjamaya: Kahyangane Bathara Indra.
14. Tejamaya: Kahyangane Bathara Ismaya.
15. Ima-ima Maya: Kahyangane Hyang Darmajaka.
16. Sapta Pratala: Kahyangane Hyang Antaboga.
17. Telenging Samodra: Kahyangane Hyang Baruna
18. Selamangumpeng: Kahyangane Bathara Kala.
19. Setra Gandamayit: Kahyangane Bathari Durga.
20. Jongmeru: Kahyangane Bathara Sakra.
21. Argapura: Kahyangane Bathara Mahadewa.
22. Glugutinatar: Kahyangane Bathara Gana (Ganesa).
23. Sabaluri: Kahyangane Bathara Antaga (Togog).

B. Arane Panggonan lan Barang-barang ing Kahyangan

1. Bale Marcukundha: Palenggahane Hyang Guru nalika miyos siniwaka.
2. Selamatangkep: Lawange Suralaya, dijaga Hyang Cingkarabala lan Hyang Balaupata.
3. Repat Kepanasan: Papan ajang paprangan ing Suralaya.
4. Jamurdwipa: Gunung ing Suralaya.
5. Paparjawarna: Alun-alun ing Suralaya. Mawa wit kalpataru sakembaran, yaiku Dewandaru lan Wijayandaru, tau minangka kembarmayang nalika Raden Janaka dhaup karo Wara Sumbadra.
6. Kawah Candradimuka: Kawahe Gunung Jamurdwipa.
7. Endhut Blegedaba: Lahare Kawah Candradimuka.
8. Lokananta: Gamelan saprangkat ing Swargaloka.
9. Lembu Nandini: Lembu titihane Bathara Guru.
10. Ocesrawa: Jaran sembrani ing Suralaya.
11. Erawata: Gajah ing Suralaya titihane Bathara Indra.
12. Dorandara: Prajurit para dewa.
13. Mandhalasana: Papan suka parisuka para dewa.
14. Nandana: Arane taman ing Suralaya.

Description: Kahyangan para Dewa, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Kahyangan para Dewa
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link