Prabu Browidjojo V lan Keturunane

Sinengkalan "Sirna Ilang Kertaning Bumi" mratelakake yen runtuhing Negara Mojopahit kang tau ngalami jaman keemasan, kedadeyan ing taun 1400 Saka utawa taun 1468 Masehi. Miturut Serat Babad Tanah Jawi, negara Mojopahit luwih-luwih sajrone peprentahan Prabu Browidjojo V katon kuncara ing bumi Nusantara. Jembar wilayah lan jajahane, agung peprentahane, uga wicaksana pepatihe, kang asesilih Patih Gajah Mada. Pribadine Sang Prabu dhewe luhur ing budi, teguh iman lan kapitayane, ngugemi anggone ngrasuk agama Hindu. Disuyuti ing akeh, kacihna saka akehing keturunan kang pinunjul kalungguhane, semonoa saka kehing brayat kang sumebar ing wilayah Nusantara. Nganti puput yuswa ora kepetung pira kehing garwa, ora kurang kang asal saka manca negara.

Miturut Serat Centhini (jilid 3), saka akehing garwa, nuwuhake putra-putri ora kurang saka 101 (satus siji). Nanging kasebut ing Sejarahing para Nata ing Tanah Djawi, kepara luwih akeh maneh, nganti 117 (satus pitulas), kedadeyan saka priya 97 lan wanita 20, ora kasebut kang seda timur utawa durung wanci. Asma-asmane para garwa ampeyan ora kasebutake, kejaba mung prameswari sepuh kang asesilih Retno Andarwati saka negara Cempa lan prameswari anem kang katelah Dyah Wandansari kang uga saka manca, India. Putra pembarep asma Raden Jaka Dilah kang patutan saka Raseksi (?) ora kacetha mungguh asal-usule. Bareng diwasa Raden Jaka Dilah katelah Raden Harya Damar, kawisudha dadi Adipati ing Palembang.

Jalaran saka gedhening lelabuhan marang kang rama lan Negara Raden Jaka Damar kaparingan putri garwa-triman, putri Cina ya garwane Sang Prabu dhewe, kang kala semana wus nggarbini telung wulan. Mula weling wanti-wantine Sang Prabu, putri Cina tilase kang rama kangsesilih Dewi Subanci (mbokmenawa jeneng asline: Shoei Ban Chi - Pen.), sadurunge babaran aja nganti digepok-senggol, apamaneh nganti saresmi. Temenan bareng babaran, putrane miyos kakung kang sabanjure diparingi tetenger Raden Patah/Raden Yusup. Ora suwe garwane Raden Harya Damar dhewe uga banjur babaran miyos kakung nuli kaparingan tetenger Dyah Kusen. Bareng diwasa kekarone banjur padha nge-Jawa, Raden Patah ing tembene dadi Bupati ing negara Terung, asesilih Pecattandha. Nandhang gerah rajasinga, Sang Prabu Browidjojo, kang nalika timur sesilih Raden Jaka Alit/Raden Angkawidjaja uga katelah Pangeran Adipati Anom, rumaos prihatin banget. Dhukun pirang-pirang disowanake, nanging tetep ora bisa ngusadani. Ana ing sawenehing wektu sajrone ngeningake cipta, dumeling ing talingane, supaya Sang Prabu kersa anyareni putri Wandan. Eloking kahanan, mung sepisan was Sang Prabu anggone nyareni putri Wandan, sakala gerahe senggang sanalika. Gancare crita putri Wandan banjur mbobot lan bareng babaran miyos putra kakung lan kaparingan tetenger Bondhan Kejawan.

Dakcuplikake asma-asmane para putra-putrine Sang Prabu kang bisa paring turunan, antuk kalungguhan pinunjul ing tembene sarta mbokmenawa ana crita-critane khusus kang perlu disimak.

1. Raden Jaka Dilah (kaya kasebut ngarep) patutan saka putri Raseksi (?) asesilih Raden Harya Damar, adipati ing Palembang, kaparingan triman putri Cina kang wus nggarbini, tilase Sang Prabu, sabanjure peputra adipati Pecattandha, adipati Terung I, sabanjure peputra adipati Terung II, kasebut uga Kyai Ageng Bodho asesilih Pangeran Djajaprana. (saged mriksani Babad Mataram).
2. Raden Jaka Pekik uga asesilih Raden Harya Jaran Panoleh adipati Sumenep, ibune asal saka Bagelen kasebut Endang Sabiken.
3. Ratu Retno Pembayun uga Sekar Kedhaton, patutan saka putri Cempa, triman diparingake marang Prabu Andayaningrat ing Pengging, kang mengkone peputra Kyai Ageng Tingkir.
4. Raden Jaka Peteng, kasebut Raden Harya Lembu Peteng, kawisudha dadi Adipati Madura, patutan saka putri Cempa.
5. Raden Jaka Maya, kasebut Raden Harya Dewa Kethuk ing Bali.
6. Dewi Manik, katrimakake marang adipati Magelang Raden Harya Sumangsang.
7. Raden Jaka Prabangkara, kabujuk tekan negara Cina, ora bali.
8. Raden Jaka Krewek, kawisudha dadi adipati ing Borneo (Kalimantan). Sultan Brunei Hasanal Bolkiah, nalika sepisan rawuh ing Jakarta, tau ngendikakake yen panjenengane satemene uga kagungan trah Mojopahitan. Yen mengkono, apa Raden Jaka Krewek iki kalebu leluhure Sultan Brunei, nyumanggakake. Jalaran putra Prabu Browidjojo kang kendhang tekan Borneo, (Kalimantan) ya mung siji iki.
9. Raden Jaka Kretek, kasebut Raden Harya Tarunaba kawisudha dadi Adipati ing Makasar.
10. Raden Jaka Surengrana seda ing Alun-alun Mojopahit, dipanah ramane dhewe, Prabu Browidjojo.
11. Raden Jaka Sujalmo, kasebut Adipati Suralegawa Blambangan peputra Pa­ngeran Tawangalun, adipati Blambangan.
12. Retno Bintarum, katrimakake marang Tumenggung Singobarung.
13. Raden Jaka Prabu kasebut uga Raden Kasan, uga Raden Yusup-Raden Patah, adipati ing Bintara Demak (putra saka putri Cina, kasebut ngarep). Bareng jumeneng Nata jejuluk Sultan Syeh Alam Akbar Sirolah Kalapatun Rasyid Amiril Mukminin Alayudin Ngabdul Klaridak, karan Sultan Adil Surya Ngalam ing Demak I. Sultan Demak iki sabanjure peputra 9 (sanga) :
(1). Raden Surya, kasebut Pangeran Adipati Sepuh ing Sabrang Lor jumeneng Sultan Demak 11, anggarwa Ratu Mas Ayu putra-putrane Adipati Ponorogo.
(2). Raden Sangka kasebut Pangeran Adipati Anom ing Sabrang Kulon (katelahe Pangeran Sekar Seda Lepen),
(3). Raden Trengganu jumeneng Sultan Demak III, nggarwa Ratu Mas Ayu putri Adipati Ponorogo, mundhut mantu: Mas Karebet ing nguni katelah Jaka Tingkir (mriksanana angka 3) kang banjur jumeneng nata jejuluk Sultan Hadiwidjaja kang ngedhaton ing Pajang. Mundhut putra angkat Raden Danangjaya kang pemburine katelah Sutawijaya Ngabehi Loring Pasar, uga Kyai Ageng Mataram I.
(4). Ratu Mas Purnamasidhi
(5). Ratu Mas Pumama Wulan
(6). Pangeran Kandhuruhan
(7). Pangeran Pamekasan ing Medura
(8). Raden Jaladara
(9). Pangeran Sekar uga kasebut Pa­ngeran Pamekas.
14. Raden Bondhan Kejawan kang ibune saka Pandhankuning diemong Kyai Buyut ing Pati, uga katelah Kyai Juru Sawah. Bareng wus diwasa diemong Kyai Ageng Tarub I lan asmane ganti Raden Lernbu Peteng, didaupake karo putrine Kyai Ageng Tarub I, kang katelah Retna Nawangsih. Sasedane mara sepuh, ya Kyai Ageng Tarub I, gumanti jeneng dadi Kyai Ageng Tarub II. Kyai AgengTarub II sabanjure nurunake putra 3 (telu) kalebu:
(1).Syeh Abibdullah ing Wonosobo
(2). Syeh Ngabdulah ing Getaspendhawa katelah Kyai Ageng Getaspendhawa.
(3). Rara Kasihan kasebut Nyai Ageng Ngerang.
Bondhan Kejawan akeh tedhak turune kang pinunjul ing Tanah Jawa. Saksedane jasade disarekake ing desa Gejawan, Kecamatan Gamping, Kabupaten Sleman (kurang luwih 2 km saka pasar Gamping mengulon, iring kidul dalan gedhe Yogya-Wates mengidul. Saben-saben dina Jum'at Legi, Jumat Kliwon lan Selasa Kliwon akeh kang pada ziarah. Cungkup joglo kang ngayomi pasareyane antuk sumbangane priyayi Jakarta kang rumangsa kabul penuwune).
15. Retna Kedhaton kacarita seda ngendhat (nglalu) ing Pengging.
16. Retna Kasmala kaceluk Ratu Ayu digarwa Adipati Japan, saksedane kang raka banjur krama maneh antuk Ajar Windusana ing gunung Merbabu.
17. Raden Jaka Mulya katrimakake momong marang Patih Gajahmada salin asma Raden Karolandheyan, bareng diwisudha dadi Bupati kasebut Tumenggung Gajah Permada.
18. Retna Masandi, katrimakake marang Ki Juru Paningrat kang mertapa ing Wukir (gunung) Duk.
19. Retna Malangen katrimakake marang Adipati Lowanu.
20. Retna Setaman katrimakake marang Tumenggung Jaranpanoleh, bupati Gowong.
21. Retna Setapan katrimakake marang Harya Bangah Bupati Kedhu Tam­pingan bawah Pengging, sasedane kang raka banjur krama maneh antuk pendhita ing Gresik.
22. Raden Jaka Pitutur katelah Raden Arakkali, adipati Ponorogo katelah Bathara Katong, peputra 3 (telu):
(1). Panembahan Agung ing Surabaya
(2). Ratu Mas Ayu kagarwa Sultan Demak II
(3). Panembahan Waringin Anom.
23. Raden Gugur patutan saka putri Cempa, bareng musna katelah Sunan Lawu Hargapura.
24. Retna Kanastren katrimakake Syeh Sanil katelah Pangeran Baribin II ing Medura.
25. Retna Kaniraras katrimakake marang Harya Pekik Bupati Sukawati.
26. Panembahan Browidjaja katelah Bondhansurati, seda obong ing alas Sawar Gunungkidul, ninggal putra:
(1). Raden Jaka Guntur
(2). Raden Jaka Umbul kang sabanjure dipundhut mantu Kyai Ageng Wanabaya I, sasedane mara sepuh, nunggak semi mara sepuhe ganti asma Kyai Ageng Wanabaya II ing Mangir.
27. Retna Ambar, katrimakake Harya Patarka Bupati Mojopahit.
28. Retna Kaniraras krama antuk Bupati Harya pekik ing Tampil.
29. Raden Ariwangsa katelah Kyai Ageng Pilang ing Pilang
30. Raden Harya Suwangsa, mertapa ing wit asem Kasebut Kyai Ageng Wotsinom ing Kedhu, nilar putra loro (2)
(1). Kyai Ageng Sleseh ing Kedhu
(2). Nyai Ageng Selamanik
31. Retna Buka Sri, katrimakake marang Harya Bacuk.
32. Raden Jaka Dhadhaung katelah Raden Wangsaprana, sakwise mertapa ganti asma Syeh Bela-belu. Saksedane jasade disarekake ing pegunungan Mancingan, sadhuwure Parangkusuma, pesisir kidul.
41. Raden Jaka Dhobrak kasebut Raden Sarawung uga Pangeran Tatangmalara, peputra: Kyai Ageng Cakradjaja I katelah Susuhunan Geseng ing Krendhetan, putrane asma Raden Jaka Budhuk kase­but Cakradjaja II. Nalika kang rama lagi mancing ing kali amping-ampingan wit nyumurupi yen putrane nginjen. Disepatani kok kaya bedhes (munyuk), salah kedaden dadi kethek gedhe. Jaka Budhuk kadhawuhan tapa nderes krambil lan ora dikeparengake ndhahar sadurunge dadi emas.
44. Raden Jaka Balut uga katelah Kyai Ageng Megatsari utawa Kyai Ageng Wanabaya I ing Mangir, peputra Nyai Ageng Mangir krama antuk Jaka Umbul, kang sabanjure anggentosi mara sepuh.kasebut Kyai Ageng Mangir II.
45. Raden Jaka Lanang karan Raden Nyanyanbagung uga Kyai Ageng Pala, sasedane disarekake ing Selakandha Mentaok. Saiki katelah kampung Sosrokusuman, lor Kepatihan utawa arah saburine Hotel Ibis, Malioboro. Jaman wingi isih akeh kang padha sujarahan, embuh ing saikine.
50. Raden Jaka Lancing, uga katelah Raden Banyak Patra utawa Raden Surengbala, peputra siji kasebut Nyai Ageng Wedhi ing Bagelen.
53. Raden Jaka Semprung uga katelah Raden Tepas, dhedhukuh ing Brosot Kulonprogo tekan sedane.
63. Raden Jaka Bladhu katelah Raden Barat III uga Kyai Ageng Dareksa ing Pedan (Klaten).
74. Raden Jaka Dhandhaer kasebut Kyai Ageng Gara-gaking, bareng seda banjur kasarekake nunggal cungkup kayo rakane , Syeh Bela-belu ing pegunungan sandhuwure Parangkusuma, Pesisir kidul.
75. Raden Jaka Janggring katelah Ra­den Narawita, mertapa ing gunung Beria, Banjarnegara.
78. Raden Jaka Krendha katelah Raden Harya Panulahan, sasedane disarekake ing gunung Grenggeng, Gunungkidul.
80. Raden Jaka Salembar, katelah Raden Panangkilan, bareng seda disarekake ing Kethandan, Ngayojakarta (pinggir Jalan Suryatmajan, sawetane Restoran Nanking, katutupan tembok Kepatihan. Jaman wingi isih sexing disujarahi dening para sing kulina nindakake laku tirakatan.
86. Raden Jaka Embong katelah Raden Astratapa uga Kyai Ageng Wana­palam peputra loro (2) yaiku:
(1). Kyai Ageng Wanapeksa katelahe Syeh Majagung uga Kyai Kintel jalaran sedane gringkel kaya kintel. Disarekake ing Pasareyan Kintelan (Dipowinatan) kidul THR Ngayojakarta.
(2). Kyai Wanasalem kang sabanjure kawisudha dadi Pepatihe Sultan Demak Bintara I.
106 . Raden Gapyak katelah Kyai Ageng Mancungan.
107. Raden Jaka Bodho katelah Kyai Ageng Majasta.
108. Raden Jaka Dhadhak katelah Syeh Kaliatu.
109. Raden Jaka Wajak katelah Syeh Sabukjamur.
110. Raden Jaka Baluwa katelah Syeh Sekardalima.
111. Raden Jaka Sengara katelah Kyai Ageng Ngepring.
117. Raden Jaka Dholog, mertapa ing Pinggir kali Progo ganti asma Resi Bagna, bareng dhedhukuh ing Jatinom katelah Kyai Ageng Tinom (Klaten). Peputra telu:
(1). Nyai Sajen, kagarwa Pangeran Panggung katelah Pangeran Wesi swara, uga pangeran Kriyajiwa.
(2). Wasijiwa uga katelah Kyai Ageng Pangkaknyana
(3). Pangeran Langu, sak sedane disa­rekake ing Tuk Sanga, Kalibawang, Ku­lonprogo.

Cathetan:
Ora kabeh putra-keturunane Prabu Browidjojo V disebutake, luwih-luwih kang ora ana crita keterangan pemburine.


(sumber: DL XXXII-2002  lan wikipedia)

Description: Prabu Browidjojo V lan Keturunane, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Prabu Browidjojo V lan Keturunane
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link