Teh Ijo

Teh ijo yaiku teh kang cara panggawene tanpa langkah fermentasi. Menawa teh ijo sawise digoreng banjur diungkep nganggo kembang melathi, iku kang disebut teh wangi, kaya kang gampang dituku ing warung warung sakiwa tengen. Ngunjuk teh ijo tetela gedhe pigunane. Menawa lagi pinuju ngeteh, ya uwis kareben bocah bocah melu ngicipi mirasane. Saora-orane sedina sacangkir wis cukup. Miturut sawijining panaliten, responder kang remen ngunjuk teh ijo, pembuluh aorta-ne banjur duwe lapisan kang bisa kanggo ngawekani kempeling getih. Bab iki bisa nyuda lelara jantung koroner.

Kejaba saka iku, kanthi sregep ngunjuk teh ijo uga bisa kanggo ngawekani krowak utawa grepesing untu/waja, jalaran teh ijo ngandhut fluoride kang alami. Teh ijo uga bisa kanggo ngawekani lelara gula utawa diabetes. Pholyhenol saka teh ijo bakal mepalangi kridhane enzim amylase, satemah bisa nyuda kadhar gula darah. Menawa gula getih utawa glukosa sajroning getih kadhare dhuwur, bisa njalari lelara diabetes.

Teh ijo uga bisa kanggo mateni bakteri kang mbebayani kayata Clostridia lan E.Coli. Mula kanthi ngunjuk teh ijo bisa kanggo nyuda dumadine keracunan amarga saka dayaning bakteri mau. Miturut sawijining panaliten ing Jepang, kemu nganggo teh ijo uga bisa kanggo nambah kekebalan lan ngawekani lelara influenza lan flu. Wondene panaliten ing Havard University, nuduhake menawa kandhutan kimiawi sajroning teh ijo bisa ngrangsang sel gammadelta T, kang njurung takating badan saka bakteri Ian virus.

Senajanta teh ijo akeh pigunane, nanging uga kudu kedah enget menawa teh uga ngandhut kafein. Menawa anggone ngunjuk kliwat wates, kepara malah bisa njalari tuwuhing insomnia, pangrasa was sumelang, lan keteging jantung ora ajeg. Nanging kandhutan kafein sajroning teh isih kalah akeh menawa katandhingake kafein sajroning kopi utawa unjukan mawa soda liyane.

Description: Teh Ijo, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Teh Ijo
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link