Tuntunan Samadhi

MAKARTI NGANGGE BADAN PIKIR

Kita ngangge badan pikir, tegesipun kita makarti ngangge badan menika. Makarti ngangge badan pikir menika, kadosta: ingkang nama mikir, anggagas, manah, lsp, ingkang badhe kula aturaken ing ngandhap menika pilah-pilahipun:

1. Mikir

Mikir menika kadosta :
a) Madosi kepanggihipun 85 x 85 wonten pinten, menika sarana mikir.
b) Pametu Rp. 8.300,— dipangan wong pitu, sesasi, bisane cukup kepriye? mikir.
c) Anggunggung, nyuda, ngedum (mbage) nangkaraken, inggih sarana mikir.
d) Ngudi sagedipun kadumugen ingkang dados kajeng kula (ingkang kula kepengini) ....mikir.
e) Ngoyak ingkang dados esthi kula, ingkang dados idham-idhaman kula, ingkang dados cita-cita kula, mikir.
f) Lumahing bumi samangke menika kebak wewangunan boten kantenan kathahipun, gontas-gantos sipatipun, kadosta : griya, margi, tetumpakan, lsp, menika sadaya wohing pikir.
Cekakipun: manusa gesang, saking garegah tangi tilem dumugi mangke mapan tilem, tansah memikir.

Prasasat sadaya pakarti kita menika ngangge dipunpikir. Dene ingkang boten dipunpikir menika jalaran sampun apal, sampun dados kabiyasan, kadosta ingkang kawastanan saradan.
Wonten ugi pakarti ingkang dede kabiyasan, dede saradan, lan boten saking apal, nanging boten dipun-pikir rumiyin, menika nama pakarti awur-awuran, nekad, amuta-tuli, ngawur.

Sadaya menika kirang prayogi. Saya ingkang nama anutbyung.
Mikir menika pakarti ingkang mbekta kita dhateng padunungan lan kawontenan kita samangke menika.
Mikir menika kenging kagambar kados dene lampahing kapal ingkang mbekta tetumpakan : ingkang saweg kita turnpaki. Awas:
Yen kapal mbandhang sapurun-purun, tetumpakan saged kacemplung jurang, kita katut !! Mikir menika sarat mutlak tumrap ngagesang.

2. ngGagas

ngGagas menika inggih nunggil misah kemawon kaliyan mikir. Bedanipun :
Ngetang (nggunggung, nyuda, nangkaraken, mara) lan milang (ji, ro, lu, pat, ma, lss) menika dede "nggagas".
Gajih semono, bisane cukup dipangan wong semono, rekane kepriye...? menika inggih dede nggagas malih.
Nanging : lha wong pametu mung semono, dipangan wong semana kehe, kok bisa cukup, kuwi kepriye, to?.... menika kedah dipun gagas. Menawi sampun kepanggil wangsulanipun, kita lajeng wicanten ing salebetipun manah : "Nek tak gagas, Pangeran iku ya adil temenan olehe ngedum rejeki…..!!!

3. Manah (nggalih), nglimbang-nglimbang, ngonceki, ngolak-alik, nggoleki

Menika sadaya sami kaliyan nggagas. Nanging limrahipun kadamel gampil kemawon: sadaya dipunwastani :mikir.
Tiyang saweg main catur (schaken), halma, macanan, ceki, pei, lsp. menika sadaya rak sami ngangkah sagedipun menang, ta ?
Sadangungipun sami main makaten, sepen, boten wonten ingkang gineman, utawi awis sanget ingkang gineman. Menapa sami ngantuk? Sami tilem? Rak boten, ta? Nanging sadaya sami……??
Ing wekdal menika, yen kula rongeh, goreh, boten nyuwiji, pikir kula byang-byangan boten kantenan, boten meleng, boten gekoncentreerd, temtu gampil kawonipun. Makaten ugi, jen nalika main menika kula kinemulan raos gela, benter, kuwatos, muring cekakipun yen sinawung ing raos boten sumeleh, boten tentrem, ……. wee, sampun ngadjeng ajeng badhe menang.
Dados: manah, nggalih, lsp. menika wau lampahipun utawi pakartinipun: kados anggen kita njinggleng ngudi badhe menang main menika wau.

4. Ngeling-eling

Ngeling-eling (ngenget-enget) menika makaten
"Mengko dhisik, priyayi iki kok kaya-kaya aku wis tau kepethuk. Neng ngendi, ya....??
Dados: ngenget-enget menika sami kaliyan madosi menapa¬menapa ingkang sampun sumimpen ing ndalem cipta.
"Jajal pikiren, priyayi iki wis tau kepethuk kowe neng ngendi ?" Ukara makaten menika rak boten sakeca wonten ing pamireng, ta? Boten sakecanipun, awit panganggenipun tembung "pikiren" menika lepat, leresipun "eling-elingen ".
Wong mung panganggone tembung "mikir" wae kok ndadak dirembug. Ngekeh-ekehi gunem. Perkara bener luputing ukara, kepenak utawa ora kepenake neng kuping, mbok ya men, kanggo apa dirembug ??!!
Coba rungokna : guneme sadulur kita ndesa, apa ana ukarane sing netepi parama-sastra ? Ewadene gayeng. Sing perlu kuwi rak olehmu nyurasa.
Lha samangke bab "nyuraos".

5. Nyuraos

Nyuraos, memper nggagas ugi, wonten bedanipun kaliyan mikir.
"Jajal 15 X 8 ana pira, surasanen..!! Ukara makaten menika rak boten leres, ta ?
Samangke para sadherek kula aturi nyuraos piyambak, menapa ingkang dados maksud kula ngaturi keterangan bab lenggahipun tembung "mikir" lsp kados ingkang katur ing ngajeng menikawau.

6. Nyipta

Nyipta menika damel wewujudan (gambar) ing salebeting manah. Damel wewujudan ingkang bakal utawi badhenipun: (a) boten ketingal, (b) ketingal, wohipun nama : Cipta. Sadaya wewujudan sami nggadhahi daya. Wujud sae nggadhahi daya sedhep wonten ing paningal. Wujud awon: sepet wonten ing mripat. Kita sami katuwuhan raos seneng, gembira suka, yen sumerep wewujudan sae ing sakiwa tengen kita. Nanging sedhih, bunek, sepet, yen wewujudan wau boten kantenan. Kaendahan nuwuhaken raos suka. Pramila ing Jagad Raya dipunparingi sekar-sekar endah. Boten namung wewujudan ing kuwadhagan kemawon ingkang nggadhahi daya makaten menika. Wewujudan ing cipta semanten ugi. Cipta nggadahi daya.

DAYANING CIPTA

1. Gedachte-kracht

Para sadherek, manawi panjenengan pirsa wewujudan awon, rak kirang rena, to ? Nanging wewujudan sae saged nggigah raos pirena, kados atur kula ing ngajeng wau. Awit saking menika, kita lajeng sami ngedisarira. Perluni pun namung badhe ngwontenaken wewujudan utawi sesawangan ingkang boten damel sepeting mripat. Dene kok lajeng wonten ingkang kenyut utawi gandrung, makaten menika dede lepatipun ingkang sami ngedi sarira. Kosok-wangsulipun, yen kita sumerep wewujudan awon, saya yen sumerep ingkang ngajrih-ajrihi kita lajeng ketuwuhan raos ingkang boten sakeca.
Dados yen makaten, wewujudan menika nggadhahi daya ingkang tumama (ngengingi) raos (jiwa) kita.

Makaten menika boten namung wewujudan ing kuwadhagan kemawon, kados atur kula ing-nginggil; ingkang alus, ingkang wonten salebeting cipta, ingkang dipun wastani cipta (gedachte

utawi gedachte-beeld) kasebut ing nginggil, ugi makaten.
Kula ambali malih murih saya kiyat atur kula : Cipta nggadhahi daya.
Daya ingkang asal saking cipta dipun-wastani dayaning cipta, tiyang Walandi mastani gedachte-kracht. Dayaning cipta boten kasat-mripat, nanging sampun dipun gegampil, sampun dipun sapelekaken. Dayaning cipta boten namung tumama ing sarira panjenengan piyambak, nanging ugi dhateng garwa putra, dhateng sadaya tiyang salebeting brava (gezin). Sumarambah dhateng kanan kering kita, dhateng masyarakat kita. Ugi dhateng masyarakat ageng.

Dayaning ciptanipun biyung ingkang badhe katetesan wiji, sampun tumama ing wiji ingkang badhe tumetes. Saya manawi wiji sampun tumetes, sampun wonten ing guava garba. Saya manawi wiji sampun agatra wonten ing guwa garba.

Bab menika sampun kita sumerepi wiwit ing king making. Tandhanipun yen wonten wilujengan mitoni (tingkeb), inggihmenika wilujengan rehne wiji sampun 7 wulan wonten ing guwa-garba: biyung dipunpurih ningali cengkir gadhing ingkang sampun wonten gambaripun Dewi Ratih lan Bathara Kamajaya.

Menika ngemu pangajap: mugi-mugi sang jabang ing tembe, yen lair jaler sageda ingkang bagus, yen estri sageda ingkang ayu, pinten banggi kados Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih.
Pangajap makaten kemawon kok ndadak dipun sarengi gambar sae, cengkir kemawon kok inggih ingkang sae, gadhing. . . , !!
Makaten menika nelakaken: bilih pun pangajap sampun, sinawung ing kapitadosan, bilih gambar (wewujudan) sae, saged ndayani cipta sae; cipta sae saged nuwuhaken daya sae, ingkang temtu nabeti sae ing raos, ing jiwa, ing wiji ingkang wonten ing guwa garba. Samanten kemawon atur kula bab dayaning cipta (gedachte¬kracht).

2. Muja

Kacariyos Indradjit menika dede putranipun Prabu Dasamuka wujud jabang bayi lair saking Ibu, nanging mega dipun puja dados lare.
"Muja" tegesipun damel utawi ndadosaken menapa-menapa ingkang sampun wonten bahanipun (badhenipun), namung sarana kekiyataning cipta. Bedanipun kaliyan "nyipta" namung sawatawis. Muja menika sampun wonten badhenipun, nyipta, dereng. Kala-kala tembung "muja" angsal teges "muji" ingkang maksudipun sami kaliyan ngajap (mengharapkan mudah-mudahan ...)

3. Manungku puja Ian muja semedi

Kalih pisan maksudipun sami. Inggih menika nyawijekaken manah (pikir), namung maligi kangge muja. Anggenipun muja mantheng temenan, boten nolih mangiwa manengen.

KONSENTRASI

Meleng cipta, ngenengaken cipta, ngeningaken cipta.
Menika namung nunggil misah kemawon, sadaya ateges nyawijekaken manah (konsentrasi).
Tembung manca konsentrasi (concentratie) menika saking tembung tanduk: concentreeren ingkang tegesipun: meleng.
Meleng cipta = ngenengaken cipta = ngeningaken cipta = konsentrasi.
Cipta menika rongeh sanget, kados solahipun kupu. Mangka manah utawi nalar kita menika-kebak cipta, sadaya sami rongeh. Pramila yen boten dipun enengaken, inggih boten katingal cetha.
Mangka kangge pakarti menapa kemawon, kita kedah nggadahi gambaripun (ciptanipun) ingkang cetha rumiyin; yen boten, tumandang kula inggih boten kantenan.

Kita mbetahaken cipta cetha

Cipta cetha menika dipun sebut cipta wening (bening) utawi cipta ening.
Cipta sagedipun ening, kedah kendel rumiyin, kedah meneng rumiyin.
Cipta meneng = cipta eneng.
Cipta ingkang sampun eneng temenan, caged ening.
Eneng Ian eninging cipta sinangkan saking meleng (konsen¬trasi). Dipun-peleng lajeng meneng, nunten ening.
Para sadherek, mangga sami sasarengan mbuktekaken bilih cipta menika rongeh
Kita sadaya rak sampun sami pirsa sato-iwen ingkang nama bebek (kambangan) ?
Cobi, mangga sami mirsani wujudipun wonten salebeting cipta sakedhap kemawon. Mangga, menapa ingkang katingal.....? Rak boten, tumunnten: bebek, ta ?

MEDITASI & KONTEMPLASI

1. Manekung, tepakur

Kridhaning nalar ingkang nyarengi kridhaning raos, nama meditasi. Manekung, tepakur, menika inggih meditasi. Tiyang Walandi anggenipun negesi meditasi (meditatie) = overpeinzing bespiegeling = overweging. Sadaya menika kirang langkung sami kaliyan nggagas lan nyuraos.
Biyasanipun ingkang dipun-suraos namung babagan kebatinan kemawon, upaminipun ingkang magepokan bab agami. Kridhaning nalar ingkang nyarengi kridhaning raos wau gambaripun makaten :

Wonten tiyang sepu : kera aking tur wuta pisan, pepriman. Welas kula dhawah, badhe kula sukani. Gagap gagap kanthong, kaleresan wonten rupiyah satunggal, thil kridhaning raos).
Sareng badhe kula-ulungaken, nalar kula ndadak menging Mengko dhisik, ta, bocah-bocahmu kaya-kaya durung padha sarapan (kridhaning nalar).
Raos kula (welas kula) = aken : ulungna
Nalar kula…….. menging.
Raos Ian nalar makarti sasarengan. Kala-kala rebat deg (rebat kuwaos).
Sadangunipun raos lan nalar sasarengan makarti makaten menika, tiyangipun (kula) mendel dheleg-dheleg.

Makaten menika meditasi.

Yen kita sami nonton ringgit purwa, boten sami kengetan bilih ingkang mobah, gineman, lan perang menika wacucal ingkang dipun-entha kados tiyang, dipun-polahaken pun Dhalang. Dados ingkang nyuwara barang menika boten liya inggih pun Dhalang menika wau. Kita boten patos migatosaken wontenipun sang Dhalang menika.

Ing ngriku kita sami katut ing raos kita piyambak. Nalar boten patos makarti. Nanging para intellektuelen, inggih menika para semen nalar, menapa-menapa dipun manah, nonton ringgit inggih kanthi memanah: Neng ngendi ta dununge negara Pringgadani kuwi ? Apa tenan ana uwong kaya ngono (Semar) kuwi rupane ? lsp.

Yen nalar kita tumut nggagas makaten menika, anggen kita nonton ringgit boten namung kenyut kemawon, nanging ngangge kanalar. Salebetipun kita kraos tumut seneng lan susah saliyan pun ringgit, sarwi kula gagas samukawisipun, menika kula inggih saweg meditasi.
Samangke kita boten nonton wayang, nanging nonton masyarakat agung, nonton ngagesang.
Kita katut seneng, katut bingah, katut gela, katut meri, lsp. Makaten menika kita saweg katut ing raosing ngagesang.
Manawi mangke kita wiwit manah : apa sababe aku susah, bungah, gela, meri ngene kiyi........? Saya sanget anggen kita nggagas, saya lebet anggen kita manah, saya dangu anggen kita mendel dheleg-dheleg. Raos lan manah kita sasarengan makarti, maneges (nyuwun katerangan) dhateng ... dhateng Ingkang Maha Agung. Nyuwun katerangan kados pundi, kita suminggah saking raos sisah lsp. menika wau.

Makaten menika meditasi.

Kita kados lan rumaos sami, gesang jumejer dados manusa. Kita sami kapengin sumerep saking pundi asal kita, badhe dhateng pundi mangkenipun yen kita pejah. Gek kados menapa wonten ngrikanipun, lsp. Makaten menika inggih meditasi.
Meditasi menika badhe sumerep "wadining" ngagesang.
Dados salebetipun meditasi, nalar kita makarti, boten passief: dheleg-dheleg semu ngantuk, kosong boten wonten ingkang dipun manah. Yen kosong makaten menika muta-watosi sanget.

Gampil dipun-ampiri utawi dipun-surupi daya ingkang kirang sae. Kranjingan tembungipun.

2. Kontemplasi

Kontemplasi (contemplatie) lan meditasi (meditatie), kalih pisan saking basa manta, nanging sampun remasuk dados tembung kita ing kalangan kebatinan.
Tiyang Walandi negesi contemplatie sami kaliyan bespiegeling, beschouwing. Kalih pisan nggadhahi suraos: mawas (mawas ing batos), badhe nyumerepi terangipun, cethanipun.

Upaminipun:
Suwarga kuwi ana apa ora ..........? Wonten.
Ngendi dununge ........................? Ngrika.
Kaya apa rupane .......................? Kados makaten.
Apa ana ka-endahan Ian ka-nikmatan ing ngalam donya kene sing kira-kira madhani ? Boten wonten.
Apa kowe wis tau ngambah suwarga ? ..................... Dereng.
Bisamu mangsuli pitakonku man kepriye? .................... Namung saking panginten-inten kula piyambak.
Samangke kula piyambak ingkang badhe mangsuli pitaken pitaken menika :
Suwarga ana ? Neng ngendi ? Kaya apa ? Apa ana pepadane ? ...............Cep.
Kula mendel, terus mawas ing batos Suwarga kuwi ana. Embuh ana ngendi. Ning cetha yen maha endah, maha kepenak, maha nikmat, maha maha........ Cekak papan kamulyan jati.
Kamulyan jati kuwi kaya ngapa, ya ? ........................ Embuh.
Suwarga iku mung kena kinaya ngapa. Mung kena ginambar ing tembung.
Mawas ing batos kados makaten menika nama kontemplasi. Bedanipun kaliyan meditasi, ing ngriki raos boten patosa aktief (makarti), nanging nalar makarti yektos.

Sadangunipun kula cep mendel: mawas wontenipun Ian ka¬wontenanipun suwarga wau, kula inggih dheleg-dheleg temenan. Kebatinan kula saweg dumunung wonten ing suwarga lambaran kula.
Mawas gambar makaten menika nama kontemplasi.

3. Mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi

Para sadherek, samangke kita dumugi ing tembung-tembung ingkang angel sanget panyuraosipun.
Ewa dene meksa kula temah nerangaken. Boten namung waton mungel kemawon, nanging ngengeti pitedah-pitedahipun pars linangkung, kados dene Dr. A. Besant, Ny. H.P. Blavatsky, J. Krishnamurti.
Mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi, manawi kawewahan manekung Ian tepakur sadaya wau sami nunggil maksud, inggih menika: mirengaken swaraning ngasonya (ngasepi). Terangipun makaten "Ngasepi" utawi "ngasonya" menika tegesipun : pun sepen, pun nyenyet, anu sing sepi, anu sing nyenyet. Dede "sepi nipun, dede "nyenyet" ipun, nanging "anu"-nipun.
"Anu"-nipun ingkang sepen nyenyet menika, pramila dipun sebut : nga-sepi, nga-sonya.

Tembung "urip" boten sami tegesipun kaliyan "nga-urip". "Sonya" boten sami tegesipun kaliyan "nga-sonya".
Dados kita mirengaken swaraning ngasonya menika tegesipun mirengaken swaraning anu kang sonya.

Anu ingkang sonya menika wau pundi lan ing pundi wontenipun ?
Anu ingkang sonya menika papan ingkang awis-awis dipun¬ambah tiyang, utawi ingkang boten dipun-ambah tiyang, kadosta: ing kuburan. Pramila tiyang nepi utawi tiyang nyepi, samimriku.
Kajawi ing pakuburan, ugi ing tengahing wana, pramila kangge papan tapanipun pars pandhita, lan para. begawan. Ugi ing telenging samodra, pramila Werkudara inggih mriku. Lajeng kepanggih Dewa, nama Dewa Ruci, Dewa kang kesit tan-kena ginrayang, tan kena ginatra, tansah nyamun, tan alit tan agung (Dr. Radjiman Wedyodiningrat ing serat "Kempalan karanganipun K.R.T. Dr. Wedyodiningrat").

Dados Anu ingkang sonya menika wau: papan ing pakuburan, ing tengahing wana, ing telenging samodra.......!! Rak inggih, to?
Mangke rumiyin. Menika kok kathah sadherek ingkang "nikel imba" (nikel alis utawi nepungaken alis utawi mrengut : mrengut jalaran mbok manawi boten kersa nampi katerangan kula menika), Rehne makaten, kula kapeksa ngaturi katerangan Bares:
Anu ingkang sonya menika rasa rumasa (bewustzijn) ingkang dumunung ing telenging manah kita piyambak.
Alam gumelar, alam dumadi, alam rame utawi alam donya menika boten sonya, boten sepi. Dados ingkang sepi temtu dede ing ngriku panggenanipun.
Lha wonten pundi.

Inggih wonten ing alam ingkang boten gumelar utawi ing alam alus, utawi ing alam ingkang boten kasat-mripat, utawi ing alam batin, utawi ing alam gaib.
Pundi dunungipun alam gaib menika ?
Wonten telenging manah kita piyambak.

Manut serat Dewa Ruci wonten telenging samodra. Wondene pun Anu ingkang sonya menika sang rasa rumasa (bewustzijn) kados atur kula ing ngajeng.
Dados : mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi, manekung, tepakur, utawi mirengaken swaraning ngasonya menika: mirengaken swaraning sang rasa rumasa ingkang sasana ing telenging manah. Manawi ing serat Dewa Ruci: Werkudara mirengaken swara- nipun sang Dewa Ruci.

SAMADHI

Manunggil

Manawi swaraning ngasonya sampun kapireng dumeling (cetha), "Sang Werkudara" lajeng lumebet ing "guwa garbanipun Sang Dewa Ruci."
Ing ngriku kita samadhi. Tegesipun sampun manunggil. Sang Werkudara sampun manunggil kaliyan Sang Dewa Ruci.

Para sadherek, ing ngriki kula boten badhe ngaturaken bilih cariyos Dewa Ruci menika satunggiling pralambang ingkang kedah kita ungkabi, kita onceki.
Sarta kula boten badhe ngaturaken dunung utawi maksudi: pun "Werkudara" lan "Dewa Ruci" menggahing kita manusa. Boten badhe ngaturaken menapa "Werkudara" ing serat Dewa Ruci menika sami kaliyan kula ingkang mirengaken swaraning ngasonya, menapa "Dewa Ruci" menika sang rasa rumasa ingkang sasana ing telenging manah kita.

Kula namung nyumanggakaken.........
Namung ngaturaken gambaranipun utawi pepindhanipun: "samadhi" menika kadi dene Werkudara ingkang sampun wonten salebeting guwa garba Dewa Ruci.

Para sadherek, atur kula bab panganggenipun badan pikir punapa dene ingkang dipun-wastani samadhi utawi manunggil, sampun cekap samanten kemawon. Samangke kula badhe ngaturaken bab tuntunanipun.



*** * ***



Penget:

Sasampunipun boten~ingung , keparenga kula ngaturi Penget malih, magepokan bab memanahing-kang leres, manut sabda wasitanipun lngkang Linangkung Risang Krishnamurti ingkang kawrat ing serat "De Vrijheid van het Bekende" ugi, ngkang Jawinipun kirang-langkung makaten "Memanah utawi memikir leres menika boten gumantung dhateng uwohipun utawi kepanggihipun, ugi dede ingkang nama ngasah nalar (ngulir budi) kemawon, tuwin dede cundhukipun (cocogipun) pamanggih kaliyan conto utawi kupiya, nadyan conto utawi kupiyanipun menika adi-luhung kados menapa.

Memanah utawi memikir leres menika tuwuh saking weruh dhiri pribadi.
Memanah utawi memikir leres menika margi saking anggenipun sumerep
dhateng dhiri pribadi.
Manawi dereng weruh dhiri pribadi, sadaya ciptanipun tanpa waton.
Manawi dereng weruh dhiri pribadi, menapa ingkang kamanah
boten nyata, goroh, dudu".


Sok sampuna pirsa...!!!



- Kapetik saking “Tuntunan Samadhi” dening Ki Wirjoatmodjo
ingkang ngedalaken "PT. CITRA JAYA MURTI" Surabaya 1959.





Description: Tuntunan Samadhi, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Tuntunan Samadhi
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link