benere wong urip, eling marang uripe
lupute wong urip, lali marang uripe;
benere wong lali, ngudi kawruh kasunyatan
lupute wong lali, lumuh ngudi kawruh kasunyatan.
lupute wong urip, lali marang uripe;
benere wong lali, ngudi kawruh kasunyatan
lupute wong lali, lumuh ngudi kawruh kasunyatan.
Ngudi kawruh kebatinan iku aja digalih mung kanggo mbesuk bae, nanging kalane ana ing alam ndonya ya perlu,supaya oleh pandom lan diyan (obor) ing sajroning ati, kang bakal nuduhake dalan kang bener lan padhang, tumrap panggawe apa bae. Ngudi kawruh kasampurnan manawa temen ing pangudine ing saselot-selote bisa oleh sasmita ing rasane, adoh rubeda ing atine.
Rubeda ing ati iku, kayata:
Geleme tetulung kagawa ing pamrih dialembana utawa sabab oleh kasil.
mBuru mbandha, lali marang Iman. Golek bener, kliru golek menang lsp.
Wong kang adoh angkarane: akeh adheme, kepenake lan tentreme. Ragane ora enggal rusak kang jalaran kakehan geni (nafsu), lan ora enggal rusak kagawa pambandhanging jaran (pancadriya).
Wong ngudi kawruh kasampurnan, kekarepane kang linakonan salawase, tansah gumolong: NUJU MARANG TEKADE.
Arang pradondi sajroning atine kaya kang dhemen solan-salin karep kang sji-sjining karep ora nunggal tuju (nunggal laras). Ilining cipta ora kakehan enggok, lan ora pacing sareweh, lan ora kuwur kaya banyu kerep diubak-ubak sarta ora mambeg.
Wong kang temen-temen pangudine marang kawruh kasampurnan, apa kang linakonan kerep benere, akeh becike, cepak rahayune, adoh bilahine, marga: wis cedhak kang ajak rahayu, iya kang ora tau luput.
Mungguh yektine, kareping, manungsa iku, ana kang thukul saka nafsu kang becik, ana kang thukul saka nafsu kang ala, ana kang thukul saka: Rasa.
Mula banjur ana karep kang manut pituduhing Budi, ana kang ma-nut pituduhe angen-angen kang lagi peteng, katarik dayane roh peteng (roh khewani), ana maneh panggawe kang tumindake saka dayaning roh khewani thok-thok (ninggal angen-angen), iku kabeh tumraping wong ngudi kasampurnan: dirasak-rasakake lan dititeni.
Penget:
Angen-angen iku dadi ratuning pancadriya, iku kang kuwajiban mbedakake ala lan becik bener lan luput.
KAREP kang becik iku pangajaking nafsu Mutmainah, nanging kabeh nafsu ora kabageyan sumurup marang BENER, awit bener iku bageyane BUDI (kang tuduh marang bener).
Karep kang becik kanthi wewaton kang bener mau: iya durung- mesthi perlu linakonan utawa bakal rahayu (widada), dadi kudu prayitna marang sasmitaning RASA (tukang tuduh rahayu) nuntun marang kawidadan sarta perlune linakonan, apadene ngrasa marang wewengkone (wajibe).
Mangkono uga, bisane manungsa weruh ing: deduga, prayoga, watara, kira-kira, riringa, subasita, awas ing semu, prayitna, weweka, eguh, tangguh, lsp. Ya saka panuntuning RASA.
Saya cedhak kayo Rasa, saya mumpuni ing duga prayoga, sarta saya sathithik malesede anggone kira-kira.
Ringkese mangkene:
Ora mung akherat bae kang ana panasaran, ing ndonya uga akeh panasaran, begalan sarta rubeda, kang dumunung ing atine manungsa.
Mula saka iku perlu nganggo pandom lan diyan. Wujuding pandom: RASA, wujuding diyan: BUDI.
Bisane weruh pituduhing Budi lan Rasa, yen manungsa ngudi kawruh kasampurnan, sabab ngudi kawruh iku wataking Budi lan RASA.
**** * ****
Katrangan:
Tembung kesasar, tegese: kliru dalane.
Kesasar tumraping kebatinan, tegese: kliru lakuning angen-angene anggone nggoleki wataking Budi.
Tembung kajlomprong, tegese: kliru lakuning rahsane anggone nggoleki wataking Rasa.
Kabeh mau ateges: gawe kliru, tumindak korup, gawe luput, tumindak peteng, marang rasa dhirine dhewe. Marga ora rumangsa kliru, ora rumangsa korup, ora rumangsa luput, ora rumangsa peteng, malah ngukuhi (nganggep bener) marang rasa dhirine kang luput mau.
Tembung: luput, tegese: angen-angen nyulayani wataking Budi.
Tembung: ala, tegese: rahsa nyulayani wataking Rasa.
Tembung: bener, tegese: angen-angen cocog lan wataking Budi.
Tembung: becik, tegese: rahsa cocog lan wataking Rasa.
Kang aran: Budi, iku: tukang tuduh marang bener.
Kang aran: Rasa, iku: tukang tuduh marang becik.
Tembung: Karem, tegese: rahsa ngungkurake Rasa.
Tembung: Kerem, tegese: angen-angen ngungkurake Budi.
Tembung: Korup, tegese: ngungkiri kang sejati, ngakoni kang dudu.
Padhang, tegese: bisa weruh.
Peteng, tegese: ora bisa weruh.
Angen-angen, wajibe: nggoleki wataking Budi.
Budi, wajibe: tuduh marang angen-angen.
Rahsa, wajibe: nggoleki wataking Rasa.
Rasa, wajibe: tuduh marang rahsa.
Mikir, iku: pakartining angen-angen nggoleki wataking Budi.
Ngrasaake, iku: pakartining rahsa nggoleki wataking Rasa.
Kang aran cahya iku: awaking pepadhang. (kang madhangi)
Kang aran Budi iku: rasaning pepadhang (rasa padhang)
Kang aran Rasa iku: dhasaring Budi.
Kang aran Budi iku: pepadhanging Rasa.
Tembung URIP, tegese:
I. bisa makarti, kosokbaline: mati.
II. kang bisa makarti, kosokbaline: pati
Tembung ELING, tegese:
I. weruh marang anane, kosokbaline: lali ora eling
II. kang weruh marang anane, kosokbaline: lali (dudu eling).
ELING MARANG URIPE, tegese:
I. weruh marang anane sing makartekake.
II. weruh bisane makarti.
LALI MARANG URIPE, tegese:
I. ora weruh marang anane sing makartekake.
II. ora weruh yen bisa makarti.
NGUDI KAWRUH KASUNYATAN, tegese: ngudi bisane weruh marang anane sing makartekake.
KAWRUH KASUNYATAN, tegese: oleh-olehaning ngawruhi kahanan kang luwih dening nyata.
NGELMU, tegese: wewatoning nggoleki.
NGELMU RASA, tegese: wewatoning nggoleki rasa.
NGELMU KASUNYATAN, tegese: wewatoning nggoleki kasunyatan. Kabeh kang aran NGELMU iku bubuhane a n g e n- a n g e n.
Tembung Rasa (kang panulise nganggo R), ateges: wujud alus dalah rasaning wujud mau.
Tembang rasa (kang panulise aksara cilik kabeh), karepe: mung rasaning wujude bae, ora ateges wujude (awaking wujud), dadi karepe: tumrap sadhengah wujud, iya rasaning wujud kang alus, iya rasaning wujud kang kasar.
Tembung r a h s a, ateges: wujud alus dalah rasane pisan, nanging ng kang luwih kasar katimbang R a s a.
Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh.
Wujude, yaiku: bisa weruh marang rasaning legi lan pait.
Weruh marang ambon-ambon.
Weruh marang penggepoking kulit kayo barang wadhag krunguning swara saka kedhering kuping.
Weruh padhanging srengenge saka kedhering swasana.
Weruh marang rasa lara lan kepenak, mungguhing kwadhagan, lan sapanunggalane.
Iku kabeh dak arani: rasa kajasmanian, yaiku kang marakake dhiri duwe panganggep, manawa alam donya iku ana.
Jiwa-jiwa kang ngalami rasa kajasmanian, enggone nekseni yen donya pancen ana, ya ora liya nganggo rasa kajasmanian mau. Upama ora duwe rasa kajasmanian, mesthi nggorohake marang anane donya (awit kacupeten piranti kanggo nekseni ing anane).
Rasa kajasmanian iku iya ana kaswargane lan kanarakane, kayata: rasaning awak kang pinuju enak lan kepenak (kaswargan), dene kanarakane yen pinuju lara.
(kaimpun saking: Serat Madurasa lan Serat Wewadining Rasa)
Description: Paedahe Ngudi Kawruh Kasampurnan, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Paedahe Ngudi Kawruh Kasampurnan