Piwalesku

nalika aku kok singkirke saka kuthamu
aku amung bisa menehi piwales kanthi rasa sabarku
nalika kok bayar murah tenagaku
aku mung bisa menehi piwales kanthi keyakinanku
nalika kok enggo dolanan nganggo rentenmu
aku amung bisa menehi piwales kanthi rasa teguhku
nalika kok babat alas lan wit-witanku
aku amung bisa nguncalake esemku
nalika sliramu kepengin mateni aku kanthi pocapanmu
aku amung bisa ngrangkul kebak katresnanku
katresnan kang bisa nebus tumeka pojoking ati
aja nganti duwe pikiran nalisir
supaya ora dadi gendhing kang ngiris nala iki
katresnan kang nemoake dhiri pdibadhi
sajerone rasa kangen kang paling jero
katresnan kanggo pecut tumraping panandhang dawa
sebab bencana lan kaendahan tan bisa pinisahna.

(Gurit kagungane mbak Kalingga, 3 Mei 2008)

Description: Piwalesku, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Piwalesku
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link