Gunungan Geni

Wayang Gunungan (Kayon) iku yen kawalik, katon wujud gambar geni murub. Iku dadi candra sengkala kang muni  " Geni Dadi Sucining Jagad ".

Wataking tembung:

Geni = 3
Dadi = 4
Suci = 4
Jagad = 1

Diwaos saka mburi: 1443, dadi ngucapake taun candra 1443. Iku duk nalika jaman Demak, minangka prasasti wayang sepisanan ditatah ing lulang wedhus dening Kangjeng Sunan Kalijaga.

Sekawit sengkalan iku mung kanggo ing petungan taun Saka, nanging pamburine banjur kanggo pengetan ing taun Jawa, dadi petungan lakuning wulan. Pengetan awewaton tahun Surya kawastanan Surya Sengkala, dene kang manut taun Rembulan sinebut Candra Sengkala.

Sengkalan gunane kanggo mentegi sawijining prastawa utawa lelakon. Ukara pengetan mau kudu mengku:

a. Ngemu surasa utawa panyandra kang laras karo kang dipengeti. Pamilihing tembung lan surasane ukara bisa keplok karo kahanan utawa lelakon kang ditengeri ing sengkalan mau. Upamane pengetan sedan (tilar donya), ora mathuk yen dipengeti nganggo tetembungan kang mengku surasa bungah-bungah lan suka-suka. Dene pengetan wedharing rasa suka-suka parisuka yo ora prayoga yen pamilihing ukara migunaake tembung-tembung kang mengku surasa sedhih ngeres-eresi.

b. Pangrakiting tembung-tembung kang kanggo mengeti, kudu mujudake ukara kang kepenak kaucapake lan mengku surasa kang laras karo prastawa kang dipengeti.

c. Pemilihing tembung-tembung kudu lumrah kasrambah. Semono uga wataking tembung-tembung kudu tinemu nalar, lire tembung-tembung kang digunaake kanggo sengkalan iku padha cetha werdine, dadi ya cetha mengku angka pira ta pira.

Description: Gunungan Geni, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Gunungan Geni
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link