Eri Bandeng ing Gorokan

Bocah cilik utawa wong dewasa bisa wae nemahi lelakon iki, yaiku kelelegen eri bandeng utawa eri gereh. Eri bandeng utawa eri gereh mau ora bisa dijupuk uga ora bisa kolu, mung kandheg ing tenggorokan. Rasane lara lan perih banget, pijer dimimiki lan mangan apa wae erine ora bisa kolu lan ilang. Yen wong dewasa wae bisa ngampet larane, nanging yen bocah cilik mesakake banget. Mula kanggo ngilangi eri bandeng utawa eri gereh sing nuncep ana nggon tenggorokan becik bocah mau didulang gudhangan, anggone muluki rasa akeh supaya erine katut mlebu, kolu bareng gudhangan mau. Gudhangan godhong pohung, godhong kates, godhong mbayung, kenikir, lan gudhangan sing wernane ijo lan serate akeh.
Yen ora kagungan gudhangan bocah mau diparingi mimik adonan lenga goreng ditambahi peresan jeruk nipis. Yen wis bola-bali dimimiki, eri sing nyasar mau bisa ucul lan kolu bareng karo adhonan kasebut.
 Dene yen ora kasil becike enggal-enggal digawa menyang dhokter.

Description: Eri Bandeng ing Gorokan, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Eri Bandeng ing Gorokan
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link