Daging Ayam Empuk lan Pulen

Masak daging ayam yen daginge ketuwan, digodhog suwe ora empuk-empuk, malah yen pitike pitik Jawa, luwih saka sejam lagi bisa empuk. Nggodhog daging pitik potong yen pijer diwolak-walik daginge malah mrotholi. Mula supaya daging pitik apa-dene daging sapi anggone nggodhog luwih cepet empuk lan pulen anggone nggodhog dicemplungi kates enom. Kates mau dionceki, diresiki isine, dikumbah resik, lan dipara papat. Yen banyu wis umob daging lan kates enom mau enggal-enggal dicemplungake. Asile, daginge cepet empuk, ora mrotholi lan pulen.  Nggodhog utawa nggoreng daging apa wae utamane daging pitik potong anggone malik mung ping pisan wae, aja pijer diwolak-walik.
Daging pitik potong kasebut yen anggone nggodhog utawa nggoreng mung diwalik pisan daginge empuk lan pulen presis kaya daging pitik Jawa/kampung.

Description: Daging Ayam Empuk lan Pulen, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Daging Ayam Empuk lan Pulen
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link