lwak Banyu

Akeh para nimpuna babagan ilmu gizi kang mbenerake menawa iwak ngandhut gisi kang becik kanggo kasarasaning awak. Salah sawijining zat gizi kang kinandhut dening iwak, ya iwak dharat utawa iwak segara, yaiku Omega-3 kang bisa kanggo nanggulangi lelara jantung, stroke lan migraen utawa mumet separo. Tumrap bocah-bocah, Omega-3 kabukten bisa njurung kalantipan lan uga bocah dadi takat, ora gampang kena lelara. Lemak utawa gajih iwak uga bisa kanggo ngawekani peradangan utawa otot kang keju. Mula ora perlu tidha-tidha nyawisake menu iwak kanggo dhaharaning kulawarga.

Description: lwak Banyu, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: lwak Banyu
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link