Khasiate Pandhan Wangi

Para maos wis padha pirsa menawa godhong pandhan iku gandane wangi. Menawa ana sripah godhong pandhan padha dirajang lembut kanggo ngiseni bantal lan guling layon sing arep dipendhem. Godhong pandhan uga padha dinggo ‘bumbu masak' anggone gawe sawernaning minuman dalah panganan supaya aromane wangi. Malah ana sing migunakake godhong pandhan kanggo nyimpen beras supaya beras kasebut gandane kaya beras pandhan wangi. Cethane godhong pandhan iku bisa nambahi selera. Kajaba iku godhong pandhan wangi bisa kanggo ngepel jogan, luwih-luwih yen ngepasi obat pele entek utawa durung kober tuku. Carane? Godhong pandhan wangi diremet lan diwenehi banyu resik saember. Jogan sing katon reged disapu luwih dhisik banjur dipel nganggo banyu pandhan wangi. Rampung dipel lan jogane wis gating, gandane wangi lan sejuk kayadene mentas dipel nganggo obat pel.

Description: Khasiate Pandhan Wangi, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Khasiate Pandhan Wangi
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link