Kiamat 2012

Sawenehe ahli palintangan (astronomi), Paul A. Heckert, nulls sajerone "Astronomy & Space" (27 Oktober 2009) kanthi pitakon, "Apa klakon, donya bakal kiyamat tanggal 21 Desember 2012?" Pitakone Heckert iki lelandhesan petungan penanggalan (kalender) bangsa Indian Maya sing cumondhok ing Semenanjung Yucatan, Chiapas ing Meksiko, Guatemala, lan Honduras iring kulon, laladan Amerika Serikat. Menawa pitakone Heckert iku akhire kanyatan ateges taun 2012 sing bakal teka wong saindhenge donya sirna bebarengan.

Lelandhesan penanggalan Maya, kiyamat dumadi krana makaryane srengenge wus tekan enteke (puncak aktifltas). Kejaba iku srengenge lan bumi segaris (sejajar) karo lorong gelap ing punjere grombolan lintang (gugusan bintang, galaksi) Bima Sekti. Perlu kauningan, srengengene dhewe iki mung salah sijine saka maewu-ewu lintang ing Galaksi Bima Sekti. Kamangka ing alam raga iki kejaba Galaksi Bima Sakti tinemu uga galaksi liyane kayata Andromeda lan Lintang Susu (Milky Way). Saben galaksi apese dienggoni 100.000.000.000.000 (satus milyar) tatasurya (solar sistem, srengenge karo planet lan satelit-satelite) ingga srengengene dhewe iki prasasat mung kaya seglintir wedhi ing tengahe ara-ara jembar.

Nalika srengenge-bumi-lorong gelap Galaksi Bima Sekti iku sejajar bakal dumadi "gaya pasang" sing bisa nuwuhake lindhu saindhenge bumi ingga kabeh sing ana sadhuwure bumi hancur lebur, bumi musna. Bebarengan iku "gaya pasang" uga bakal nuwuhake badai geni ing sarandhune srengenge ingga nyempyokake panas magila-gila sing kuwawa nglagar bumi. Dene planet-planet liya uga melu mabur pating jempalik merga dayane badai geni srengenge.

Gambaran bakal dumadine kiyamat sing nggilani iki mesthi wae nuwuhake bantahan saka sakehe ahli astronomi, klebu pimpinan suku bangsa Indian Maya. Miturut Heckert, srengenge sing mung wedhi cilik ing Galaksi Bima Sekti ora bakal kuwawa nutupi jembare lorong hitam. Merga sangkanparane grahana diwiwiti saka grahana ing lorong hitam krana ketutupan srengenge, mula sauger grahana iki ora dumadi ateges kiyamat ora bakal dumadi.

Penemu liya sing lelandhesan Teori Bigbang nyebutake dumadine alam semesta ngemperi melar-mingkupe plembungan, mula srengenge wektu iku lagi bakal tekan pepuntone wektu mekar 5 milyar taun sing bakal teka (bumi umure 1 milyar taun). Wektu 5 milyar taun iku ora sethithik, mula menawa runtut karo Teori Bigbang ateges bumi lagi bakal kiyamat bareng srengenge yaiku 5 milyar taun sing bakal teka.

Gegayutan karo enteke Kalender Maya tanggal 21-12-2012, akeh penemu nyebutake menawa penanggalan iki ora beda karo penanggalan Masehi sing saben taune entek ing tanggal 31 Desember. Lelandhesan petungan Kalender Masehi iki bisa dipethik pengalaman menawa sawise etungan wektu setaun, ing dina candhake yaiku tanggal 1 taun anyar ing salumahe bumi sakurepe langit ora dumadi owah-owahan apa-apa. Lelandhesan kanyatan iki ateges owah-owahan wektu sajerone kalender utawa penanggalan ora merbawani tumrap owah gingsire alam semesta.

Tekane kiyamat bisa wae klakon krana dudu dayane alam semesta. Kiyamat (saka tembung Arab qiamat = kebangkitan) bisa dumadi krana kahanan bumi kadayan owah gingsire blebekan bumi sing saben wektu obah owah. Penemu iki lelandhesan kanyatan mulabukane punglu (benua) apadene pulo-pulo ing wektu iki. Miturut ahli metereologi Jerman, Alfred Wegener, biyene benua iku siji disebut Pangaea. Krana dayane radioaktif sajerone tuwuh lindhu temah benua mau pecah metha benua Ian pulo-pulo kuna. Krana dayane magma bumi suwene suwe benua lan pulo-pulo mau mencar metha tatanan relief (mendhak mendhukule papan) bumi kang katon wektu iki.

Evolusi (owah-owahan sajerone wektu suwe) bumi ora rate leren ingga kepiye pethane bumi ing wektu sing bakal teka angel digambarake. Kejaba iku krana dayane perusak mirunggan saka pokale menungsa bakal nuwuhake kahanan ora imbang. Es kutub cuwer, hawa bumi panas, lan sangkrah (polusi) saya numpuk. Kahanan ora imbang iki bisa merbawani poke (inti) bumi ora stabil lan nuwuhake gonjang-ganjing. Menawa gambaran iki sing kelakon kiyamat mesthine ora perlu ngenteni owahe kahanan saka slam semesta.

Description: Kiamat 2012, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Kiamat 2012
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link