Golek Geni Adedamar, Golek Banyu Apikulan Warih

Ngelmu Rasa Jawa kang paling dhuwur lan agung, yaiku Rasa Tauhid, ya Ngelmu Ketuhanan. Ngelmu Rasa kasebut, mujudake pamarsudi miwah pangudi kang kanthi tanpa kendhat tumrap kegaiban Allah. Yen sijining wong Jawa bisa utawa pinter nemokake Allah, kaya-kaya dheweke pinuju mancat tumuju kasumringahan batin. Bab kasebut diandharake dening Jayengwesthi sarana nyitir ngendikane para ahli wirid kaya ngisor iki:


Ujaring wong ahli wirid
gegedheing raseki
tan kaya rasane ngelmu
tokite mengkonoa
mutung-mutung marang
ngelmi
amal tama mrih metu
mangunahira
(Serat Canthini V, 350, 153)

Saka tembang kasebut katon, yen Ngelmu Tauhid mujudake kaendahan kang paling dhuwur. Panemon ngelmu iku, bakal nyebabake manungsa luwih tentrem uripe. Manunggal bakal antuk lan nggayuh mangunah (keistimewaan) tartamtu sawise nguwasani ngelmu Tauhid. Mula, ngelmu iki diyakini dening wong Jawa, kanggo taqarruban (nyaketake dhiri) marang Allah, kang kondhang sinebut "ngelmu kasampurnan".

Wong Jawa uga darbe Ngelmu Kasampurnan (Batin), kang banget kineker. Ngelmu kasebut tumrap wanita, ima wus duwe sisihan apadene isih kenya, durung dikeparengake ngrungokake apadene mangerteni. Bab kasebut dipratelakake dening Syekh Amongraga, nalika Nyai Bayi Panurta lan putrine Tambangraras. Pawadane yaiku yen wanita duwe wadhah kang ciyut (rupak), engga bisa nyebabake tumangkare laku duraka, yen nampa ngelmu kasebut, durung wancine. Bab kasebut dipratelakake kaya ngisor iki:

Ngling malih mring
Amongraga
ibunta punapa kenging
mring basa kang punika
Amongraga matur aris
punika mboten kenging estri
ripak wadhahipun
mboten kadi Ni Dara
Murtasiyah garweng Arip
inggih mindhak amewahi
kang duraka
(Serat Centhini, V : 355, 64)

Ngelmu Kasampurnan uga sinebut Ngelmu Kasepuhan uga sinebut Bai’at (Bengat). Wong Jawa kang manempuh laku batin, kudu anguwasani ngelmu kasebut, kanthi cetha-canthas lan temen-temen apal, kanthi makaping-kaping (anetah) tumrap bab kang patang perkara, ya kang ingaran syari'at, tarekat, hakikat lan ma'rifat. Bab kasebut winulangake dening Syekh Amongraga marang Tambangraras, kaya ngisor iki.

Lan kawruhana denira
mungguh lakune kang bengat
kudu pinrih lobok lanyah
lanyahe kudu anetah
saking patang prakaranya
sarengat ing wiridira
lawan tarekating wirid
miwah hakikating wirid
tuwin makripat wiridan
(Serat Centhini, VII : 368, 25-26a)

Wirid bab syarengat iku, tinindakake kanthi anyebut kalimah la ilaha illallah jinumbuhake kelawan metune napas, gunem jroning wardaya (sanubari) yen la ilaha illallah, ora ana pangeran kejaba Allah Kang Maha Kuwasa. Mangkono jroning nala lan pikir, tan kenging sinelipan kalimah seje.
Wirid bab tarekat yaiku lafadz illallah... illallah... jumbuh kelawan anpas kang metu apadene lumebu. Jroning ati nelakake, yen Allah kang ingsun sembah. Mengkono, ora kena sinelipan osiking pikir kang seje.
Wirid bab hakikat, yaiku kanthi lafadz Allah.. Allah.. jumbuh kelawan mlebu metune tanapas jroning ati, percaya anane lan kanyatane Allah. Jroning cipta ora kena sinisipan dening pikir kang seje.
Wirid bab makrifat, yaiku kanthi lafadz hu.. hu.. jumbuh kelawan metu mlebune nupus. Jroning ati, nelakake yen Allah iku langgeng. Ora kena sinisipan bab seje. Dene kang ingaran napas yaiku angin kang liwat tutuk (mulut), anpas liwat talingan, tanapas liwat paningal, lan nupus liwat grana.


Wirid syarengat uga sinebut Wirid Satariah, sholate sinebut sholat kaji, sarana anutup talingan, paningal apadene grana, lan mung mbukak tutuk pinangka "af'alullah" (apengalullah).
Wirid tarekat sinebut Wirid Isbandiyah. sholate sinebut sholat Kusta, kang anutup grana, paningal lan tutuk, lan mung mbukak talingan pinangka "Asmaullah".
Wirid bab hakikat sinebut Wirid Barjah, sholate sholat daim, anutup tutuk, grana lan talingan, sartane amung mbukak paningal, pinangka "sifatullah".
Wirid makrifat sinebut Wirid Jalalah, sholate, sholat ismungalim, anutup paningal, talingan lan tutuk, mung mbukak grana, pinangka "dzatullah".
Kasampurnan af’alullah (apengalullah) iku ora rekasa/tan rekasa. Kasampurnan Asmaullah ora rekasa/tan rekasa. Kasampurnan sifatullah iku tan rumangsa, kalodhangan dzatullah iku tan ana rasa, yaiku ghaibing Allah, kang tan bisa tinandhingake kelawan apa wae. Ngelmu Rasa uga magayutan kelawan kepiye antuk ngelmu, utawa kasil nggayuh ngelmu. Wong Jawa darbe falsafah yen ngelmu kang winulangake marang liyan, prayogane tumrap kang nampa minangka "wadhah", kudu sumadya lan siyaga. Panampaning ngelmu, kudu tansah ngupaya lan marsudi, murih njaga apadene mbabarake. Tembunge liya, wewarah kang becik iku (uga) bakal nuwuhake kabecikan, lamun pawongan kang dikarepake kasebut sesangu kawicaksanan. Konsep kang kaya mangkono mujudake filsafat ngelmu Jawa kang asipat fundamental.

Bab kasebut dipratelakake jroning pangumpaman wiji kacang. Senajan wiji kacang kasebut bagus, yen tinandur ing madyaning seta, tanpa bantala, mangka yekti bakal garing lan cures, mlarat ing sesemi. Candrane kaya pasemon ngisor iki:

Wuruk iku kang minangka wiji
kang winuruk upamane papan
pama kacang lan kedhele
sin ebarna ing watu
yen watune datanpa siti
kodanan kapanasan
pasthi nora thukul
lamun sira wicaksana
tingalana sirnakna
ngananireki
dadi tingaling suksma
(Serat Centhini IV,- 280, 28h, 105)

Ing dhuwur ngemot piweling, bab sikep tumrap wong Jawa yen mersudi ngelmu iku kudu sesangu tekad, madhep manteb. Falsafah kang mangkono jroning isbat sinebutake "golek geni adedamar, golek banyu apikulan warih". Ngelmu rasa ing ndhuwur, mung bisa digayuh kanthi cara: eneng, ening, enung.
Eneng, maknane meneng; Ening, tegese nyucekake lan ngresikake pikir; Enung, maknane agangen-angen kanthi tumanjem anane Allah, lan niti ing budi kang maknane suwung utawa suci/resik. Wong kang kaya mangkono bakal nemokake Allah, lan dheweke bakal dadi manungsa kang sampurna utawa manungsa kang sejati. Jroning uriping manungsa jaman samengko, ngelmu rasa asring tinindakake sarana "nyepi” apadene tapabrata (mesu raga, cipta lan rasa). Padatan kridha akeh tinindakake dening wong kang, ngudi/marsudi ngelmu "kajawen" utawa "kasepuhan". Ing jroning falsafah urip Jawa, bisa ditandhesake, yen masarakat Jawa saora-orane nalika sadurunge nindakake ngelmu/kawruh kang asipat tradhisi kasebut, padha manfangatake ngelmu lan kawruh kasebut, mengkoni ing maneka ruwet-rentenging lan theg-kliwer ing urip wiwit saka sadurunge lair, nganti tekaning pralaya.

Wong Jawa nduweni sikep urip kaya mangkono adhedhasar anane jejibahan apadene kuwajibaning urip minangka sejatining urip (urip sejati), prayogane yen mengko tekan titimangsa tinimbalan (sowan menyang Allah), uga dadi manungsa kang sejati. Mula saka iku, kawruh kang wus tinodhi, dening wektu lan kahanan, iku prayogane tinerapake jroning sawegung tumindak. Senajan sabenere, apa-apa kang padha tinindakake luwih apepathok ing budaya "primbon" utawa sastra lisan kang tuhu wus turun tumurun.

( DL-XXVIII No.28 )

Description: Golek Geni Adedamar, Golek Banyu Apikulan Warih, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Golek Geni Adedamar, Golek Banyu Apikulan Warih
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link