Miturut Kamus Kawi-Jawa dening CF Winter Sr lan R. Ng Ranggawarsita babaran Gadjah Mada University Press 1988, tembung “waler” iku tegese: palang, tampar, utawa tali, dene “sangker” tegese adhang, palang, ila-ila. Ing Kamus Jawa Kuna-Indonesia 1 & 2 dening P.J Zoetmulder -S.O.Robson –babaran P.T Gramedia Pustaka Utama Jakarta 1995 –kang katerjemahake dening Darusuprapta lan Sunarti Suprayitna– tembung “waler” iku tegese “batas akhir”.
Dene Bausastra Jawa dening S.Prawiro Atmodjo babarane Yayasan Djojo Bojo cap-capan I-1987 negesi tembung “waler” iku larangan, pepacuh, pepalang, pamali, dene tembung “sangker” ditambah walang ing ngarepe dadi “walang-sangker” tegese pepalang. Kamus Praktis Jawa-Indonesia dening S. Parta Atmodjo babaran Penerbit Yayasan Djojo Bojo cap-capan I th 1992 negesi tembung “sangker” iku ama tanduran, yen ditambah tembung “waler” ing ngarepe banjur dadi “waler sangker”, tegese halangan, rintangan, bahaya, malapetaka.
Sawise ngerteni tembung waler sangker kaya kang kaaturake penulis kamus-kamus ing dhuwur mau lan pigunane ing primbon, mula miturut penafsirane penulis waler sangker iku tegese dina, wektu, panggonan kang dadi larangan lan yen tinerak bisa nekakake bahaya, utawa “malapetaka”. Mula becike disingkiri yen kanggo keperluan kang wigati.
Waler sangker bisa diperang dadi: Taliwangke, Samparwangke, Dhungulan, Kala Dite, Kala Mendem, Anggara Kasih, Naas Wuku, Tangise Dewi Sinta, Bangas, Rebo Wekasan, dina kang ora kanggonan tanggal.
TALIWANGKE
Taliwangke iku kedadeyan saka usus ari-arine Sapi Gumarang anake Putut Jantaka kang tumurun menyang arcapada saperlu ngenger marang raja Sri Maha Pakukuhan ing Medangkamulan kanggo nggoleki panjilmane Dewi Sri. Dening Putut Jantaka diwanti-wanti aja ngati gawe karusakan marang kawula alit.
Ana tengahe dalan, wetenge krasa luwe lan mambu ganda arum kang banget mencutake. Bareng lakune tumeka sajabane wana, weruh tanduran kang banget segere lan gandane arum. Kagawa saka weteng kang luwe, tanpa emut marang pesene wong tuwa, tanduran kang katon ledhung-ledhung mau disasak wani lan dientekake sakanca-rowange.
Kang duwe sawah lagi ngendhangi sawahe, meruhi kahanan kaya mangkono banjur tata-tata arep males marang kang gawe karusakan. Taliwangke sawadya-balane kelakon diruwat dening kang duwe sawah wujude ganti dadi amane pari lan amane manungsa...
Taliwangke anane ing wuku-wuku kaya ing ngisor iki:
Wuku Landep ing dina Rebo Pahing. Wuku Warigalit ing dina Kamis Pon. Wuku Kuningan ing dina Jumat Wage. Wuku Kuruwelut ing dina Sabtu Kliwon. Wuku Wuye ing dina Senen Kliwon. Wuku Wayang ing dina Selasa Legi.
Senajan dina-dina ing dhuwur mau kalebu dina kang ala lan perlu disingkiri yen duwe keperluan kang wigati, kayata mantu, gawe omah lsp, ananging dina-dina mau becik kanggo miwiti usaha kang ana gegayutane karo tali-temali, kayata tampar, tali plastik, tali pancing, tali rante lsp. Nalika dina-dina kang tiba Taliwangke, becike aja ngeculake kewan-kewan kang asikil papat, kayata kebo, sapi, jaran, wedhus lsp, awit akeh sengkalane.
SAMPARWANGKE
Dina Samparwangke iku anane saben dina Senen ing wuku-wuku ing ngisor iki:
Wuku Sinta ing dina Senen Pon. Wuku Warigalit ing dina Senen Kliwon. Wuku Langkir ing dina Senen Pahing. Wuku Tambir ing dina Senen Wage. Wuku Bala ing dina Senen Legi.
Dina ing dhuwur mau kalebu waler sangker lan perlu disingkiri yen duwe keperluan kang wigati, kayata: mantu, gawe omah, boyongan lsp. Ananging dina-dina mau becik kanggo ngadoni upas, racun lsp. Mula becik kanggo miwiti buka usaha: obat nyamuk, pestisida, racun tikus lsp.
DHUNGULAN
Dhungulan iku tiba ing dina Ahad Pahing, Senen Pon lan Selasa Wage ing Wuku Galungan. Dhungulan iku uga diarani Kalarenteng lan Dhendhan Kukudan. Dhungulan diarani apese para dewa. Dene dewa kang ngalami apes yaiku: Dewane Angkasa, Dewane Bantala, Dewane Samudra lan Dewane Kutu- kutu Walang Ataga. Dhungulan uga diarani Ringkel Agung, nganti para dewa mau ing dalem telung dina ora wani nindakake samubarang gawe kang wigati. Mula kita becike nyingkiri dina-dina mau.
KALA DITE
Kala Dite yaiku dina Dite kang lumrahe diarani dina Ahad miturut penanggalan Jawa lan yen miturut penanggalan Masehi diarani dina Minggu. Kala Dite kalebu dina kang perlu disingkiri, awit nalika iku lagi jaya-jayane Kala Sengkala lan Kala Singha. Tembung Singha iku sabenere jejuluke Bathara Kala. Nalika Kala Dite wong ing dalem kahanan mutawatiri, luwih-luwih wong kang lair wektu julung, awit nalika iku Bathara Kala lagi nggoleki manungsa kang dadi mangsane. Dene wong kang lair julung arane beda-beda kaya ing ngisor iki.
Julung kembang yaiku bocah kang lair bareng karo mletheke srengenge. Julung Sungsang yaiku bocah kang lair nalika jam 12.00 awan (tengange). Julung Sarap yaiku bocah kang lair nalika srengenge arep mingslep. Julung Caplok yaiku bocah kang lair nalika bareng karo srengenge mingslep.
Bocah utawa wong kang lair tiba julung mau dadi jatahe Kala Singha, yaiku Bathara Kala. Mula becike aja nindakake pakaryan ing panggonan kang bebayani. Kaya nebang kayu ing alas lsp. Amarga Kala Dite kalebu waler sangker, mula yen duwe perlu kang wigati, kayata mantu, gawe omah, boyongan lsp, becike disingkiri.
Kajaba bocah utawa wong kang lair tiba julung dadi jatahe Bathara Kala, isih ana maneh bocah utawa kang dadi jatahe Bathara Kala, yaiku wong sukerta.
Dina Kala Dite mau kaya ing ngisor iki:
Wuku Warigagung tiba dina Ahad Legi. Wuku Kuruwelut tiba dina Ahad Wage. Wuku Wugu tiba dina Ahad Pahing.
KALA MENDEM
Kala Mendem yaiku wektu kang dipanggoni Jabung Kala Jaya Bumi suwene 7 dina diwiwiti saka dina Ahad Pon nganti tumekane dina Sabtu Wage nalika Wuku Kurantil, Wuku Mandasiya, lan Wuku Prangbakat kang dununge ana ngisor. Nalika Jabung Kala Jaya Bumi ana ngisor, aja miwiti pegaweyan kang tumuju marang dununge wuku, yaiku mengisor. Awit diarani marani dununge wuku.
Dununge wuku dijaga dening Jabung Kala Jaya Bumi awan bengi. Jabung Kala Jaya Bumi miturut riwayat kedadeyane wuku arupa raseksa kang nggegirisi. Dene pegawean kang tumuju marang dununge wuku ana ngisor, contone pemancangan pondhasi kanggo gedung, dalan tol, ngedhuk sumur, pasang pondhasi gawe omah, miwiti bukak tambang minyak lsp. Dene kanggo keperluan liyane bisa diwiwiti, kayata duwe hajat mantu, sunatan, boyongan, ngunggahake kuda-kuda lsp.
ANGGARA KASIH
Dina Selasa Kliwon kang uga diarani dina Anggara Kasih, tumraping bebrayan Jawa kang isih nglestarekake kabudayan para leluhure dianggep dina kang wigati, awit diyakini nduweni daya kaluwihan tinimbang dina-dina liyane, kayata:
I. Dina kawitane masa wuku lan sadapur masa wuku
Dina Selasa Kliwon ing pawukon kalebu dina ala, awit dadi kawitane masa wuku lan sadapur masa wuku. Sadurunge ngerteni apa sebabe dina Selasa Kliwon iku kalebu dina kang ala, luwih dhisik kang kudu kita ngerteni yaiku apa masa wuku lan sadapur masa wuku iku.
Masa wuku yaiku wektu kang suwene 35 dina, diwiwiti dina Selasa Kliwon Wuku Mandasiya lan dipungkasi ing dina Senen Wage. Masa wuku cacahe ana 12, yaiku wiwit masa Kasa tumekane masa Sadda.
Sadapur masa wuku iku umure 12 masa wuku yaiku wiwit masa Kasa nganti masa Sadda. Dadi umure sadapur masa wuku ana 12 x 35 dina = 420 dina. Yen dideleng umure taun Jawa dalem setahun 354 dina ing taun wastu lan 355 dina ing taun wuntu. Dina kang dadi wiwitane taun kalebu dina ala kang diarani naas taun. Mula ora karan aneh yen dina kang dadi kawitane masa wuku kang uga dadi kawitane sadapur masa wuku lan umure luwih akeh tinimbang umure taun Jawa uga kalebu dina ala. Ananging dina kang dadi kawitane masa wuku mau ora diarani naase wuku, nanging diarani Anggara Kasih , awit kabeh dina mau tiba ing dina Anggara Kasih. Beda karo naas taun, saben ganti taun dina kang dadi wiwitane taun yaiku tanggal 1 Sura tansah beda karo taun candhake lan taun sadurunge.
Dina Selasa Kliwon utawa Anggara Kasih kang dadi kawitane masa wuku lan sadapur masa wuku, yaiku dina Anggara Kasih ing:
Wuku Mandasiya kang tiba masa wuku Kasa lan Kapitu. Wuku Tambir kang tiba masa wuku Karo lan Kawolu. Wuku Prangbakat kang tiba masa wuku Katelu lan Kasanga. Wuku Dhukut kang tiba masa wuku Kapat lan Kasapuluh. Wuku Kurantil kang tiba masa wuku Kalima lan Desta (11). Wuku Julungwangi kang tiba masa wuku Kanem lan Sadda (12).
Wuku Mandasiya kang tiba masa wuku Kasa lan Kapitu. Wuku Tambir kang tiba masa wuku Karo lan Kawolu. Wuku Prangbakat kang tiba masa wuku Katelu lan Kasanga. Wuku Dhukut kang tiba masa wuku Kapat lan Kasapuluh. Wuku Kurantil kang tiba masa wuku Kalima lan Desta (11). Wuku Julungwangi kang tiba masa wuku Kanem lan Sadda (12).
II. Wulan Sunya
Wulan kang ora ana dinane Selasa Kliwon diarani Wulan Sunya tegese wulan suwung. Wulan mau kalebu wulan kang disiriki senajan wulan kasebut maune duweni watak kang becik kanggo samubarang keperluan, nanging amarga ora kanggonan dina Selasa Kliwon wulan kang maune watake becik dadi ala.
Conto: wulan Sapar lan Ruwah ing taun Je. Amrih gamblange wulan kang kalebu wulan Sunya ing saben taun kaya ing ngisor iki.
Taun Alip: Wulan Jumadilakir lan Besar. Taun Ehe: Wulan Jumadilakir. Taun Jimawal: Wulan Sura lan Rejeb. Taun Je: Wulan Sapar lan Ruwah. Taun Dal: Wulan Sapar lan Pasa. Taun BE: Wulan Mulud lan Sawal. Taun Wawu: Wulan Bakdomulud lan Sawal. Taun Jimakir: Wulan Jumadilawal lan Sela
III. Ing panggonan tertamtu dina Selasa Kliwon uga dianggep dina kang becik kanggo tirakat ing papan-papan pasujarahan. Kajaba dina Selasa Kliwon uga dina malem Jumuah Kliwon, kayata ing wewengkon Jawa Tengah sapengulon. Nanging yen ing Jawa Timur umume dina malem Jumuah Legi .
IV. Dina kanggo sesaji pusaka
Mula bukane wong Jawa sesaji pusaka ing dina Selasa Kliwon iku caritane kaya ing ngisor iki.
Prabu Bramasatapa ing praja Gilingwesi putrine kang aran Dewi Satapi musna tanpa karana. Sang Prabu dalah keng garwa Dewi Ryataddhi banget sungkawaning galih. Ing kahanan lagi nandhang musibah kaya mangkono karawuhan utusan Prabu Mahawan saka praja Purwacarita saperlu nglamar putrine kang aran Dewi Srini, bakal kadhaupake karo putrane Prabu Mahawan kang aran Raden Wahnaya. Prabu Bramasatapa uga ora kabotan, waton Dewi Satapi wis ketemu. Utusan saka praja Purwacarita banjur nyuwun pamit. Sapungkure utusan mau Sang Prabu nimbali Patih Pujangkara kautus sowan Dewi Rukmawati ing Wukir Mahendra saperlu nyuwun pitedah ana endi dununge Dewi Satapi.
Satekane ing Wukir Mahendra Patih Pujangkara matur yen diutus Prabu Bramasatapa nyuwun pirsa bab musnane Dewi Satapi. Dewi Rukmawati paring dhawuh yen kang bisa nemokake Dewi Satapi ora liya putrane Ki Patih dhewe kang aran Arya Saddhaskara. Amrih Ki Patih ora kadakwa nyingidake Dewi Satapi, mula Dewi Rukmawati paring eguh pratikel marang Ki Patih sowan Sang Prabu Mahawan supaya nyaguhi nggoleki Dewi Satapi. Nanging yen wis bisa nemokake apa pituwase.
Prabu Mahawan uga nayogyani malah paring pituduh yen sowan Sang Prabu Bramasatapa putrane si Arya Saddhaskara diajak pisan. Satekane ing Praja Gilingwesi Ki Patih ngaturake kabeh dhawuhe Dewi Rukmawati dalah Prabu Mahawan ing Purwacarita. Sang Prabu Bramasatapa paring dhawuh supaya Ki Patih biwarakake sapa sing bisa nemokake Dewi Satapi kadadekake jodhone yen lanang lan yen wadon kadadekake sadulure sinarawedi.
Dene Ki Patih si Arya Saddhaskara tinari apa gelem melu ngleboni sayembara, dheweke matur sendika dhawuh lan dening Sang Prabu Bramasatapa uga dikeparengake. Arya Saddhaskara madal pasilan kanthi nyuwun berkah pangestune Sang Prabu lan keng rama. Lakune Arya Saddhaskara nlasak wana munggah gunung mudhun jurang kanthi cegah dhahar lan sare sarta tansah nyenyuwun pitedah marang Kang Maha Agung amrih bisa kasembadan kang dadi sedyane. Ing satengahing alas gung liwang-liwung Arya Saddhaskara krungu tangise pawestri, banjur digoleki ing endi prenahe swara mau. Weruh ana pawestri kang lagi nandhang susah, kawistara saka olehe nangis kelara-lara, banjur ditakoni dening Arya Saddhaskara, kowe kuwi sapa lan apa sebabe dene kowe kok nangis kelara-lara kaya mangkono?
Pawestri mau mangsuli kandha yen dheweke iku Pisaci, bangsane brekasakan wedok lan olehe nangis iku amarga ditinggal bojone melu nglurug perang nganti tekan seprene ora ana kabare. Dheweke kangen banget lan kepingin ketemu senajan mung sedhela awit lagi ngidam. Mula aku nyuwun tulung panjenengan yen bisa nekakake bojoku senajan amung sedela wae. Arya Saddhaskara mesakakake banget deleng kahanane Pisaci mau, nanging arep kepriye olehe nggoleki, awit ora weruh rupane sing lanang kaya apa.
Mula banjur kandha, “He Pisaci upama aku bisa weruh bojomu aku ya saguh nggoleki lan nekakake mrene”.
Pisaci matur yen dheweke duwe lenga pranawa kang khasiate yen ditetesake ing mripat bisa weruh ing gaib lan yen ditetesake ing kuping bisa ngrungokake omongane bangsa lelembut.” Lha ning kepriye olehku bisa meruhi yen Pisaca iku bojomu, awit kumpul bangsa Pisaca semono akehe?”
Pisaci mangsuli, “Bab kuwi gampang angger panjenengan bisa singsot mesthi mara nggoleki banjur beksa ngleter lan pamrihe amrih gelem mulang singsot lan lelagon marang dheweke.”
“Nek pancen mangkono aku iya saguh nggoleki bojomu.”
Pisaci ngulungake lenga pranawa marang Arya Saddhaskara banjur katetesake ing mripat sarta kuping. Sanalika alas gung liwang-liwung ilang saka pandulune, ganti desa kang asri pepak saisen-isene kang katon.
“Heh Pisaci, bojomu dhisik olehe lunga lewat endi?”
“Liwat sisih kidul kuwi terus bablas nganti ora katon ing pandulu.”
“Yen mangkono aku dak budhal nggoleki bojomu, karia slamet lan aja susah atimu.”
Lakune Arya Saddhaskara sadalan-dalan meruhi alam padesan kang pepak saisen-isene. Bareng wis adoh olehe lumaku, weruh akeh wong kumpul-kumpul kaya kapantha-pantha dadi barisan. Ing batin Arya Saddhaskara duwe panduga iku mesthi barisane para Pisaca, mula dheweke banjur singsot lelakon Bramara. Sanalika ana Pisaca teka karo jejogedan lan ngomong, “Lah enak temen lelagon iki bisa gawe sumrah rasaning ati. Bok aku wurukane lelagon iki.”
Arya Saddhaskara sumaur, “Mengko ta kisanak, kowe kuwi bangsa apa lan sapa jenengmu?”
Pisaca kaget banget dene ana wong bisa ngerti omongane, kamangka sasuwene iki durung tau weruh bangsa manungsa ngerti omongane.
Wangsulane Picasa kanthi aris, “Aku Pisaca, bangsane brekasakan lanang lan jenengku Wulinga.”
“Apa kowe duwe bojo Pisaci?” mangkono pitakone Arya Saddhaskara.
“Iya, kabeh Pisaca bojone ya Pisaci lan bojoku jenenge Darti kang saiki lagi ngidam.”
“Satemene bojomu meling marang aku supaya kowe mulih sedhela wae, awit kangen banget marang kowe.”
Pisaca mangsuli, “Lah kepiye olehku bisa mulih, abot-abote dadi reh-rehan ora bisa nyingkiri parentah. Awit bangsa Pisaca iku kabeh kabawah parentah tedhake Sanghyang Kala kang aran Ditya Singosari. Ing wektu iki Ditya Singosari lagi ngimpun kekuatan arep ngrabasa praja Gilingwesi. Wulinga kandha satemene bangsa Pisaca kabeh ora seneng marang Ditya Singosari, nanging ora ana sing wani nulak parentahe, awit padha wedi yen kena ukum. Yen panjenengan wani mateni Ditya Singosari aku duwe pengapesane yaiku arupa Sela Timpuruy, nanging kabeh bangsa Pisaca ora bisa migunakake. Awit kudu katulis Rajahkala muksa dimantrani Aji Danurdhara. Mula yen panjenengan saguh ayo daktepungake panggedhene para pisaca kang aran Rajabahli, nanging yen panjenengan gelem paring piwulang singsot mawa lelagon kaya sing dakrungu mau. Bab kuwi gampang ayo rungokna sing setiti aku daksingsot kanthi lelagon.
Karo njoged ngleter wulinga nirokake singsot lelagon Bramara kang dilagokake Arya Saddhaskara sinambi mlaku nggoleki Rajabahli. Bareng wis ketemu lan ditepungake, kabeh padha sarembug arep merjaya Ditya Singosari. Arya Saddhaskara nyipta Sela Timpuruy dadi senjata kang ampuhe kagila-gila, banjur nggoleki dununge Ditya Singosari. Ketemu ana ngarep wiwarane guwa banjur perang bandawalapati nganti Ditya Singosari kelakon kaprajaya dening Arya Saddhaskara.
Surake Pisaca ambata rubuh saka gembiraning ati. Rajabahli parentah marang para Pisaca olehe arep ngrabasa praja Gilingwesi diwurungake lan kabeh dikeparengake bali marang panggonane dhewe-dhewe. Wulinga banjur ngaturake panuwun marang Arya Saddhaskara lan nyuwun pamit marang Rajabahli. Sawise para Pisaca padha bubaran, Rajabahli kandha marang Arya Saddhaskara yen Ditya Singosari duwe bojo kang banget sulistya ing warni disingitake ana sanjerone guwa.
Arya Saddhaskara wis ngira yen putri iku Dewi Satapi, mula enggal-enggal mlebu ing sajrone guwa. Pranyata bener kandhane Rajabahli, ing jero guwa katon putri kang digoleki, ijen tanpa rowang katon suntrut banget polatane. Banjur sang putri dikandhani dening Arya Saddhaskara mula bukane nganti tumeka ing guwa mau. Sang putri bisa nampa kabeh katrangan mau lan nalika diajak kondur menyang praja Gilingwesi ora suwala malah ndadekake gembiraning atine.
Rajabahli atur pamrayoga amrih gancaring laku Dewi Satapi becike kalebokake ing Sela Timpuruy kanthi kacipta dadi tilamsari minangka papane sang dewi. Arya Saddhaskara banjur nyipta tilamsari ing sanjerone Sela Timpuruy lan Dewi Satapi kapernahake ing tilamsari mau. Kanggo nggancare laku Rajabahli ngaturi pamrayoga maneh supaya liwat gegana anut lakuke angin dene sarane wis kaaturake dening Rajabahli. Mila sakedhep netra wis tekan ing praja Gilingwesi banjur sowan Sang Prabu Bramasatapa kang lagi nandhang kingkin kaadhep Ki Patih Pujangkara lan keng garwa ngantu-ngantu tekane kang lagi ngleboni sayembara.
Nguningani tekane si Arya Saddhaskara tanpa rowang gita-gita oleh mapagake lan ndangu kepiye asile olehe nggoleki Dewi Satapi. Arya Saddhaskara ngaturake sakabehe lelakon marang Sang Prabu Bramasatapa lan ngaturake Sela Timpuruy kang isi Dewi Satapi. Sang Prabu sawise nampani Sela Timpuruy duwe panduga yen kang nyingidake Dewi Satapi iku si Arya Saddhaskara dhewe.
Rajabahli tanggap ing semu banjur njawil Arya Saddhaskara supaya ngaturake lenga pranawa supaya katetesake ing netra lan ing karnane Sang Prabu. Sanalika Sang Prabu Bramasetapa pirsa yen si Arya Saddhaskara ora ijen, nanging ana rewange kang lungguh ana burine. Banjur ndangu marang Arya Saddhaskara.
“Sapa kang lungguh ana mburimu kuwi?” Arya Saddhaskara matur yen iku Rajabahli kang maringi Sela Timpuruy, banjur ngaturake lelakone karo Rajabahli nganti tumekane sowan ing ngarsane Sang Prabu.
Saka rasa syukure Sang Prabu Bramasatapa dalah keng garwa marang Kang Akarya Jagad, sapandurat ora bisa ngendikan. Netrane kaca-kaca kembang waspa, banjur Dewi Satapi rinangkul sesarengan kelawan keng garwa.
Bareng Sang Prabu Bramasatapa dalah keng garwa wis sareh banjur ndangu Dewi Satapi mula bukane bisa ketemu Arya Saddhaskara. Sang Dewi matur wiwit ketemune Arya Saddhaskara nganti tumekane praja Gilingwesi disowanake keng rama lan ibu. Kabeh mau cocok karo atutre Arya Saddhaskara lan Rajabahli. Sang Prabu Bramasatapa ngendika marang Ki Patih Pujangkara yen wis dadi kersane Kang Maha Agung si Arya Saddhaskara dadi jatukramane Dewi Satapi. Ki Patih Pujangkara matur kasinggihan.
Minangka atur panuwune Sang Prabu marang Rajabahli, dheweke dipasrahi ngreksa putra wayahe praja Gilingwesi saisine. Rajabahli matur sendika nanging nyuwun manggon ana ing Sanggar Palanggatan lan saben Anggara Kasih nyuwun sesaji sekar konyoh lan dikutuki dupa. Sang Prabu Bramasatapa ora kabotan, nanging bareng mirsani sanggar palanggatan katon ana bale kencana lan ana kang murub mangalad-alad. Sang Prabu bisa pirsa bale kencana lan geni kang mangalad-alad ing sanggar palanggatan saka dayane lenga pranawa mau. Banjur ndangu Rajabahli.
“Kae apa Rajabahli ?”
“Menika kumaranipun Ditya Singosari arupi jalegi badhe ngrabasa dhumateng panjenengan, Sinuwun.”
Sang Prabu Bramasatapa gugup, banjur paring dhawuh marang Rajabahli supaya nyirnakake jalegi mau. Rajabahli nyembah banjur marani dununge sanggar palanggatan lan adu tiyasa karo jalegi, wusanane bisa nyirnakake jalegi mau. Sasirnane jalegi Prabu Bramasatapa paring dhawuh marang Rajabahli, “Heh Rajabahli, sira lestaria manggon ing sanggar palanggatan kene lan reksanen iki kagungan ingsun sesotya Matuwahni, sela Timpuruy lan lenga pranawa, sarta sakabehe pusakaning keraton ing Gilingwesi kene ingsun bubuhake marang sira.
Rajabahli matur sendika angayahi jejibahan kang kasangkulake ing pundhake kanthi rasa mongkog ing ati , awit pinarcaya dening Sang Nata lan bisa napak tilas jejibahane leluhure. Awit kang rumeksa bale kencana mau nalika jaman Prabu Watugunung eyange kang aran Rajasentruy banjur kawarisake marang bapake kang aran Rajawikila. Ya wiwit iku kang tiniru dening para punggawa nganti tumeka bebrayan agung padha sesaji kembang boreh lan kekutug dupa utawa kemenyan saben malem Selasa Kliwon ing sanggar pelanggatan lan panggonan nyimpen wesi aji.
Kajaba saka iku, uga wiwit kedadean ing dhuwur, para pinisepuh paring penget marang putra wayahe, amrih ora singsot ing wayah bengi, supaya ora diparani dening lelembut bangsane brekasaan mau.
JB 50/LX, 13-19 Agustus 2006
Description: Waler Sangker,
Rating: 4.5,
Reviewer: Jrink Hetfield,
ItemReviewed: Waler Sangker