Bebuka
Junggring Salaka punika namaning gegrombolanipun tiyang beja, inggih punika pepanggihanipun tiyang-tiyang ingkang sami kraos beja, jalaran mangertos dhateng kawruh beja, perlu gineman rerembagan bab kawruh beja, dados Junggring Salaka punika dede paguron, mila boten wonten guru-murid. Ugi dede pakempalan, jalaran anggenipun sami pepanggihan punika wau boten wonten ingkang aken utawi menging, namung saking kraosipun piyambak, mangertosipun piyambak, anyekapaken butuhipun piyambak, inggih punika perlu namung ngrembag bab kawruh beja, tanpa ancas utawi tujuan punapa-punapa, mila boten wonten bestuur, lid, kontributie lan sapanunggalanipun ingkang dados praboting pakempalan.
Gegrombolan Junggring Salaka punika wontenipun namung tiyang-tiyang beja sami pepanggihan gineman maligi ngrembag bab kawruh beja dumugi saprincen-princenipun, sarana sami negesi sesarengan, wasana ngantos sami kraos lan mangertos sesarengan seneng, beja sesarengan.
Bageyan I
JUNGGRING SALAKA
JUNGGRING SALAKA
A. Junggring Salaka
Junggring Salaka punika namanipun gegrombolanipun tiyang beja, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sami nyinau kawruh beja dumugi mangertos lan kraos beja, sami papanggihan rerembagan, lajeng wujud tiyang kathah sami gegrombolan. Tiyang ingkang kraos beja, jalaran mangertos dhateng kawruh beja, lajeng kraos betah nandhes njembaraken lan nular- nularaken bejanipun, punika sampun wateging raos beja, boten kenging dipun ken utawi dipun penging. Dados tiyang-tiyang beja punika raosipun sami, kawruhipun sami, butuhipun inggih sami, mila lajeng sami pepanggihan rerembagan kaliyan kanca-kancanipun, perlu sami nyekapaken butuhipun inggih punika nandhes njembaraken lan nular-nularaken bejanipun sesarengan, lajeng wujud gegrombolan, mawi dipun tengeri nama Junggring Salaka, supados pilah boten carub kaliyan gegrombolan sanes-sanesipun. Mirid carios padhalangan Junggring Salaka punika kraton utawi kayanganipun Bathara Guru, inggih punika, papan pepanggihanipun para dewa lan dewi. Dene gegrombolan Junggring Salaka punika papan panggenanipun para kanca-kanca ingkang sami kraos beja, jalaran mangertos dhateng kawruh beja.
Mila para kanca-kanca beja wau, ugi kenging kawastanan dewa lan dewi. Kados makaten wau boten langka, awit dewa lan dewi ingkang kacariyos ing padhalangan punika, wujudipun warni-warni, wonten ingkang wujud kutu-kutu walang ataga kadosta: gajah, yuyu, sawer lan sanes-sanesipun. Dados para kanca beja punika, inggih ugi kenging kawastanan Dewa lan Dewi, sanajan awujud kutu-kutu walang ataga.
Dene anggenipun sami rerembagan para kanca beja wau, namung dhapur kandha lan taken. Ingkang dipun kandhakaken lan dipun takenaken boten liya namung bab kraosipun lan mangertosipun dhateng kawruh beja. Ingkang mangertos sami kandha, ingkang boten mangertos sami taken, lajeng sami negesi sesarengan, ngantos sami mangertos sesarengan beja sesarengan. Mila gegrombolan Junggring Salaka, punika dede paguron, dados boten wonten guru-murid. Inggih ugi dede pakempalan, dados boten wonten bestuur, lid, contributie, ancas (tujuan) lan sapanunggilanipun ingkang dados praboting pakempalan, inggih boten wonten. Wontenipun boten liya namung tiyang sami maligi ngrembag kawruh beja. Mila boten gumantung jaman, papan, cacah lan kawontenan. Wanci punapa kemawon, wonten ing pundi kemawon, tiyang kathah punapa sakedhik, mawi segahan punapa tanpa segahan, pokok uger ngrembag kawruh beja, inggih punika Junggring Salaka. Oados tumindakipun gegrombolan Junggring Salaka punika namung gampil-gampilan kemawon tur sapele, lha,tiyang namung ngrembag kawruh.
Kangge nggampilaken sesambetanipun kanca beja kaliyan kanca beja ing sanes panggenan, wonten kanca beja ingkang dados panitiya minangka adres, sarta sagah nyekapaken kabutuhaning Junggring Salaka ing panggenanipun piyambak-piyambak. Para kanca beja ingkang sami purun dados panitiya wau saking kraosipun piyambak, mangertosipun piyambak, weruhipun piyambak, yen anggenipun dados panitiya punika, perlu nyekapaken butuhipun piyambak, dados boten wonten ingkang aken utawi penging. Panitiyaning Junggring Salaka punika dipun wastani panitiya Windu Kencana. Mila dipun wastani panitiya Windu Kencana, jalaran wohing pepanggihan gegrombolan Junggring Salaka, punika mahanani gumelaring jagat beja, tegesipun tiyang-tiyang sami kraos beja sesarengan, mahanani kraos sugih lan guyub sesarengan, seneng-seneng sesarengan, inggih punika jaman Windu Kencana.
Gegrombolan-gegrombolan Junggring Salaka wau, dipun golong-golongaken. Pinten-pinten Junggring Salaka dhusun utawi kampung kadadosaken sagolongan nama Sub-Central; pinten- pinten Sub-Central kagolongaken dados satunggal nama Central; sadaya Central kadadosaken satunggal nama Central-Umum. Mila kadamel kados makaten, supados sadaya kanca beja anggenipun sami nyekapaken butuhipun nandhes njembaraken lan nular-nularaken bejanipun sageda sami, sesarengan kaliyan sadaya kancanipun ing panggenan pundi kemawon sawetah, awit sami kraos lan mangertos yen anggenipun sami nyekapaken butuhipun wau boten saged manjila ijen, jalaran sami kraos lan mangertos yen sadaya kanca beja, punika raosipun sami, kawruhipun sami, butuhipun inggih sami, inggih punika sami butuh nandhes njembaraken lan nular-nularaken bejanipun.
Wohing nandhes lan jembaring kawruh beja wau, princen-princenipun dados kawruh Junggring Salaka. Dene kawruh Junggring Salaka, punika wonten sekawan perangan:
1. Bab kawruh, princen-princenipun dados kawruh pikiran lan sapanunggilanipun.
2. Bab aku, princen-princenipun dados kawruh dhukun, jeksa, guru, ratu lan sapanunggilanipun.
3. Bab karep, princen-princenipun dados kawruh bab gesang lan panggesangan prabotipun tigang prakawis, inggih punika semat, drajat, kramat, lan sapanunggilanipun.
4. Bab jasad, princen-princenipun dados kawruh badan wadhag sarta barang adon-adon (barang dumadi) lan sapanunggilanipun.
Nandhes lan nJembaraken
Dene anggenipun nandhes lan njembaraken kawruh Junggring Salaka punika wau dipun sesorahaken, supados sageda kalampahan lan gampil. Mangka sesorah punika sami kaliyan kandha. Lo, rak gampil tumrapipun ingkang kandha boten murga, jalaran tiyang punika padintenanipun inggih kandha punapa-punapa. Tumrap ingkang dipun sesorahi, uger sampun kalampahan mirengaken, inggih sampun cekap, lo rak inggih gampil, jalaran tiyang punika padintenanipun inggih mirengaken punapa-punapa.
Kawruh Junggring Salaka wau, princen-princenipun boten saged rampung dipun sesorahaken sami sanalika, mila lajeng dipun kethok-kethok, dipun sambet-sambet, sakethok-kethokipun dipun wastani seri.
Nandhesing raos punika, dumugi kraos, mangertos, weruh karep punika dudu aku, ngantos saged kraos, mangertos dhateng weruh utawi aku sawateg-wategipun, lajeng jembar raosipun, tegesipun saged milah-milahaken sawarnining sadaya raos-raos, ingkang kraos wonten ing awakipun piyambak utawi tiyang. Ingkang pokok pilahing raos bungah susah kaliyan beja cilaka, inggih punika pilahing raos ingkang ngraosaken kaliyan raos ingkang dipun raosaken. Bungah punika jalaran karep kalampahan, susah punika jalaran karep boten kalampahan, dados bungah susah punika raosing karep.
Cilaka punika jalaran boten mangertos boten weruh dhateng raosing karep, tegesipun boten saged ngraosaken raosing karep, inggih punika boten madeg pribadi weruhipun utawi aku. Beja punika jalaran mangertos, weruh dhateng raosing karep, tegesipun saged ngraosaken raosing karep, inggih punika madeg pribadi weruhipun utawi aku. Dados aku punika, raos ingkang ngraosaken, karep punika inggih raos, raos ingkang dipun raosaken. Dene raos sakeca, boten sakeca (sakit) punika lairing raos bungah susah wonten ing raga (jasad), dados jasad punika boten kraos punapa-punapa.
Nandhesing kawruh, punika dumugi mangertos kados pundi caranipun mangertosaken dhateng tiyang liya, sagedipun tiyang wau mangertosaken kados dene awakipun piyambak anggenipun mangertos dhateng kawruh beja, lajeng jembar kawruhipun. Jembaring kawruh, punika dumugi kraos, mangertos, weruh dhateng karep lan jasad sawateg-wategipun, jalaran karep lan jasad punika ingkang dipun weruhi, mahanani babaring kawruh peprincenipun princen-princening kawruh Junggring Salaka, kadosta: Kawruh bab ungkul, Kawruh laki-rabi, Kawruh pangupajiwa lan sapanunggilanipun.
Raos Beja Lair
Yen kawruh beja punika sampun nandhes lan jembar kados makaten samesthinipun raos beja lajeng lair wonten saranduning tiyang, manawi boten lair wonten saranduning tiyang, punika dede samesthinipun, kados dene babal punika samesthinipun dados nangka, manawi lajeng bungker boten dados nangka, punika dede samesthinipun.
Dados nandhes lan jembaring kawruh beja, punika murugaken lairing raos beja wonten saranduning tiyang, jalaran saben weruh dhateng satunggaling babing tiyang, temtu lajeng negesi, upaminipun bab laki-rabi, raos beja lajeng lair wonten ing laki-rabi, lajeng laki-rabinipun beja. Kados makaten dhateng bab sanes-sanesipun, saben weruh lajeng negesi, raos beja lair, kadosta: wonten ing pangupajiwa, momong, tetanggan, bayen, biraen, penganten, kepaten lan sapanunggilanipun. Wasana tiyang lajeng sarwa beja.
B. Tindak Wohing Kawruh
Yen raos beja sampun lair wonten saranduning tiyang, lajeng sadaya tindaking tiyang wau miturut weruhipun. Mila pepanggihan Junggring Salaka, punika papan ginemanipun tiyang weruh sami weruh, perlu sami rerembagan, dede ginemanipun karep kaliyan karep, ingkang mawi pathokan, aja ngono, kudu ugono, mila wohing ginemanipun karep punika namung anggega utawi boten anggega. Yen anggega lajeng kemrungsung pados dipun gega sesarengan, yen boten anggega lajeng udur paben. Dene rerembaganipun tiyang weruh sami weruh, punika mawi pathokan weruhipun. Mangka weruhipun sami, ingkang dipun weruhi sami, dados cocok, mila lajeng saged negesi sesarengan ngantos sami mangertos sesarengan. Wohipun sami wening tentrem, seneng, beja sesarengan.
Rerembagan Luluh
Rerembaganipun tiyang beja sami beja, punika mawi pathokan weruhipun, mangka sami pitados dhateng weruhipun, mila temtu luluh inggih punika sirnaning raos aku-kowe, lajeng boten sangga runggi anjajagi raos rumaosing tiyang ingkang dipun luluhi. Mila yen Junggring Salaka punika katrajang karep, ingkang wategipun boten saged luluh, lajeng bibar, awit pathokaning karep, "aja ngono, dudu ngono", punika raosipun kemrungsung dheg-dhegan, buneg, yen ngrepda temtu dados udur paben, sanajan katingalipun taksih sami gineman jejagongan. Ewa dene sanajan sampun udur, yen saged kasawang dipun tuturi, temtu saged sirna lajeng tentrem malih.
Luluh Negesi
Yen rerembagan punika saged luluh, lajeng saged sesarengan negesi dhateng bab ingkang dipun rembag, raos beja lajeng lair wonten ing bab punika. Raosing teges punika seneng beja, mila ingkang sami pepanggihan wonten ing Junggring Salaka, punika sami seneng-seneng, beja.
C. Nular-nularaken Beja
Tiyang ingkang sampun kraos beja, jalaran mangertos kawruh beja, temtu lajeng kraos betah nular-nularaken bejanipun dhateng tiyang liya. Kados makaten punika sampun wategipun raos beja, boten kenging dipun ken utawi dipun penging, jalaran tiyang beja temtu kraos kogel, yen tiyang liya boten tumut ngraosaken beja. Kraos kogel kados makaten punika dipun wastani sih. Saben weruh tumanduk dhateng tiyang liya, tegesipun weruh dhateng raos rumaosing tiyang liya, lajeng sih, inggih punika thukul sihipun, raosipun "aku seneng yen wong liya uga beja," mila inggih lajeng nular-nularaken bejanipun.
Sarananipun Nular-nularaken Beja
Sarananipun nularaken beja punika kandha, inggih punika ngandhakaken kawruh beja. Anggenipun kandha wau sagedipun kacepeng perlunipun, yen ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani luluh. Dene perlunipun anggenipun kandha wau, supados ingkang dipun kandhani saged mangertos lan kraos seneng, beja.
Kandha Luluh
Yen ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani luluh, ingkang dipun kandhani temtu saged mangertos lan kraos, seneng beja. Sagedipun ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani punika luluh, yen ingkang kandha mangertos dhateng pathokaning kandha. Yen ingkang kandha boten mangertos dhateng pathokaning kandha, temtu boten saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, jalaran anggenipun kandha salah kedaden, boten butuh mangertosaken, nanging butuh dipun gega, lajeng dados nelukaken tiyang. Mangka dipun telukaken punika dede butuhing tiyang, wasana angsal-angsalanipun anggenipun nularaken beja malah dados paben, congkrah, cilaka. Mila yen badhe nularaken beja sarana kandha kawruh beja, perlu langkung rumiyin mangertos pathokaning kandha
Bageyan II
PATHOKANING KANDHA
A. Pathokaning Kandha
Pathokaning kandha punika weruh ingkang kandha punapa, ingkang dipun kandhani punapa, ingkang dipun kandhakaken punapa. Dene yen nular-nularaken beja, punika pathokanipun weruh, ingkang kandha tiyang, ingkang dipun kandhani tiyang, ingkang dipun kandhakaken tiyang. Mangka tiyang punika gadhah dhasar raos sami, mila ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani saged luluh. Pathokaning kandha kados makaten punika, sakeclapan katingal sapele, boten perlu, nanging yen dipun tlesihaken, lajeng katingal yen mesthi makaten, jalaran yen boten makaten temtu salah kedaden, ingkang kandha ungkul, ingkang dipun kandhani ungkul, ingkang dipun kandhakaken ungkul-ungkulan, kadadosanipun paben, congkrah, cilaka.
Kandha Ungkul
Yen kaling-kalingan ungkul tiyang punika boten saged kandha, boten saged dipun kandhani, upami tiyang sugih kaliyan tiyang mlarat, ingkang katingal namung si sugih kaliyan si mlarat, sanes tiyang sami tiyang. Si sugih, namung murih angsal kauntungan saking si mlarat, si mlarat, namung tansah ngatingalaken mlaratipun, supados dipun tulungi si sugih. Kados makaten ugi jaka kaliyan prawan, ingkang katingal namung si jaka kaliyan si prawan, sanes tiyang sami tiyang. Si jaka, saweg gineman sakecap kemawon, anggenipun ambenakaken blangkon sampun kaping sawidak, dene si prawan, sasolahipun dipun anteng-antengaken utawi dipun rongeh-rongehaken, terkadhang saweg kapethuk kemawon sampun sami dene gemrobyos kringeten sadaya. La wali kaliyan bajingan punapa saged kandha? Inggih temtu boten, ingkang katingal namung si wali kaliyan si bajingan, sanes tiyang kaliyan tiyang. Si wali, saweg badhe gineman kemawon sampun katanggrok. "Yah! Bajingan ki dikandhani apa, dikandhanana becik-becik, mengko yen kelimpe ya banjur nyebrot." Dene si bajingan, saweg badhe kandha kemawon sampun katanggrok: "Yah! Wali ki dikandhani apa, dikandhanana becik-becik, mengko yen kledhok olehe kandha sathithik bae, ya banjur nyepatani." Kados makaten kuli kaliyan priyayi, anak kaliyan tiyang sepuh, inggih boten saged kandha, boten saged dipun kandhani.
Gegayuhaning Kandha Ungkul
Dados yen kaling-kalingan ungkul gegayuhaning kandha, punika namung ngupados menang, lajeng dados menang-menangan, ungkul-ungkulan. Angsal-angsalanipun paben, congkrah, cilaka. Mila boten kirang-kirang para kanca beja yen dereng mangertos dhateng pathokaning kandha, badhe nularaken beja malah dados paben.
B. Mesthining Kandha
Yen sampun mangertos dhateng pathokaning kandha, lajeng kraos, mangertos, weruh yen tiyang punika gadhah dhasar raos sami, inggih punika, sami kraos Aku, sami kraos Ana, sami kraos Weruh, sami kraos Pribadi, dados sami kraos Aku Ana Weruh Pribadi. Ingkang kandha temtu saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, lajeng kraos, mangertos, weruh dhateng mesthining kandha, inggih punika Boten Andhaku Kawruh, jalaran sampun luluh dados sirna raos aku-kowe, kawruh medal saking sintena kemawon sami kaliyan kawruhipun piyambak.
Yen boten mangertos dhateng mesthining kandha, lajeng andhaku kawruh, murugaken wonten raos guru-murid, lajeng kawruh beja kangge nelukaken tiyang, ngongkak-angkek tiyang, lha, dados paben, congkrah, cilaka. Mila kandha nularaken beja punika perlu langkung rumiyin mangertos dhateng pathokaning kandha, mesthining kandha, ingkang murugaken saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, supados anggenipun kandha nularaken beja saged katampi ingkang samesthinipun.
Gegayuhaning Kandha
Kandha nularaken beja, punika katampi ingkang samesthinipun yen ingkang dipun kandhani saged mangertos. Yen ingkang dipun kandhani namung anggega nanging boten mangertos, punika boten katampi ingkang samesthinipun. Dados gegayuhaning kandha nularaken beja punika Dipun Mangertosi.
Dene ingkang mepeti utawi ngalang-alangi kacepengipun gagayuhaning kandha punika raos ngaya-aya utawi piyeng-piyeng. Raos ngaya-aya utawi piyeng-piyeng wau saged wonten ingkang kandha, saged wonten ingkang dipun kandhani lan saged ugi sami dene piyeng-piyengipun. Contonipun: ingkang dipun kandhani saweg ngaya-aya dhateng semat. Sadangunipun mirengaken sesorah ingkang dipun rewes inggih namung punapa-punapa ingkang murugaken sugih, mangka kawruh beja punika boten murugaken sugih, sampun temtu boten dipun rewes, tegesipun boten dipun gatosaken, mesthi kemawon boten saged mangertos, lha,tiyang boten ngrewes. Dados gegayuhaning kandha boten saged kacepeng.
Yen raos ngaya-aya wau, wonten ingkang kandha, gegayuhanipun kaplesed, lajeng pados dipun gega boten pados dipun mangertosi. Saking kemrungsungipun pados dipun gega, anggenipun kandha mawi meden-medeni, ngiming-imingi lan pados pikekah-pikekah dhateng tiyang sanes ingkang misuwur utawi buku-buku ingkang misuwur, boten pados pikekah dhateng weruhipun ingkang dipun kandhani, kadadosanipun lajeng uwel-uwelan anggenipun kandha boten terang, murugaken boten saged dipun mangertosi. Tur yen kalampahan dipun gega ribed, jalaran ingkang samesthinipun dipun gega punika sanes kawruh, nanging aken-penging, mangka ngandhakaken kawruh beja punika boten aken boten penging, namung kandha. Lo, rak lajeng cengkah, ribed. Tiyang ingkang anggega punika namung badhe manut miturut, nanging boten mangertos. Mila gegayuhaning kandha inggih boten saged kacepeng. Dados raos ngaya -aya utawi piyeng-piyeng, punika dumunung wonten ing salah satunggal kemawon, gegayuhaning kandha boten saged kacepeng, saya yen ingkang kandha lan dipun kandhani sami dene piyeng-piyengipun gegayuhaning kandha mesthi boten saged kacepeng, jalaran sami dene kemrungsungipun, adhakanipun malah dados paben, congkrah, cilaka.
Reribeding Kandha
Yen sampun terang kados makaten, lajeng mangertos yen Raos ngaya-aya utawi piyeng-piyeng punika dados reribeding kandha, ingkang murugaken boten saged kacepeng gegayuhaning kandha. Mila yen badhe kandha nularaken beja, reribed wau dipun sirnakaken rumiyin. Yen ingkang kandha mangertos wonten piyeng-piyeng dumunung wonten awakipun piyambak, lajeng dipun sirnakaken langkung rumiyin, sarana mangertos yen piyeng-piyeng punika yen katurutan, boten murugaken beja bungah sajege, yen boten katurutan boten murugaken cilaka susah sajege. Dene yen piyeng-piyeng dumunung wonten ingkang dipun kandhani, inggih dipun sirnakaken langkung rumiyin, sarana dipun mangertosaken yen kawruh beja punika boten murugaken sugih, utawi angsal drajat kramat, paedahipun boten liya namung murugaken kraos beja, mangka piyeng-piyeng dhateng semat, drajat, kramat, punika yen katurutan boten murugaken beja bungah sajege, yen boten katurutan boten murugaken cilaka susah sajege. Sirnaning reribed lajeng saged ngrewes dhateng ingkang dipun kandhakaken. Yen boten makaten gagayuhaning kandha temtu boten saged kacepeng, paribasan: Lambe satumang kari samerang, boten wonten paedahipun. Yen reribeding kandha sampun sirna saking ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani, temtu lajeng saged kacepeng gegayuhaning kandha, tegesipun punapa ingkang dipun kandhakaken saged dipun mangertosi dhateng ingkang dipun kandhani, wasana anggenipun kandha nularaken beja saged katampi ingkang samesthinipun.
C. Anggugah Weruh
Yen sampun mangertos terang dhateng gegayuhaning kandha, lajeng tetela yen kandha nularaken beja dhateng tiyang punika bakunipun boten liya namung anggugah weruhipun, supados madeg pribadi weruhipun, jalaran weruh punika ingkang tansah mangertos inggih punika mangertos sawetah, tegesipun yen awakipun piyambak punika mangertos, weruhipun inggih weruh, liripun mangertos yen awakipun piyambak punika mangertos. Yen awakipun piyambak punika boten mangertos, weruhipun inggih weruh, liripun mangertos yen awakipun piyambak punika boten mangertos. Yen sampun madeg pribadi weruhipun tiyang lajeng pitados dhateng weruhipun.
Yen tiyang boten madeg pribadi weruhipun, lajeng pitados dhateng ngira weruhipun, inggih lajeng pitados dhateng kawruh keyakinan, inggih punika: kawruh jare-jarene, patut-patute, lan duga-duga. Pitados dhateng ngira weruh punika ngantos kaplantrang dumugi ngira yen wonten mahaweruh. Mahaweruh punika wau saged ugi tiyang, dewa utawi sanes-sanesipun, ingkang weruh sadaya barang dumadi wonten ing papan pundi kemawon, lan weruh dhateng sadaya lelampahan ing jaman punapa kemawon, inggih punika rumiyin, samangke, benjing. Ngira weruh punika ugi tumanduk dhateng awakipun piyambak, inggih punika jare-jarene aku iki titah, patut-patute titah iku apes, ora bisa apa-apa, duga-duga prayogane nyanak-nyanak marang sing mahakuwasa, lajeng ngebuhaken dhateng ingkang dipun anggep mahakuwasa, lajeng awakipun piyambak dados tetanggelanipun ingkang mahakuwasa, wasana lajeng gumantung dhateng ingkang mahakuwasa, boten madeg pribadi sesamukawisipun. Kadadosanipun thik-thik nenuwun, sarana tirakat, nyenyirik, andedonga, muja semedi, wilujengan lan sanes-sanesipun.
Yen madeg pribadi weruhipun, lajeng saged weruh yen ingkang ngraosaken sakeca lan boten sakeca (sakit), bungah lan susah, beja lan cilaka punika awakipun piyambak, inggih lajeng weruh yen awakipun punika tetanggelanipun piyambak, wasana lajeng luwar saking ngebuhaken lan nenuwun-nenuwun. Lajeng tatag ngakeni punapa leresipun yen mangertos, tatag ngakeni mangertosipun, yen boten mangertos, inggih tatag ngakeni boten mangertosipun. Upami wonten tiyang criyos yen saged kapanggih kaliyan dewa utawi jim saged ngrogoh sukma lan saged dhateng kaelokan sanes-sanesipun, yen ingkang dipun criyosi boten madeg pribadi weruhipun, lajeng thukul ngaya-aya sumeja niru, lajeng memundhi lan nenuwun dhateng tiyang wau, ingkang adhakanipun lajeng dipun lukok-lukokaken. Yen madeg pribadi weruhipun, lajeng tatag ngakeni yen boten nate saged kapanggih dewa utawi jim, tatag ngakeni boten saged ngrogoh sukma lan tatag ngakeni boten mangertosipun dhateng kaelokan sanes-sanesipun, lajeng namung andherekaken wilujeng kemawon dhateng tiyang ingkang criyos saged kados makaten wau.
Yen tiyang boten madeg pribadi weruhipun, temtu boten weruh yen raos beja cilaka punika wonten awakipun piyambak, mila anggenipun pados beja mrika-mrika, lajeng ngaya-aya nggayuh semat, drajat, kramat, awit gadhah panginten yen saged kacepeng murugaken beja bungah sajege, angsal-angsalanipun malah cilaka, jalaran yen boten angsal, raosipun semplah, ngenes, kados pejah-pejaha, yen saged angsal, raosipun kemrungsung, lajeng jengkelitan ngaya-aya pados indakipun ingkang tanpa wates, tur kanthi dheg-dhegan, sumelang yen ingkang sampun kacepeng ical malih. Mila mbejakaken tiyang punika boten cekap yen namung dipun saranani semat, drajat, kramat. Yen madeg pribadi weruhipun, tiyang lajeng mangertos weruh yen beja cilaka punika boten dumunung wonten ngrika-ngrika tegesipun boten dumunung wonten ing barang lan lelampahan, sarta boten gumantung jaman, papan, lan kawontenan, nanging gumantung wonten ing weruhipun, yen weruh beja, yen boten weruh cilaka, lajeng anggenipun pados butuhing gesang lan panggesangan saprabotipun tigang prakawis, inggih punika semat, drajat, kramat, boten dados gegayuhan ingkang murugaken prihatin cilaka, jalaran mangertos weruh yen anggenipun tumandang punika perlu namung nyekapaken butuhipun, mangka angger sampun dipun lampahi, temtu kalampahan cekap, mila lajeng tumindakipun kaliyan tentrem, seneng, beja.
Caraning Kandha
Dados sampun tetela terang nularaken beja punika anggugah weruhipun ingkang dipun tulari supados madeg pribadi, sarana ngandhakaken kawruh beja ngantos saged katampi ingkang samesthinipun, inggih punika dipun mangertosi. Tiyang kandha punika sagedipun dipun mangertosi yen anggenipun kandha urut, jangkep, terang, gamblang lan cetha. Sagedipun kados makaten punika yen ingkang kandha wau mangertos dhateng caraning kandha. Yen sampun mangertos dhateng pathokaning kandha, temtu inggih lajeng mangertos dhateng caraning kandha, jalaran mangertos dhateng ingkang dipun kandhakaken punika punapa, inggih lajeng mangertos weruh dhateng ingkang dipun kandhakaken wau kados pundi, sarta inggih ugi mangertos weruh, lajeng angsal-angsalanipun wonten punapa. Dados caraning kandha ngandhakaken kawruh punika:
1. Nerang-nerangaken ingkang dipun kandhakaken punika Punapa, kalayan gamblang lan cetha.
2. Nerang-nerangaken ingkang dipun kandhakaken punika wau Kados pundi, kalayan gamblang lan cetha.
3. Nerang-nerangaken angsal-angsalanipun Wonten punapa, kalayan gamblang lan cetha.
Yen tiyang ngandhakaken kawruh boten mawi caraning kandha, temtu ruwet, boten terang, lajeng boten saged dipun mangertosi, contonipun: tiyang ngandhakaken bab ingkang mahakuwasa, ujug-ujug ngandhakaken sipat-sipatipun, lan pandamelanipun ingkang mahakuwasa ngantos panjang apunjung, nanging boten dipun kandhakaken langkung rumiyin ingkang mahakuwasa punika punapa kalayan gamblang lan cetha. Mangke yen dipun tlesihaken: ingkang mahakuwasa punika punapa? "La tiyang sampun jumeneng mahakuwasa, kok damel tiyang kemawon wonten ingkang katengkek-tengkek, sugih sambutan, tansah geringen saanak bojonipun, punika kuwasanipun wonten pundi?" Inggih lajeng ruwet, boten terang, boten saged dipun mangertosi. Mila tiyang ngandhakaken kawruh punika sagedipun dipun mangertosi yen anggenipun kandha mawi caraning kandha.
Wasis, Kendel, Sregep, Sugih
Yen kandha nularaken beja punika sampun mangertos dhateng pathokaning kandha, mesthining kandha, gegayuhaning kandha, reribeding kandha lan caraning kandha, temtu luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, lajeng boten sangga runggi njajagi raos rumaosipun ingkang dipun luluhi, sirna raos aku-kowe, lajeng boten andhaku kawruh, sirna reribeding kandha lajeng ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani sami weningipun anggenipun kandha saged urut, jangkep, terang gamblang lan cetha ngandhakaken kraosipun piyambak, mangertosipun piyambak, weruhipun piyambak, dhateng raosipun piyambak (raosing tiyang), dipun mirengaken piyambak sesarengan kaliyan ingkang dipun kandhani, lajeng saged kacepeng gegayuhaning kandha, ingkang dipun kandhani anggenipun mirengaken kados mirengaken kandhanipun piyambak, wasana lajeng saged kraos piyambak, mangertos piyambak, weruh piyambak dhateng raosipun piyambak, beja, inggih punika madeg pribadi weruhipun.
Yen sampun madeg pribadi weruhipun, tiyang lajeng pitados dhateng weruhipun, mahanani wasis, kendel, sregep, lan sugih. Kosokwangsulipun yen boten madeg pribadi weruhipun, mahanani bodho, jirih, kesed lan mlarat. Bodho tegesipun boten saged mikir leres, sanajan tuwuk pangajaran lan gegulangan. Jirih tegesipun jirih gesang lan jirih pejah, liripun yen saweg boten sakeca ketengkek-tengkek sugih sambutan, anak-anakipun sami sakiten, tansah dipun krawus bojonipun, lajeng gadhah raos, "Wis nek urip kaya ngene iki, ora kuwat tenan aku, aluwung aja weruh gebyaring srengenge," inggih punika jirih gesang. Mangka yen saweg sakeca, mintir rejekinipun, anakipun bagas waras lema-lema, bojonipun kerep ngalem tur mawi mesam-mesem, lajeng gadhah raos, "Wah! Mula wong ki padha-padha titah pancen mulya dhewe, ning kok nganggo mati, ya," inggih punika jirih pejah. Kesed tegesipun sanajan nyambut damel saben dinten muput, ingkang dipun raosaken namung bayaranipun, yen rumaos boten saged badhe sugih, lajeng gela, saya yen bayaripun sampun dipun tebasaken, lajeng semplah, tendangipun sarwa aras-arasen, wungsal-wangsul ningali wanci, namung tansah ngajeng-ajeng bibaripun. Mlarat tegesipun sanajan gadhah bandha kathah kados punapa kemawon, inggih taksih rumaos kirang, jalaran tansah kemrungsung taksih pados wewahipun, tur kanthi dheg-dhegan sumelang yen bandhanipun ngantos kalong utawi ical malih.
Yen madeg pribadi weruhipun, tiyang lajeng pitados dhateng weruhipun, mangertosipun, mahanani wasis, kendel, sregep, sugih. Wasisipun wau wasis gawan, boten saking pangajaran lan gegulangan, nanging gawan saking anggenipun kraos piyambak, mangertos piyambak, weruh piyambak. Kendel tegesipun kendel gesang lan kendel pejah. Anggenipun kendel gesang punika jalaran mangertos yen gesang punika lelampahan, mangka lelampahan punika angger sampun dipun lampahi sampun cekap, mila gesang kados punapa kemawon, wonten ing pundi kemawon, benjing punapa kemawon, inggih kendel. Kendel pejah tegesipun pejah kados punapa kemawon, njingkrung punapa melet, wonten ing pundi, benjing punapa kemawon inggih kendel, jalaran mangertos yen sadaya tiyang punika mesthi pejah, awit pejah punika pungkasaning lelampahan gesang, boten wonten gesang tanpa pejah, dados pejah punika mesthi kelampahanipun, mangka anggenipun nglampahi gampiling gampil angger sampun boten ebah, kendel kemawon sampun cekap. Sregep tegesipun anggenipun tumandang ing damel boten nggayuh sugih, nanging saking mangertos yen namung nyekapaken butuhipun piyambak, mila klawan seneng tumindakipun, lajeng boten susah dipun udi dados sregep piyambak. Sugih tegesipun boten saking gegadhahan bandha kathah, nanging saking weruh lan mangertosipun dhateng pokoking kabutuhan, mila sadaya kabutuhanipun mesthi cekap lajeng kraos sugih.
Dados sampun tetela terang yen nular-nularaken raos beja punika pokokipun anggugah weruhipun ingkang dipun tulari, supados madeg pribadi weruhipun, sarana ngandhakaken kawruh beja, kalayan mangertos dhateng pathokaning kandha, mesthining kandha, gegayuhaning kandha, reribeding kandha lan caraning kandha.
Yen tular-tumularing raos beja punika ngrebda, mahanani tiyang-tiyang sami beja sesarengan, sami wasis, kendel, sregep, sugih lan guyub sesarengan, seneng-seneng sesarengan, inggih punika gumelaring jagat beja, jaman kados makaten punika dipun wastani jaman Windu Kencana.
Bageyan III
WINDU KENCANA
WINDU KENCANA
A. Windu Kencana
Ingkang dipun wastani jaman Windu Kencana punika jaman utawi ungsum tiyang beja sesarengan. Beja sesarengan punika wohipun mangertos dhateng raos sami, inggih punika tiyang kathah sami kraos mangertos weruh yen sadaya tiyang punika raosipun sami. Kados makaten wau lajeng mahanani sirnaning raos meri-pambegan, wasana gegayuhan ungkul-ungkulan ugi katut sirna, jalaran gegayuhan ungkul punika saking raos meri-pambegan.
Jaman Windu Kencana punika sampun wiwit kina makina dipun padosi, nanging boten saged pinanggih, sanajan Windu Kencana punika asring lair, tiyang-tiyang sami boten kraos boten mangertos. Contonipun: Nalika tiyang sami pitados yen marcapada, donya, jagat saisinipun sadaya punika apus-apusan, ing ngriku lajeng sirna meri-pambegan lan ungkulipun, dados raos sami, inggih punika sami rumaos apus-apusan sesarengan, mahanani jaman Windu Kencana, nanging tiyang boten sami mangertos, mila inggih saged sirna malih saking jagat. Dados pokokipun jaman Windu Kencana punika sirnaning ungkul. Wonten malih jaman Windu Kencana nalika tiyang sami pitados yen sadaya tiyang punika sami sangsara, lajeng rumaos sami sangsara sesarengan, lha, tiyang sami sangsara kok ungkul-ungkulan, rak mesthi boten. Ing ngriku ungkul sirna, mahanani Windu Kencana, nanging tiyang boten sami mangertos, mila inggih sirna malih saking jagat. Wonten malih jaman Windu Kencana nalika tiyang sami pitados yen sadaya tiyang punika dosa, lajeng rumaos sami dosa sesarengan, lha, tiyang sami dosa kok ungkul-ungkulan, mesthi boten, mila ungkul inggih ugi sirna. Windu Kencana kados makaten wau tiyang sami boten mangertos, mila inggih sirna malih saking jagat.
Wonten malih Windu Kencana nalika tiyang sami pitados yen sadaya tiyang punika apes, lajeng rumaos apes sesarengan, mahanani sirnaning ungkul, lha, tiyang sami apes punapa ungkul- ungkulan, inggih mesthi boten. Windu Kencana kados makaten wau tiyang boten sami mangertos, mila inggih lajeng sirna malih saking jagat.
Windu Kencana ingkang sampun kapengker kados kasbut ing nginggil wau sadaya tiyang boten mangertos, yen ingkang mahanani Windu Kencana punika wohing raos sami, ingkang murugaken sirnaning ungkul, mila lajeng sirna malih saking jagat, jalaran yen risak boten saged andandosi malih, amargi tiyang sami boten mangertos dhateng aben-abenanipun Windu Kencana. Kados dene nalika tiyang sami rumaos apus-apusan sesarengan, yen lajeng thukul raos "Sanajan apus-apusan kae, nek sugih ya kacek karo sing mlarat apus-apusan." Ing ngriku mahanani raos beda, raos beda ngrebda, Windu Kencana nalika tiyang sami rumaos sangsara sesarengan, janji thukul raos, "Sanajan padha sangsara kae, nek ajeg wareg wetenge, meksa beda karo jing sangsara ngeleh wetenge." Ing ngriku raos beda thukul, raos beda ngrebda, Windu Kencana sirna. Ugi kados makaten Windu Kencana nalika tiyang sami rumaos dosa sesarengan, angger lajeng thukul raos, "Sanajan dosa yen sregep nyuwun ngapura, ya meksa beda karo sing dosa kesed nyuwun ngapura, saora-orane nek kerep nyuwun ngapura, manawa katrima besuk yen mati terkadhang entuk pangapura." Ing ngriku mahanani thukuling raos beda. Raos beda ngrebda, Windu Kencana sirna. Inggih makaten ugi Windu Kencana nalika tiyang sami rumaos apes sesarengan, janji lajeng thukul raos "Sanajan apes yen sregep nyanak-nyanak marang jing kuwasa, rak ya beda karo apes jing deksura. Yen ketrima besuk nek mati terkadhang bisa oleh ganjaran." Ing ngriku lajeng thukul raos beda. Raos beda ngrebda, Windu Kencana sirna.
Dados miturut katrangan ing nginggil wau sadaya tetela yen Windu Kencana punika wohing raos sami, inggih punika sirnaning ungkul, raos beda.
Sugih lan Guyub Sesarengan
Raos sami murugaken tentrem, lajeng mahanani sugih sesarengan lan guyub. Sugih punika raos tirah, mangka panggesangan punika yen sirna ungkulipun mesthi cekap. Guyub punika sirnaning butarepan. Raos butarepan punika pados ngungkuli anggenipun dipun kasihi. Guyub punika lairing mangertos dhateng gegayuhaning sesrawungan ingkang leres. Gegayuhaning sesrawungan ingkang leres punika sakeca sesarengan, beja sesarengan, inggih punika guyub.
Mekaring Kagunan, Kawruh lan Kasagedan
Wohing raos tirah mahanani sregep nyambut damel. Wohing guyub mahanani seneng-seneng sesarengan. Mila ing jaman Windu Kencana tiyang sami sugih raja brana sesarengan, seneng- seneng sesarengan, mahanani kemajenganipun kagunan, kawruh lan kasagedan, jalaran tetiga wau ingkang kangge lambaran seneng-seneng. Peprincening kagunan, kasusastran, gendhing, joged, ukir-ukiran lan sapanunggilanipun, ingkang mranani raos endah. Peprincening kawruh: kawruh pikiran, barang adon-adon sapanunggilanipun, ingkang mranani raos wasis. Peprincening kasagedan: dedamelan warni-warni, ingkang mranani raos gumun.
Lelambaran tetiga wau yen katrajang ungkul, risak. Raos endah, raos wasis, raos gumun boten thukul, ingkang thukul namung kasenenganing ungkul, inggih punika yen ngungkuli liyan. Lajeng lelambaran kagunan, kawruh lan kasagedan wau dipun dhelik-dhelikaken kangge garan ungkul-ungkulan. Mila lelambaran tetiga wau boten saged sumebar, jalaran dipun sade awis perlu kangge ungkul-ungkulan.
Ing jaman Windu Kencana ungkul sirna, lelambaran tetiga wau dipun gelar kangge prabot seneng-seneng sesarengan. Mila ing jaman Windu Kencana kagunan, kawruh lan kasagedan sumebar, lajeng mekar lan majeng.
B. Lestantuning Windu Kencana
Ing jaman Windu Kencana punika tiyang sami dhedhasar raos sugih lan guyub, dados ingkang ngrisakaken Windu Kencana punika raos mlarat lan congkrah. Mila ing jaman Windu Kencana yen raos mlarat lan congkrah thukul, lajeng dipun sirnakaken, murih wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantuning Windu Kencana.
Dhukun, Jeksa, Guru, Ratu Beja
Mila jaman Windu Kencana punika mapanipun wonten ing jagat beja, dados jagat beja punika tebaning raos sugih lan guyub sesarengan. Dene wujudipun jagat beja inggih punika griya beja, kaperluan umum beja, kabutuhan umum beja lan sesrawungan umum beja. Griya beja tegesipun nedha beja, nyandhang beja, mapan beja, awit tiyang sami mangertos gegayuhaning nedha, nyandhang lan mapan. Kaperluwan umum beja inggih punika bayen, biraen, panganten, kepaten, beja, awit tiyang sami mangertos dhateng gegayuhaning bayen, biraen, panganten, kepaten. Kabutuhan umum beja inggih punika griya sekolahan, griya sakit, griya jempo, griya lola lan pakaryan beja, awit tiyang sami mangertos dhateng gegayuhaning gangsal prakawis wau.
Sesrawungan umum beja tegesipun praboting sesrawungan umum sadaya beja, inggih punika dhukun, jeksa, guru, ratu beja, awit tiyang sami mangertos dhateng gegayuhaning sakawan prakawis wau. Dhukun beja padamelanipun nyirnakaken penyakit ungkul, sarana mangertos dhateng raos sami, njagi wilujengipun raos sugih, lan guyub, inggih punika lestantunipun Windu Kencana. Jeksa beja padamelanipun nyirnakaken ama congkrah, sarana mangertos yen sadaya barang ingkang wonten lan sadaya lelampahan ingkang kalampahan punika sampun leres, njagi wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantunipun Windu Kencana. Guru beja padamelanipun nyirnakaken kawruh kayakinan ingkang murugaken cecongkrahan kawruh sarana ngiseni kawruh nyata, njagi wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantuning Windu Kencana. Ratu beja padamelanipun nyirnakaken tataning sadaya lelawanan ingkang silib-siliban lan lorob-loroban, sarana mangertos dhateng tataning raos, inggih punika pilah-pilahing raos ingkang kraos ing awakipun piyambak utawi tiyang, ingkang lajeng mahanani tataning sadaya lelawanan lajeng dados blak-blakan sami sakecanipun, njagi wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantuning Windu Kencana.
Seneng-seneng Sesarengan
Yen raos sugih lan guyub punika lestantun, mahanani sadaya tiyang sarwa seneng, dados salebetipun jagat beja jaman Windu Kencana punika tiyang namung tansah seneng-seneng sesarengan.
C. Rewes Mardika Luwar Saking Bebandan Piyeng-piyeng
Ing jaman Windu Kencana tiyang sami tentrem sesarengan, jalaran sirnaning raos meri-pambegan, ingkang murugaken ungkul-ungkulan. Mila sadaya tindak sakepenake, sabutuhe, saperlune, sacukupe, sabenere, samesthine. Raos tentrem ngluwari rewes saking bebandan piyeng-piyeng.
Nalika piyeng-piyeng rewes boten mardika, tegesipun boten saged ngrewes dhateng ingkang samesthinipun dipun rewes. Luwaring rewes lajeng murugaken dhateng tiyang saged ngrewes sawetah, jalaran sirnaning ungkul sadaya kabutuhan mesthi cekap. Mila lajeng sadaya tindakipun sarwa maedahi dhateng sawetah.
Tentrem Sesarengan
Yen tansah ngrewes dhateng sawetah, lajeng mangertos weruh dhateng satheg-kliwering tiyang sawetah, inggih lajeng mangertos dhateng gegayuhaning sawetah, inggih punika tentrem sesarengan. Mila ing jaman Windu Kencana sadaya tindaking tiyang sami pados tentrem sesarengan.
Sregep Nyambut Damel Sesarengan, Seneng-seneng Sesarengan
Wohing tentrem sesarengan mahanani tiyang sami sregep nyambut damel sesarengan, seneng-seneng sesarengan, mila tansah nitahaken barang enggal, ingkang kangge lelambaran seneng-seneng.
Kados makaten wujudipun gumelaring jagat beja jaman Windu Kencana, wohing gegrombolan Junggring Salaka.
PANUTUP
BAB JUNGGRING SALAKA
Risaking gegrombolan Junggring Salaka punika yen ingkang sami pepanggihan ing Junggring Salaka wau karep sami karep, jalaran pathokaning karep punika namung aja ngono, kudu ngono, ingkang raosipun buneg, kemrungsung, murugaken paben, congkrah, lajeng bibar.
Lestantuning gegrombolan Junggring Salaka punika yen ingkang sami pepanggihan ing Junggring Salaka wau tiyang weruh sami weruh, jalaran pathokanipun sami pitados dhateng weruhipun, raosipun wening tentrem, sami mangertos yen weruhipun sami, ingkang dipun weruhi sami, murugaken saged negesi sesarengan, ngantos dumugi sami kraos lan mangertos sesarengan, seneng beja sesarengan. Mila lajeng tuman lestantun sami gegrombolan, nandhes njembaraken lan nularaken kawruh beja. Nandhes lan jembaring kawruh beja, mahanani lairing raos beja wonten ing saranduning tiyang. Wasana tiyang lajeng sami sarwa beja.
BAB PATHOKANING KANDHA
Cilakanipun:
Tiyang kandha nularaken raos begja punika yen boten mangertos dhateng pathokaning kandha, anggenipun mbejakaken lajeng dados gegayuhan, raosipun kemrungsung, temahan salah kedaden, pancen mbejakaken dados nelukaken tiyang, lha,paben, congkrah, cilaka.
Bejanipun:
Yen ingkang kandha punika mangertos dhateng pathokaning kandha ingkang murugaken ugi mangertos dhateng mesthining kandha, gegayuhaning kandha, reribeding kandha, lan caraning kandha.
Anggenipun mbejakaken boten dados gegayuhan, nanging namung nglairaken raos sih, lajeng saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani murugaken sami weningipun, temahan ingkang dipun kandhani saged kraos, mangertos lan weruh piyambak dhateng raosipun piyambak sami kaliyan ingkang kandha, inggih punika sami madeg pribadi weruhipun lajeng sami seneng, beja sesarengan. Ngrebdanipun tular-tumularing raos beja, mahanani gumelaring jagat beja jaman Windu Kencana.
BAB WINDU KENCANA
Windu Kencana:
Punika wohing raos sami, ingkang murugaken sirnaning ungkul, tiyang lajeng sami tentrem sesarengan, mahanani sugih lan guyub sesarengan, seneng-seneng sesarengan.
Windu Kencana ingkang boten mitadosi:
Punika ingkang lairipun saking raos sami, jalaran tiyang sami pitados dhateng salah satunggaling kayakinan, dados tiyang boten sami kraos lan mangertos, namung sak rumaos lan pitados. Mila yen risak boten saged andandosi malih, awit tiyang boten sami mangertos dhateng aben-abenanipun Windu Kencana.
Windu Kencana ingkang mitadosi:
Punika ingkang lairipun saking raos sami, jalaran tiyang sami kraos, mangertos lan weruh yen tiyang punika gadhah dhasar raos sami, inggih punika sami kraos: Aku, Ana, Weruh, Pribadi, ingkang murugaken tiyang sami mangertos dhateng aben-abenanipun Windu Kencana. Dados samangsa Windu Kencana badhe risak lajeng saged andandosi malih.
Description: Sesorah Junggring Salaka I, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Sesorah Junggring Salaka I