Pengageman Takwa lan Pranakan

Sandhangan utawa peng­ageman sing pedinan di­enggo sapa wae, sajatine dadi identitas pribadi sing ngagem. Upamane ana sawetara sing manga­nggo sakepenake dhewe, ora mikir dheweke ya srawung karo wong-wong lumrah, kamangka ambune ageman ora karu-karuhan, kuwi ya melu 'dibiji' dening liyan. Akeh sing ora nggraita bab kuwi, waton manganggo ngono wae, mbokmenawa malah dheweke ora sadhar. KRT. Jatiningrat, S.H. (asma timur Haji Raden Mas Tirun Marwito) penga­geng Tepas Dwarapura Kraton Nga­yogyakarta Hadiningrat, ngendika yen pengageman kuwi pancen nduweni pangerten kang pas kanggo sing nga­gem. Ora mung lahiriyah nanging uga rohaniyah.

Sunan Kalijaga, mangkono an­dharane KRT. Jatiningrat, S.H. wis ngga­we modhel pengageman sing fungsi­ne kanggo nutup awake dhewe, yaku­wi ageman sing nutupi aurat lan apik pas kanggo sing ngagem. Pengagem­an mau kasebut ageman Takwa, ya­kuwi ageman rohani kanggone me­nungsa supaya menungsa tansah kelingan marang Gusti Allah. Yen wis mangkono kaajab menungsa tansah mangestokake apa kang didhawuh­ake dening Gusti Allah lan ngedohi apa wae kang dadi larangane Gusti Allah.

Miturut KRT. Jatiningrat, S.H. adhe­dhasar ajaran saka Sunan Kalijaga, pengageman Takwa mau dening raja-raja Mataram banjur diwujudake mo­dhel ageman (klambi). Sejarah wis mratelakake, sawise Perjanjian Gi­yanti taun 1755 Masehi, krajan Mata­ram dibagi loro, sing siji Surakarta Hadiningrat lan sijine Ngayogyakarta Hadiningrat. Semono uga inventaris krajan ya dibagi loro. Nalika Pangeran Mangkubumi ya Sultan Hamengku Buwono I mundhut pirsa marang Su­suhunan Paku Buwono III babagan pengageman khas, Susuhunan ngen­dika yen durung siap ngrancang wu­jude. Kosok baline Pangeran Mang­kubumi banjur nyodorake rancangan pengageman kanggo warga Ngayog­yakarta Hadiningrat yaiku nerusake pengageman sing wis ana seka Ma­taram. Pengageman Mataram kang sinebut ageman Takwa kuwi sajatine ya surjan kaya sing disumurupi nganti saiki, diagem para abdi dalem kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Dene tembung surjan kuwi maksude ngga­we pepadhang, padha wae karo di­yan, pelita.

Sultan Hamengku Buwono I nate kagungan gegayuhan supaya para pimpinan Negara, prajurit, para kula­warga Raja nganti kawula alit apa­dene punggawa krajan Ngayogya­karta Hadiningrat darbe jiwa lan wa­tak 'satriya'. Iku ateges kudu nyawiji, kudu duwe greget utawa semangat, uga sengguh yaiku percaya dhiri, ka­gungan jatidhiri lan ajiningdhiri. Sing pungkasan kudu nduweni tanggung jawab, ora mingkuh.

Yen nggatekake pangandikane KRT. Jatiningrat, S.H. mau, figur warga Ngayogyakarta Hadiningrat kuwi mu­la kudu satriya kang dijangkepi pe­ngagem Takwa kaya kasebut ing dhu‑
wur mau. Sabanjure, dingendikakake yen wujude pengageman Takwa kuwi lengen dawa, perangan gulu ana kancinge, lan sapanunggalane. Pengageman Takwa iki ing jeron Kraton Ngayogyakarta mung diparengake diagem Sri Sultan pribadi lan para pangeran putra Dalem. Kejaba kuwi ana pengageman sing sinebut Janggan, yakuwi pengagem Takwa kanggo putri-putri upamane para abdi dalem putri, para wiyaga putri, lan para pesindhen. Pengagernan Janggan iki wernane kudu ireng.

Pengageman Pranakan

Pranakan bisa ateges wadhah bayi utawa rahim ibu, kang manggon ana padharane ibu. Yen ngono uga bisa ateges keturunan, kadang, abdi kinasih utawa punakawan. Pengageman pranakan sing digawe saka bahan lurik mawa garise lirik-lirik telu-papat (telupat). Kewulu minangka prepat ateges rinengkuh dados kadang utawa dados sedherek ing antarane abdi siji lan sijine.

Warna pengageman pranakan biru tuwa ateges angel anggone nduga, uga ateges ora bisa dianggep sembarangan. Sapa wae kang ngagem pengageman pranakan kaya-kaya rikala arep ngagem kanthi nglebokake tangan prasasat mlebu sajroning karung, kayadene mlebu maneh menyang guwa garbane ibu. Rahim ibu minangka panggonan sing sadhengah menungsa mesthi tau manggon ana kana. Miturut andharane KRT. Jatiningrat, S.H. kabeh mau kang wis cetha anane sesambungane ibu lan bayi minangka simbol sesambungan abdi dalem siji lan sijine. Luwih dhuwur maneh minangka sesambungan antarane Kangjeng Sultan lan abdi dalem kang rumaket, akrab, erat, golong-gilig kayadene sesambungan ibu lan anak.

"Sesambungan golong-gilig kaya mangkono iku kang dikersakake Sultan Hamengku Buwono I," mangkono ngendikane KRT. Jatiningrat, S.H. Pengageman pranakan tekan saiki dadi pengageman resmi ing kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, corak lan modhele padha.

Abdi dalem lan ageman pranakan

Description: Pengageman Takwa lan Pranakan, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Pengageman Takwa lan Pranakan
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link