Wedang Teh Luwih Seger

Ing wayah esuk, awan apadene sore enake ngunjuk teh anget utawa es teh, sinambi dhahar kemilan lan mirsani TV apadene nyetel Radhio. Para bapak malah padha remen ngunjuk wedang teh panas utawa teh ginasthel sinambi maos koran ana ing teras. Teh mono mereke werna-werna, lan kemasane uga neka-neka. Ana sing kemasane werna abang, contone teh 999, kemasane werna putih contone teh Gardu, teh Nyapu, teh Cathut, lsp. Malah wis akeh jinis teh instan lan teh celup. Yen ngepasi para maos ora kagungan dhuwit, anggone mundhut teh mung sakecekele wae, waton murah meriah. Malah kadhangkala para bapak anggone ngunjuk teh kurang marem lan mantep merga teh sing dipundhut ora kaya adat sabene. Mula kanggo ngawekani masalah kasebut nalika nggawe wedang teh panas diwenehi vanilli sethithik. Nah, para bapak ora padha pirsa yen satemene teh sing wingi-wingi wis salin aroma. Anggone ngunjuk wedang teh sajak luwih seger lan nyamleng.

Description: Wedang Teh Luwih Seger, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Wedang Teh Luwih Seger
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link