Ngawekani Lara Maag

Wong kang nandhang lara maag, anggone ngawekani pancen gampang-gampang angel. Saban asring kambuh. Lelara iki pancen asring kumat yen anggone ngobati ora tuntas. Kajaba iku akeh wewalere, kayata ora kena dhahar kang pedhes-pedhes lan kecut. Uga jinis panganan kang kegolong susah dicerna kayata peyek lan sajinise. Sawenehing kupiya kanggo ngawekani yen nandang lara maag, yaiku perlu djaga supaya ora ngunjuk kopi lan inuman kang ngandhut alkohol lan soda. Pareng ngunjuk teh, nanging becike kang encer bae. Tansah nyoba dhahar kang teratur kanthi dhahar sega lembek utawa bubur utawa jinis dhaharan alus liyane. Kajaba kuwi, pikiran digawe kudu tansah tenang, ora kemrungsung, sabab yen emosi lan stres, maage bisa kumat. Lan yen wis berobat menyang dhokter, obate kudu diunjuk manut aturane.

Description: Ngawekani Lara Maag, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Ngawekani Lara Maag
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link