Wewarahipun R. Harya Sena dhumateng Sri Kresna


WEWARAHIPUN R. ARYA SENA DHUMATENG SRI KRESNANALIKA BADHE MUKSWA
(ing lampahan "Pandhawa Mukswa")


SENA
Heh kakang Jlitheng! Ana apa dene polatanmu mingat-mingut kaya wong kebingungan?

KRESNA
Adhuh adhiku dhi, wong bagus. Ora timbang temen karo prihatine pun kakang, temahane mung sira nambuhi.

SENA
Heh kakang Kresna! Aja kejeron tampa. Aku ora nemaha nambuhi marang lelabuhanmu. Yen kena, aku kepengin ngerti, jejibahan apa kang kok rasa abot nganti ndadekake kodhenging atimu iki. Manawa bisa aku iya saguh ngrewangi mikir, endi kang kudu dipikir lan endi kang ora susah dipikir.

KRESNA
Iya-iya yayi, mulane kakng kongsi ribeng kaworan bingung, ora liya mung saka sruning tresnaku marang sira sakadang. Sumurupa yayi, samengko Kanjeng Bibi Ratu miwah para kadang, wus kaleksanan mancad ing kamukswan. Mung kari si adhi kang ngereni laki kongsi dadi pangantu-antune para kadang kang samengko wus kapeksa nilar mukswa. Ya gene tekane yayi Sena kongsi kasep lalu.

SENA
Yen mengkono nalare, jeneng luputmu dhewe, dene ingatase mangsakala wus mangkene isih gelem mikirake butuhing liyan kang mesthine wus ora dipikir.
Heh kakang Jlitheng! Aku ora ngilang-ngilangake lelabuhanmu. Kabeh pituduh lan lelabuhanmu pranyata mahanani kajuwanan marang Pandhawa kongsi dina wekasan. Mung bae aja kaduking piyangkuh. Sakabehing laku iku sarwa ana watese. Sawuse ngayati kamukswan, sadhengah janma kang wus darbe tekad gegebengan, wis ora wenang kapurba lan kawasesa. Bener luputing patrap nggayuh ing kamukswan, amung dumunung aneng tekade dhewe-dhewe. Prakara iki, tumrap aku dhewe, upama kesusua selak nggolek apa, lamun sabara: ngenteni apa. Mungguhing aku tinimbang kesusu-susu mung prelu golek bebarengan mati kang wigatine mung netepi tata krama, luwih becik ngrampungake darma kang wus dadi sesanggemane.

KRESNA
Adhuh, adhiku dhi pun kakang kongsi ora gaduk anggayuh marang weriting budimu. Kongsi meh ganti alam, teka si adhi isih kober mranata empan mapaning darma. Mara pun kakang wedharana, baya sesanggeman apa kang kudu sira rampungi minangka ganeping darma.

SENA
Heh kakang Kresna! Pitakonmu saya ngetarani anggonmu kami bocahen. Pancene mono kowe wis kudu ngerti dhewe. Ewa dene, amrih gampang anggonmu mikir, mara kandhaku gatekna.
"Bab tumitahku ing Janaloka iki, mungguhing Hyang Suksma, sayekti mengku karsa kang wigati. Apa wigatine karsa, kena ginagapan saka empaning budaya makartining pancadriya, iya pamoring cipta rasa budi karsa. Mungguhing aku, ringkesaning gati mau, amrih gampange mung dakperang dadi loro.
Kang sapisan: tumrap uriping jiwa, iya kapribadenku.
Kang kapindho: tumrap uriping raga iya uripku ing Janaloka kang kudu sasrawungan kalayan bebrayan warna-warna.
Bab kapribaden ora perlu dak pratelakake. Nanging mangertiya, uriping jiwa lan raga mau, loro-lorone pdha dene darbe jejibahan minangka wiwara laksitaning darma, iya darmaning urip.
Saka kridhaning budi karsa kang marga dayaning sasrawungan, anggonku tumitah ing Janaloka wus katemahan darbe darah kang kajibah ambacutake laku mamayu kayuwanan. Sadurunge dak tinggal, mesthi bae darahku iku kudu dak wijeni pangawikan kaya kang dak tindakake. Lamun ora mangkonoa, jeneng nama luput dene nganti weya ora angganepi darma kang wus dadi jejibahane. Mulane apa perlune aku kudu anut grubyuk kesusu mati, lamun darmaku durung paripurna."

KRESNA
Heh yayi Sena! Krana ngapa dene lelabuhanmu kang utama iku ora sira bukani wiwit wingi-wingi?

SENA
Heh Kresna kakangku! Pitakonmu saya mleset saka pikirane wong tuwa. Watonmu mawas marang kahanan, mung dhedhasar kang katon lan keprungu. Kang mangkono sayekti gampang kecelik, jer ora kurang-kurang mangkono para nimpuna kang migunaake laku: becike tinutupan ing ala. Mula mangkono amarga: tumraping ulah lelungid, lungguhing kasunyatan kang gampang banget dadi wisa mandi memurung laksitarya, iya pangaji-aji lan pangalembana iku sipating kala lodra kang njlempret laku utama.
Heh kakang Kresna! Dudu kang dak karepake lamun andumukana tindaking liyan kang padha darbe tekad dhewe-dhewe. Jer pikolehe mung namani sak serik. Nanging: sarehne ana pitakon, aku iya kudu mangsuli kanthi prasajaning rasa-pangrasaku. Apa maneh tumrap aku lan kowe, wis ora ana wektu liya, kajaba ing saat iki. Mula sanajan kepriye bae panampamu pitakon meksa dak wangsuli. Sapa weruh lamun bisa dadi pepeling kang tinamtu. Kosok baline lamun ana ucapku kang mleset saka kasunyatan, aku kepengin kok welehake minangka pepeling.
Heh Kresna kakangku! Ora biyen ora saiki pratingkahku anggarap sadhengah pakarti, ora sesak ora longgar, ora sungkan ora sumengka. Endi bab kang dadi jejibahanku, sarwa dak tindaake kanthi legawa amrih trep kalayan empan mapaning ati. Bab kadharman sumbang-surung marang tata tentreming jagad, dak bukani saka tata tentreming uripku dhewe. Sawuse mangkono lagi marsudi nata katentremaning anak bojo, kadang mitra sumrambahe marang bangsa. Dene sababe aku milih dalan lan cara kang mangkono amarga:
Kang kapisan tumrap gegulangku dhewe, sabisa-bisa pancen sirik lamun ngucapna piwulang becik marang liyan nanging aku dhewe ora tumata lan ora tentrem. Tumata ing kene dudu tumataning drajat pangkat kasugihan, nanging tumataning tapak tilas lelabuhaning pakarti tumrap kajuwananing jagad.
Sabanjure, ing jagad wis ora kurang-kurang para wignya kang sanggup lan tumandang medharake piwulang bener becik kang pancen perlu tumraping jagad manut kadiwasane dhewe-dhewe. Mung bae, sepira lepasing budine manungsa lan sepira dhuwuring kawignyan, sayekti ana watese. Ukur kasunyatan sepira dhuwure kuncarane Sri Bathara Kresna kang kawentar soca Bathara Wisnu ngejawantah, ewa dene, sawise tekan watese punggel ora ngrampungi karya. Lungiding budimu temah pepes kalah titi patitis karo ucape nyai Ruminta wanita ing desa. Kawaskitan lan kawicaksananmu, temah luluh kaprabawan dening jujuring ati Resi Watrika pandhita ing wukir. Kabeh wacan kang tinemu sajroning lelakon padha dharmawisata, iku wis ora kurang cukup kanggo prabot nlusur traping lelabuhanmu dhewe.

KRESNA
Adhuh adhiku dhi! Wis rumangsa pepes bayuning anggaku. kabeh bebundhelane pun kakjang, tatas rontang-ranting labed kaprabawan tulusing budi pakartine si adhi kang adhedhasar kasunyatan. Sanadyan mangkonoa, pun kakang ora getun ora keduwung, mung banget gungane pun kakang, mugi si adhi nuli medharna pituduh. Laku apa lan lelabuhan kepriye kang kudu dak tindakake supaya pun kakang bisa nunggal sasana lan si adhi. Mumpung durung kadaluwarsa, pun kakang saguh mituhu.

SENA
Heh Kresna kadangku tuwa! Ing ngarep aku wis kandha yen tekdmu pancen ora tunggal karo aku. Mangkono uga traping dharma laksitaning brata tekaning kasunyatan sayekti ora padha. Mula sanadyan traping kekadangan aku kudu welas marang kowe, nanging bab kapribaden: kepeksa pepisahan. Mangertia! Iya ing saat iki tekaning dina wekasane kang ora bakal ngambali maneh. Wis kakang! karia basuki aja ngribedi laku, aku arep cecawis laku anggonku ngayati kamukswan.

"Suluk ada-ada greget saut. Sena lukar busana mudhar gelung remo kaore, cukur gumbala kethok kenaka ngagem nyamping lawon pethak. Mulat patraping sang Sena ingkan makaten, Sri Kresna sangsaya katresnan ing galih kalayan anggonjeng kados lare alit"

KRESNA
Adhuh adhiku dhi! Banget-banget gungane pun kakang mara wedharana kepriye gatining karsa, dene kalayan para kadang. Lamun gaduk pun kakang amung sumedya nulad laku.

SENA
Heh Kresna kakangku! Prakara bedaning cara lan patrap ora perlu dak wangsuli. Angger beda tekade, sakabehing patrap lan cara, mesthi iya beda-beda. Jer siji-sijining kang kapracayan, iya mawa upacara dhewe-dhewe.
Tumrap piyandeling tekadku kang kudu dak lakoni sabarang pratingkah kang mengku wigati, sabisa-bisa kudu dak runtutake empaning lair batin lan kahanan. Dhek mau, aku isih tetep Satriyaning praja, kang tekan saat iki wis dak watesi rampung anggonku nyatriya, jalaran niyat ngayati kamukswan.
Mula sakabehing prabot lan pepaes uba rampening kasatriyan, iya kudu dak kipatake, jer wis ora ana kanggone. Samengko aku ngayati mukswa, njangkah manunggal marang Hyang Suksma kang asipat suci. Mula tata kramane, iya kudu sesuci. Sanajan kabeh mau mung wujud tata krama minangka upacara, nanging traping kamukswanku, ing saat iki uga isi sajroning pangangkah kang durung klakon. Mulane iya isih migunaake prabot minangka, sanadyan raga pancadriya cipta rasa budi karsa, iya kudu dak kipatake. Mung bae prakara iki: Sena sayekti ora wenang kawasesa dening mangsa kala. Lire: atmane Sena ora bakal ngoncati raga, sadurunge Sena ngrampungi sakabehing dharma kang dadi jejibahan.

"Suluk tlutur, Kresna nangis labed saking kodhenging manah, boten mangertos ingkah kedah katindaaken"

SENA
Heh Kresna kakangku! Aja akeh-akeh kang kok rasa, pancen dudu ing kene dununge kamukswanmu. Isih akeh sesanggeman kang kudu kok lakoni. Kodrating kamukswanmu, ing tembe bakal kalakon ana tepining sagara wedhi bebarengan lan bangsa Yadhawa lan bangsa Wresni, alantaran wuru waragang saka ngundhuh wohing lelabuhanmu.
Wis kakang! kariya basuki, aku manjing candhi paripurna.


(Sumber: "Wejangan Wewarah Bantah Cangkriman Piwulang Kaprajan" dening: Marwanto, S.Kar. Penerbit: Cendrawasih, Surakarta, 1992)

Description: Wewarahipun R. Harya Sena dhumateng Sri Kresna, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Wewarahipun R. Harya Sena dhumateng Sri Kresna
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link