Sedulur Papat Kalima Pancer

Wonten ing pangertosan kabudayan Jawi dipun­ panggihi wontenipun sesebatan "sedulur papat kalima pancer". Sesebatan kalawau taksih asring dipun­mangertosi kirang leres, malah kepara mboten dipuntampi dening para ingkang ngrasuk agami. Lelandhesanipun amargi tiyang Jawi punika dipun­anggep manembah dhumateng kadang kebatosanipun, ingkang sajatosipun mboten wonten ing ajaran agami samawi menapa kemawon.

Sejatosipun panganggep ing­kang awon kados makaten punika kangge tiyang Jawi sampun nama limrah, ngengeti bilih estunipun mboten wonten utawi awis-awis kula jengandika sami manggihi jarwan ingkang saged dipun nalar ngengingi wacana unik khas Jawi punika. Wonten ing bawarasa ing pundi-pundi paguyuban ngengingi kelahiran, pangertosan “sedulur papat kalima pancer” pu­nika pikantuk kawigatosan ingkang ageng saking masyarakat umum.

Kasunaran Bawa Rasa, Kawruh Kejawen punika perlu kabeber ma­lih pangertosan bab-bab ingkang leres ngengingi tradhisi punika. Pangertosan gegan­dhengan kaliyan “sedulur papat kalima pancer” punika sajatosipun dipun landesi wontenipun pa­ngertosan bab-bab ingkang mage­pokan kaliyan sangkan paraning dumadi wontenipun manungsa, ingkang boten sisip saking kawruh sangkan paraning dumadosipun manungsa.


Dumununging jabang bayi ing kandhutanipun ingkeng ibu dipun­sebat kanthi tembung alam son­yaruri. Dipunsebataken ing kawruh bab dumadosing manungsa bilih manungsa punika wiwitanipun saking asiling campuhipun ka­manipun bapa ingkang campuh kaliyan kama pethak saking ibu ing­kang boten namung dumados da­dos calon jabang bayi, ananging ugi wontenipun jaringan sel-sel gesang sanesipun ingkang nyengkuyung wontenipun calon jabang bayi. Sasanesipun jabang bayi punika wonten malih: toya ketuban-kawah, placenta - ari-ari, tali puser sarta rah ingkang wonten ing salebeting ari-ari lan tali puser kasebat. Sekawan-sekawanipun dipunanggep minangka sadherek ‘nunggal wijii’ saking calon jabang bayi ingkang dipunanggep mi­nangka panceripun.

Nalar nalurinipun para leluhur punika panci unik. Nganggep kawah, ari-ari, rah lan tali puser ingkang sejatosipun minangka jaringan sel gesang ing salebet­ing kandhutan dipunanggep nggadhahi roh utawi badan plus ingkang 'awor-misah' - manung­gal ananging uji pisah kaliyan rohipun si calon jabang bayi. Roh­-roh wontening sedulur papat kala wau maringaken daya gesang lan ngleksanani darmaning gesang minangka tugasipun.

Kawah utawi toya ketuban, tugasipun ngayomi jabang bayi. Dene ari-ari, rah lan puser tu­gasipun nyekapi kabetahanipun si calon jabang bayi ingkang dipun­pendhetaken saking badanipun ingkeng ibu. Ari-ari nempel ing rahimipun ibu kangge nampi ken­tunan sari tetedhan lan maneka warni kabetahan sanesipun ing­kang dipunsediyakaken dening badan. Sedaya kabetahan kalawau lajeng dipun angkut rah lumantar badanipun si jabang bayi.

Nalikanipun jabang bayi lair, tu­gas kawah, ari-ari, rah lan tali puser kalawau sampun purna. Wujud wadhag sekawan ubarampening kelairan kalawau wangsul dhateng alam. Hanamung roh-rohipun tak­sih manunggal ing badanipun si jabang bayi. Faedah lan tugasipun roh sedulur papat kalawau taksih sami, injih nglajengaken fungsi lan tugasipun nalika taksih wonten ing kandhutan. Ingkang gumantos namung alamipun. Saking alam kandhutan ibu dados alam donya.

Badanipun ibu dipungumantos dados alam bumi-donya, papa­nipun manungsa gesang. Roh saking kawah fungsi lan tugasipun tetep njagi lan ngayomi manungsa­ nipun. Dene roh-roh saking ari-ari, rah lan tali puser nggadhahi tugas maringi kacekapaning gesanging manungsa ing dalem gesangipun ing madya pada. Pangertosan Jawi paring katrangan bilih roh-roh Sedulur Papat ingkang awor misah kaliyan roh manungsanipun punika ingkang maringi kasantosan lan kacekapan kabetahanipun gesang ing donya.

Dhasar landhesan panguliring budi manungsa sejatosipun ‘sejati­ning urip’ utawi zat gesang punika langgeng-abadi, lan mboten mbe­tahaken punapa-punapa. Dene ing­kang nggadhahi kabetahan maneka warni ing pribadhinipun manungsa punika sejatosipun “sedulur papat kalima pancer” ingkang kacipta saking winih gesang 'wiji urip' ingkang sami kaliyan manungsanipun piyambak. Pramila punika “sedulur papat kalima pancer” ugi kasebat ingkang 'mbaureksa' utawi ngayomi lan nyekapi kabetahaning gesanging manungsa. Lantaran dipun anggep ingkang mbaureksa gesang, pramila perlu tansah di­punengeti lan dipunmemule dening tiyangipun piyambak.

Mengeti lan memule “sedulur papat kalima pancer” sanes lam­pah manembah. Kanthi makaten sejatosipun boten leres menawi bab punika dipun gayutaken ka­lian pangertosan nyekutoken Allah kados ingkang dipun aturaken de­ning tiyang ingkang mboten man­gertos. Saya malih dipunanggep nyekutokaken kaliyan setan, sam­pun terang terwaca bilih punika mujudaken panuduh ingkang na­mung adamel sakiting manah. Saya malih mboten mangertosi thek-kliwering rembag sampun maringi vonis ingkang kirang damel rena­ning tiyang Jawi.

Pangulir budi lan pangertosan Jawi punika sanget rumit lan jlimet ngadhepi proses dumadining manungsa ingkang saged pun nalar, pun angen-angen lan karaos, lan nggadhahi daya kebatosan. Pramila underanipun rembag boten tebih saking awal bukanipun dumadinipun manungsa kados ing­kang dipunajaraken dening agami Samawi. Underaning rembag di­punarahaken dhateng wontenipun cipta nyata wiwit campuhipun kama jaler sarta pawestri lajeng dados calon jabang bayi saengga lair da­dos jabang bayi ingkang medal ing donya. Lan boten ateges panger­tosan wadhag kemawon ingkang dipun mangertosi sacara tlesih, ananging ugi magepokan dhateng bab-bab ingkang magepokan ka­liyan pangertosan ingkang lebet ing donyaning kebatosan. Wonten ing mriki sejatosipun manungsa ka­liyan sedaya mahkluk ciptaanipun Ingkang Maha Kuwaos.

Saderengipun jabang bayi lair dipun awali kedadosan kados dene angin lesus rohani ingkang nem­puh angganing ingkang ibu ing­kang karaos nalika badhe nglairak­en. Wujudipun arupi raosing manah ingkang kumesar was-was kha­watir, lan sarandunging badan ing­kang kraos sakit- ngemar-emari. Amargi saking kededosan kekalih kala wau ing antawisipun fisik lan rohaninipun ingkang ibu lajeng sinebat “sedherek kebatosan” ing­kang sinebat “Kadang marmati”.
.
Dipun sebataken medalipun saking jajanipun ingkang ibu arupi panjalmaning raos 'ngemar-emari badan lan rasa kumesar-manahingi ibu. Kanthi makaten 'Sedulur Mar­mati' menika mujudaken satung­galing daya kekiyataning manung­sa ingkang dipun tampi saking ibu kandhungipun piyambak. Kekiya­tan wau arupi sikeping ibu ingkang lila legawa ikhlas nglampahi tugas 'natural keilahian' dados sarana mawujudipun manungsa enggal dening Gusti Ingkang Hakarya Jagad. Raos kumesar lan was-was, remen kacampur sedhih badhe lairipun jabang bayi ananging ugi raos sakit ingkang edap-edapi.

“Kadang marmati” punika medal ngrumiyini jabang bayi saking badanipun ibu. Nyawiji kaliyan alam kadosdene maringi kabar dhateng alam badhe wontenipun manungsa enggal ingkang badhe lair. Pramila alam mapag kelairan kanthi remen. Bab punika sanget terang terwaca dipungambaraken ing pedhalang­an kanthi tumurunipun widadari saking kahyangan Ian mbekta toga sekar setaman kangge nyirami si jabang bayi sarta mawi sekar borehipun.

Brokohan

Umumipun mapag kelairan jabang bayi tiyang Jawi damel sesaji ubarampe manekawarni ing­kang dipun sebat Brokohan. Sesa­jen punika dipunwujudaken ing sesaji awujud kelapa sepalih, gula Jawa sepalih, cendhol/dhawet ing kendhil sarta tigan bebek mentah. Sedaya punika dipun wadhahi tam­pah kanthi lambaran ron pisang. Sesaji punika ugi dipun kantheni ayam dewasa sepasang ingkang dipun kurung ing kranji. Sedaya punika mujudaken pasemon utawi sanepan dumadining jabang bayi nalika saderengipun wonten ing kandhutan sarta nalika wonten ing kandhutan, ingkang Jawinipun campuhipun sukra kaliyan wanita. Kelapa sepalih punika lambang kama jaler, dene gendhis Jawi se­palih punika ugi lambang kama putri. Nalika kekalihipun pinanggih medal wiji gesang. Lajeng dipun­gantha kados dene dhawet. Miturut nalar nalurinipun leluhur, embrio­-embrio punika (rohipun) taksih wonten ing awang-uwung. Pramila dipunpralampitakaken tigan bebek ingkang warninipun biru. Siklusing manungsa ingkang taksih wonten ing kandhutan Illahi dereng bebas, pramila lajeng dipun gantha kados dene serakit ayam ing kurungan minangka lambang.


(Kapetik saking andharanipun: Ki Juru Bangun Jiwa)

Description: Sedulur Papat Kalima Pancer, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Sedulur Papat Kalima Pancer
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link