Astutijati


Para luhur sampun awing paring pangandikan ingkang ungelipun makaten: "Angurbaya naliti sabdane paniti sastra kang aweh sesuluh, tinimbang nglambrang dedawa wirang kang hamung antuk susuhing susah, sekaring rubeda". Langkung sae kersaa naliti seratanipun utawi sabda pangandikanipun para luhur ingkang cetha-cetha paring padhang, sesuluh ngengingi bab-bab gesang lan panggesangan, tinimbang namung ngulandara ingkang mboten wonten tegesipun, kepara malah namung pikantuk kasangsaran lan kerepotan. Saya malih menawi anggenipun ngulandara punika kebak dening pikajengan ala, tentu namung badhe nemahi piala.

Ukara punika dipunsambet rentengan ukara ingkang ungelipun ugi meh sami, inggih punika asung panjurung dhumateng gesang ingkang sae.

"Boya prayoga urip kang kalantur tanpa tutur, pramila enggal muliha nguwot wara kawireh, sarta reh prentahe turuten supaya uripmu bisa sareh, ati sumeleh."

Tegesipun, mboten sae bilih gesang punika nurut pikajenganipun piyambak, tanpa wewaton ingkang gumathok, sarta nilaraken pitutur luhur saking para leluhur. Pramila sumangga enggal gumregah wangsul malih wonten ing margining kasantosan kanthi naliti pitutur luhur ingkang dipun paringaken para leluhur. Kanthi maos malih pitutur luhur sarta ngetrapaken wonten ing gesang sarta pagesangan, handayani manah lajeng kraos tentrem, ati semeleh, lan sareh. Sejatosipun para leluhur sanityasa maringi wewarah luhur bilih manungsa gesang punika kedah sinau saking pengalaman sarta kawruhipun para leluhur ingkang sampun dipun gelar wonten ing serat-serat kandha. Namung kemawon pengalamanipun leluhur punika umumipun dipun sengker wonten satunggaling sarana ingkang kadhangkala radi angel dipunbedhah.

Wonten ing gesang lan panggesangan ingkang dumados ing masarakat kawuri, pitutur luhur punika dipunsingidaken wonten ing satunggaling tembung, kepara malah tembang. Karana tembang punika tembung mawa perlambang. Perlambang sasmitaning gesang, sing ngambang buwangen, dene kang truntum arum rumatana, kang cundhuk cumondhok candhinen ana sariranta. Kenging menapa kok para sepuh duk ing uni nyengker pangertosan utawi pitutur luhur wonten ing tembung-ukara utawi tembang. Karana supados mboten gampil dipuncecenges lan dipunsepelekaken dening tiyang kathah. Dene menawi tiyang kepengin sinau ugi kanthi semangat lan tekad ingkang kiyat. Ananging amargi lungiding sastra, menapa ingkang sinanggit lan sinandhi wonten ing tembang dados radi rekaos dipun tegesi. Karana tiyang sapunika kebanjur sengsem wonten lagu lan wiramanipun, malah tebih saking isi lan wosipun pangertosan pitutur luhur punika.

Kagem naliti wewarah ingkang dipunwarisaken dening para leluhur kemawon sampun awrat, kepara mboten keconggah. Kathah pitutur luhur ingkang siningidaken wonten ing maneka warna tradhisi, kadosta, tetedhan, sesaji, ing Bali dipunsebat bebanten. Menawi punika boten dipuntegesi, boten gantalan wekdal mesthi badhe sirna. Kamangka larasing gesang antawisipun manungsa, alam sarta Allahipun, punika mujudaken larasing gesang ingkang edi peni lan sanget ngedhap-edhapi.

Pasrawunganipun manungsa kaliyan Allahipun boten saged kawujud tanpa wontenipun pasrawunganipun manungsa kaliyan manungsa. Tresna lawan Gustinipun ugi saged ketingal saking tresnanipun manungsa dhumateng sesamining gesang. Semanten ugi tresnanipun manungsa dhateng sesaminipun kedah saged dados kaca benggala tumraping tresnanipun manungsa kaliyan jagad raya lan lingkunganipun.

Pramila para leluhur lajeng damel warisan ingkang wujud tradisi budaya ingkang sapunika taksih gesang. Brayat ageng masarakat kanyata kepranan lan kagigah kanthi nengenaken niyat luhur hamemayu hayuning bawana. Wontenipun sesaji lan sesekaran semanten ugi tetedhan sarta woh wohan asung pitedah bilih manungsa kedah saged nanem sekar ingkang ngambar arum, sarta saged nyawisaken woh-wohan ingkang seger lan maremaken. Taneman punika kedah dipunjagi saengga saged medal wohipun. Pralampita punika asung pitedah bilih manungsa gesang punika kedah saged aweh kabecikan dhateng sesamining gesang.
Kanthi lantaran sesaji ingkang kebak ing pralampita punika sajatosipun para leluhur nggatosaken sanget aspek gesang ingkang religius, sosial sarta kabudayan, ugi nggepok masalah ekonomi, lan lingkungan gesang. Pramila tata cara ingkang dados tradhisi warisan para leluhur punika sajatosipun wujud wosing kawruh saking manekawarni ilmu ingkang ginelar ing jagad raya punika. Namung kemawon manungsa sapunika radi wegah kangge ngulir budi ingkang langkung lebet.

Panci leres bilih donyaning sastra Jawi punika bobot lan kamot. Ukara-ukara ingkang endah, edi peni sinerat, lan kathah pitutur luhur ingkang sinengker ing sastra. Boten klentu menawi dipunwastani bilih basa Jawa punika basa rasa. Sedaya ingkang kawedal punika mujudaken osiking manah lan saged dipunmangertosi dening atining manungsa.


Wonten ing basa rasa punika saged dipun jingglengi kados pundi lebetipun sarta wiyaripun wawasaning gesangipun tiyang Jawi. Minangka conto: "Titah kudu kasdu anggeguru gelare lungid, luhure kawireh, kanggo ngranggeh nugraha".
Kawireh wonten ing mriki kasebat satunggaling pitutur kuna, ingkang dumados saking kempelipun kabudayan lajeng kawedharaken wonten ing reroncenging tembung saka tembang ingkang sinelip minangka 'basa sumbaga', basa ingkang mawa cahya.

Kadospundi mangertosi pitutur luhur punika, kajawi namung saged dipun raosaken sarta dipun lampahi wonten ing gesang padintenan. Menapa to sejatosipun ingkang dipunupadi dening manungsa punika, saged dipunwastani minangka sanepan "Kalamun wus wani lenggah ing urubing latu, ya kuwi kang bisa antuk kamulyan".

Panci aneh kanggenipun tiyang ingkang boten Jawi, amargi sedaya pitakenan tentu kajawab kanthi pitakenan ugi. Punika mujudaken kawicaksananing tiyang Jawi. Kados dene toya, latu wonten ing pangertosan Jawi asring dipunsenggolaken kaliyan rasa pangrasa. Pramila tiyang Jawi punika asring olah rasa.

Salajengipun menawi manungsa sampun wantun lenggah, tegesipun sampun kuwawi ngasoraken nafsu alu amahipun, lajeng meneb, tansah enget lan naliti gesangipun. Lajeng saged naliti tindak lan sikep ingkang kirang sae, kanthi: 'mulat ing tumindak lan tumitah', tegesipun wantun sinau naliti sifat Ian sikep manungsa gesang, pramila manungsa ingkang kados makaten punika saged pikantuk kabegjan. Kabegjanipun tiyang Jawi punika wonten ingkang kasebat kabegjan semu lan kabegjan ingkang sejatos.

Kabegjan semu umumipun dipunwujudaken wonten donya brana lan pangkat.
Dene kabegjan sejatos injih punika kasampurnan jati ingkang nggadhahi pangertosan bilih donya punika endah. Sinaosa wonten ingkang gagal lan wonten ingkang sukses, wonten seneng, wonten sisah, ananging sedaya punika kedah dipunronce kanthi ati sumeleh. Tumetesing kacuwan dadiya rerentenging kanugrahan.


Gesang kedah ngoyak kautaman. "Utama" wonten ing pangertosan Jawi dipunsebat ‘urip tata manungsa' gesang miturut paugeraning manungsa ingkang sae. Dados ingkang dados ancas tujuan pitutur kina punika saged adamel manahing manungsa muncar. Lajeng tindak lan sikepipun pantes tinulad lan tinuladha. Pramila kagem ngupados menapa ingkang dipun sebat astutijati, kedah dipun landhesi 'meneping ati-wengane Gusti'. Tegesipun manah ingkang meneb ngrantos rawuhipun Gusti Ingkang Maha Sae.


[ DL XXXIX - 21 ]

Description: Astutijati, Rating: 4.5, Reviewer: Jrink Hetfield, ItemReviewed: Astutijati
 
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link