Apa toh surasane tembung-tembung ing tembang sing kerep keprungu kanggo cakepan gerongan/sindhenan ing karawitan Jawa sing unine:
“Parabe Sang Marabangun,
sepat domba kali Oya,
aja dolan lan wong priya,
gung remeh nora prasaja,”
(lan sateruse)
Tembang sing kanggo cakepan mau klebu golongane tembang gedhe, kang nduweni wewaton sing beda karo tembang tengahan lan tembang macapat, antara liya: sapada (sakuplet) tembang gedhe sing diarani sapadeswara (sapada-iswara = sapada gedhe) isi patang larik. Saben salarik diarani sapada pala. Dadi satembang gedhe ana patang pada pala.
Cacahe wanda (suku kata) saben sapada-pala sajroning satembang mesthi padha, nanging ora mesthi padha tumrap tembang gedhe siji lan sijine. Cacahe wanda saben sapada-pala mau diarani: laku/lampah. Tembang gedhe laku 15, ateges saben sapada pala ana 15 wanda. Laku/lampah isih diperang maneh dadi pedhotan. Separone satembang gedhe (rong pada pala) diarani sapada dirga. Dadi, satembang gedhe (sapadeswara) ana rong pada dirga utawa patang pada pala. Tembang gedhe ora kaiket guru lagu (dhong-dhing, sukon-wulon).
Tembang gedhe diperang dadi patang golongan miturut cacahe wanda saben sapada pala (lampah). Salisir (lampah 1-10), Siliran/Siriran (lampah 11-20), Raketan (lampah 21-30), Dhendha (lampah 31 utawa luwih). Kanthi mangkono tembang kang kanggo cakepan gerongan/sindhenan kaya kang katur ing dhuwur mau, kang saben larik isi wolung wanda, klebu golongan Salisir. Tembang Salisir wujud wangsalan kang cacahe ana pitung padeswara isi pitutur kanggo priya lan wanita kasebut, tinemu ing buku Sendhon Langen Swara yasane KGPAA Mangkunagara IV.
Ing ngisor iki tembang-tembang kasebut kanthi katrangan sawatara:
Parabe Sang Smarabangun (Priyambada)
Sepat domba kali Oya (gerameh)
Aja dolan lan wong priya
Gung remeh nora prasaja.
Garwa Sang Sindura Prabu (Waitatambang)
Wicara mawa karana (tarka)
Aja dolan lan wanita
Tan nyata asring katarka.
Sembung langu munggwing gunung, (godhong segunggu)
Kunir wisma kembang rekta (puspa nyidra)
Aja nggugu ujarira
Wong lanang sok asring cidra.
Gentha geng kang munggweng panggung (jam)
Jawata pindha Harjuna, (Kamajaya)
Jaman mengko kawruhana
Wong wadon keh ngamandaka.
Kramane sawaleng kayun (padu)
Ayam kucung sabeng wana (merak)
Padune cuwa ing karsa
Wuwuse tan merak ing driya.
Burat pada (bobok) perkutut gung (derkuku)
Sujanma misaya mina (njala)
mbok iku den langgatana
Dhokohe kaya wong njala.
Gatrane kang kembang randhu (karuk)
Wogan alit tumbal wisma (akarbahar)
Kemaruk nekani karsa
Tan kena mengeng sedhela.
Sanajan ing dhuwur wis diaturake manawa tembang gedhe ora kaiket guru lagu, ing Salisir kasebut isih (kena bae) nggunakake guru lagu: u-a-a-a.
Tunggale maneh kaya riptane GPH Prabuwinata-Surakarta kang cuplikane kaya kang katur ing ngisor iki (mung dicuplik limang padeswara).
PRAtandhane ambeg sadu
nedya nggayuh kautaman
mardining tyas kang rinasa
rasa rasaning dumadya.
BUdi bebadaning kayun
yayah satu lan rimbagan
ginulang gelenging cipta
ancebe ingkang sinedya.
WInawas aywa kaliru
rubedane pri prayangan
angrencana sedyanira
murih wurunge lelakyan.
NArima awas lan emut
manteb mantheng mring Hyang Suksma
manungsa iku sanyata
tinitah luhur priyangga.
TAliti tetep tur teguh
guna lawan kasantikan
kajatmikan jroning nala
lambarana tapa brata.
Keterangan:
Angrencana (nggodha, ngganggu, ngreridhu), lelakyan (lelakon, sedya, gegayuhan), santika (wasis olah gegaman ing prang), kasantikan (kekuatan, kawasisan (olah gegaman), kajatmikan (kasusilan).